Prastawa apa kang tansah dienteni dening para wisatawan ing saben esuk ing gunung bromo

Loading Preview

Sorry, preview is currently unavailable. You can download the paper by clicking the button above.

You're Reading a Free Preview
Pages 7 to 12 are not shown in this preview.

You're Reading a Free Preview
Pages 16 to 19 are not shown in this preview.

You're Reading a Free Preview
Pages 23 to 25 are not shown in this preview.

You're Reading a Free Preview
Pages 29 to 48 are not shown in this preview.

You're Reading a Free Preview
Pages 55 to 56 are not shown in this preview.

You're Reading a Free Preview
Pages 60 to 62 are not shown in this preview.

You're Reading a Free Preview
Pages 66 to 75 are not shown in this preview.

You're Reading a Free Preview
Pages 83 to 89 are not shown in this preview.

You're Reading a Free Preview
Pages 96 to 106 are not shown in this preview.

You're Reading a Free Preview
Pages 110 to 111 are not shown in this preview.

You're Reading a Free Preview
Pages 115 to 121 are not shown in this preview.

You're Reading a Free Preview
Pages 129 to 141 are not shown in this preview.

You're Reading a Free Preview
Pages 146 to 148 are not shown in this preview.

Kirtya Basa VIIWULANGAN 1 PARIWISATAKompetensi Dasar Indikator1.1 Menghar gai dan mensyukuri 1.1.1 Berdoa sebelum memulai dan sesudah kegiatan belajar bahasa daerahkeberadaan bahasa daerahsebagai anugerah Tuhan YangMaha Esa untuk meningkatanpengetahuan dan keterampilanberbahasa daerah, serta untukmelestarikan danmengembangkan budaya daerahuntuk didayagunakan sebagaiupaya pembinaan danpengem ban gan ke bu dayaa nNasional1.2 Menghar gai dan mensyukuri 1.2.1 Menggunakan bahasa daerah sebagai keberadaan bahasa daerah sarana memahami informasi lisan sebagai anugerah Tuhan yang Maha Esa sebagai sarana memahami informasi lisan dan tulis.1.3 Menghar gai dan mensyukuri 1.3.1 Menggunakan bahasa daerah sebagai keberadaan bahasa daerah sarana menyajikan informasi lisan dan sebagai anugerah Tuhan Yang tulis Maha Esa sebagai sarana menyajikan informasi lisan dan 1.3.2 Menggunakan bahasa daerah sesuai tulis dengan tata krama2.2. Memiliki perilaku demokratis, 2. 2.1 Memiliki perilaku kreatif dalam kreatif, dan santun dalam berdebat tentang kasus atau berbahasa daerah. sudut pandang. 2.2.2 Memiliki perilaku demokratis. 2.2.3 Membiasakan perilaku santun dalam berbahasa.3.1Memahami teks hasil 3.1.1 Menjelaskan struktur teks tanggapanobservasi, tanggapan deskriptif, dan deskriptif secara lisan dan tulis eksposisi dalam bentuk informasi atau berita secara lisan dan tulis. 3.1.2 Menentukan ciri bahasa teks tanggapan deskriptif secara lisan dan tulis 3.1.3 Menyimpulkan isi teks tanggapan deskriptif secara lisan dan tulis4.1 Menelaah dan menyunting teks 4.1.1 Menelaah teks tanggapan deskriptif hasil observasi, tanggapan deskriptif, dan eksposisi dalam lisan dan tulis. bentuk informasi atau berita secara lisan dan tulis 4.1.2 Menyunting teks tanggapan deskriptif secara lisan dan tulis. 4.1.3 Membaca hasil suntingan teks tanggapan deskriptif.2 Kirtya Basa VIIMbabar Wawasan Lelagon kreasi anyar ing ngisor iki tembangna bebarengan! Pariwisata Anjajah desa milang kori Kalamangsane pariwisata Wruh endahe alam nuswantara Keh kang adiluhung Alas lan gunung-gunung Sawise nembangake lelagon kreasi anyar ing ndhuwur semaken gambar-gambar ing ngisor iki, sabanjure wangsulana pitakon-pitakon sing sumadiya.Gambar 1. Sendang Biru Gambar 2. Kawah IjenGambar 3. Tlaga Sarangan Gambar 4. Pulo Merah1. Papan panggonan apa sing katon ing gambar?2. Manggon ing ngendi objek wisata ing dhuwur?3. Apa sing kokweruhi bab pariwisata?4. Papan pariwisata ngendi wae sing wis kokweruhi, mligine ing Jawa Timur?5. Coba jelasna guna paedahe nindakake pariwisata!Kegiatan 1 Modhel Teks Tanggapan Dheskriptif Salah sijine papan pariwisata ing Jawa Timur sing oleh kawigaten gedhesaka masyarakat yaiku Gunung Bromo. Gunung Bromo kang manggon ing patangwilayah kabupaten, yaiku kabupaten Probolinggo, Lumajang, Malang lan Pasuruankasebut ora tau sepi pangunjung. Apa maneh ing sakiwa tengene Gunung Bromopanguripane para warga duwe ciri khas sing ora padha karo masyarakat ing papanliyane. Kaendahan lan tradisi ing Gunung Bromo bisa nambahi wawasan tumrapKirtya Basa VIIIndonesia sing pranyata sugih potensi alam kang bisa kanggo nambahikemakmurane bangsa.Tugas 1: Nyemak Teks Tanggapan Dheskriptif kanthi irah-irahan 1. Ing ngisor iki tuladha teks tanggapan dheskriptif ”Gunung Bromo”, wacanen kanthi permati!GUNUNG BROMO Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing Jawa Timur singbanget nengsemake tumrap para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka mancanegara. Gunung Bromo dumunung ing wilayah pamarentahan propinsi Jawa Timurkang dumadi saka patang wilayah, yaiku kabupaten Probolinggo, Pasuruan,Lumajang lan Malang. Dhuwure gunung Bromo yaiku 2.392 meter saka lumahesegara. Gunung Bromo minangka obyek wisata kang wis misuwur ing saindengingdonya didadekake icon wisata dening pamarentah Propinsi Jawa Timur. Gunung Bromo tansah dadi papan kang nyenengake, jalaran duwepemandhangan kang ora tinemu ing panggonan liya. Gunung Bromo kinupengansegara wedhi kang jembare kurang luwih 10 km persegi, misuwur anane sunrisesing saben-saben dienteni dening para wisatawan. Ing pucuke gunung Bromokaton kawah sing ajeg nyemburake geni lan kukus, nduweni dhiameter kurangluwih 800 meter yen diukur saka arah lor nganti sisih kidul, lan kurang luwih 600meter saka arah wetan nganti pinggire kawah sisih kulon. Ana papan singdianggep mbebayani tumrape pangunjung, yaiku papan radhius 4 kilometer sakakawah. Obyek wisata Gunung Bromo klebu wewengkon Taman Nasional BromoTengger Semeru. Tumuju menyang Gunung Bromo sing paling kepenakkawiwitan saka Penanjakan. Ing Penanjakan para wisatawan bisa ndeleng sunriseutawa prastawa mletheke srengenge sing sesawangane endah lan nengsemake.Sabanjure bisa nerusake laku menyang kawahe gunung, bisa mlaku bisa uganyewa jaran utawa jeep supaya ora kesel. Nalika ngliwati segara wedhi bisandeleng bangunan papan ibadahe suku Tengger sing nggilut agama Hindu.Bangunan kasebut diarani Pura Luhur Poten. (liburanbromomurah.com/wisata-gunung-bromo (15 okt 2014 kanthi owah-owahan sawetara)4 Kirtya Basa VIIBausastra : kondhangmisuwurnengsemake : nyenengakejembar : amba : pegakukusendah : apik : wilayahwewengkon : nganutnggilut 2. Kanggo mangerteni isine wacan, wangsulana pitakon ing ngisor iki! a. Ing ngendi papan dununge Gunung Bromo? b. Prastawa mletheke srengenge diarani apa? c. Papan ngendi sing dianggep mbebayani tumrap pangunjung Gunung Bromo? d. Terangna sing urut, yen menyang Gunung Bromo sing kepenak kawiwitan saka ngendi? e. Apa wae sing nengsemake ing Gunung Bromo?Pepeling: Teks tanggapan dheskriptif yaiku teks sing isine nggambarake obyek kanthigamblang lan rinci Tujuan paragraf ing teks tanggapan dheskriptif yaiku kanggo njlentrehake,nerangake sawenehe obyek marang sing maca saengga wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake, ngrungokake, ndeleng utawa ngalami tumrap apa sing wisdidheskripsekake dening penulise. Tanggapan dheskriptif yaiku kesan tumrap apa sing wis dideleng, dirungumarang (tumrap) obyek tartamtu, lan nalika maca kaya-kaya weruh lanngrasakake obyek sing diwaca. Ciri-ciri teks tanggapan dheskriptif: 1. Nggambarake panggonan, wong, barang, kahanan nganggo pancadriya 2. Tujuane supaya wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake utawa ndeleng dhewe marang obyek sing didheskripsekne 3. Ciri-cirine obyek diterangake kanthi gamblang lan rinci.Tugas 2: Nyemak Struktur Teks Tanggapan Dheskriptif 1. Wacanen sepisan maneh teks ”Gunung Bromo” ing ndhuwur. Sawise maca teks tanggapan dheskriptif bakal tinemu perangan teks kang dumadi saka idhentifikasi, klasifikasi/dhefinisi lan dheskripsi bagean.Kirtya Basa VIIa. Idhentifikasi yaiku perangan utawa bagean sing nerangake titikan (ciri), barang, tandha lan sapanunggalane.b. Klasifikasi/dhefinisi yaiku perangan sing mantha-mantha manut jinis utawa klompokec. Dheskripsi bagean yaiku perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci. Struktur Teks Tanggapan DheskriptifIdhentifikasi Klasifikasi/dhefinis i Dheskripsi Bagean2. Wacanen maneh teks ”Gunung Bromo”, sabanjure ukara ing ngisor iki pilahen manut struktur teks tanggapan dheskriptif!Struktur teks UkaraIdhentifikasi a. Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ingKlasifikasi/ Jawa Timur sing banget nengsemake tumrap paraDhefinisi wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca negara.Dheskripsi b. ....................................................................................bagean .................................................................................... . .............................................................................. a. Gunung Bromo kinupengan segara wedhi kang jembare kurang luwih 10 km persegi, misuwur anane sunrise sing saben-saben dienteni dening para wisatawan. b. ................................................................................... ................................................................................... ............................................................................... c. ................................................................................... ................................................................................... ................................................................................ a. Obyek wisata Gunung Bromo klebu wewengkon Taman Nasional Bromo Tengger Semeru. b. .................................................................................... .................................................................................... ................................................................................ c. .................................................................................... .................................................................................... ................................................................................6 Kirtya Basa VIITugas 3: Nyemak Unsur Basa Teks Tanggapan Dheskriptif 1. Andharan ing ngisor iki semaken! a. Swara Jejeg lan Swara Miring ”Gunung Bromo kinupengan segara wedhi kang jembare kurang luwih 10 km persegi” Ing ukara dhuwur tembung-tembunge ngemot swara jejeg lan swara miring. Tuladha: gunung [gunUng]. Swara /u/ ing wanda [gu] swarane jejeg, dene /u/ ing wanda [nUng] swarane miring. Pepeling Swara jejeg uga diarani swara sampurna. Swara iki durung owah saka asale. Swara /a/ jejeg tuladhane kaya ing tembung mata, wana, rasa, lan liya-liyane. Swara /a/ miring iku manawa lafale padha karo tembung wani, garu, sate, wedang, nanas, lan sapanunggalane. Swara /i/ bakal diarani swara jejeg manawa lafale dadi /i/ kaya ing tembung bali, sasi, wisata, wanita, pitulung, lan sapanunggalane. Swara /i/ bakal diarani swara miring manawa lafale kaya ing tembung bathik, nangis, guling, tertib, lan sapanunggalane.Kanggo mangerteni swara jejeg lan swara miring jingglengana tabel ingngisor iki:Swara (vokal) Jejeg Miring a widada dumadi i tumata palupi lara dadi u wadi manis e wirama guling e pepet gati jarit o lunga sarung madu marmut palupi alus sate golek wedang mewek suwe kopen sega, sepet, lega, lepet, merem, lan sapanunggalane soto bolong loro dados obat KlobotKirtya Basa VIIb. Jinise Tembung Sawise njingglengi teks tanggapan dheskriptif ”Gunung Bromo” tinemu panganggone tembung aran, tembung kahanan, tembung panggandheng, lan jinis tembung liyane. T uladha: ”Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing Jawa Timur sing banget nengsemake tumrap para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca negara” Kanggo nyinaoni teks tanggapan dheskriptif uga kudu nyinaoni jinising tembung basa Jawa. Jinise tembung ing basa Jawa kaperang dadi 10, yaiku: 1) Tembung Aran (Kata Benda) Tembung aran yaiku tembung sing nerangake sakabehe jenenge barang utawa sing dianggep barang. Tembung aran diperang dadi loro, yaiku: a) Tembung aran sing kasat mata Tuladha: gunung, jaran, jeep, pura, omah, dalan, segara, wedhi, lan sapanunggalane. b) Tembung aran sing ora kasat mata Tuladha: pemandhangan, kabudayan, pariwisata, lan sapanunggalane 2) Tembung Kriya (Kata Kerja) Tembung kriya yaiku tembung sing nerangake pagawean. Tuladha: lunga, dolan, tuku, turu, nulis, numpak, nggawa, mangan, njaluk, nggambarake, nerangake, lan sapanunggalane. 3) Tembung Kahanan (Kata Sifat) Tembung kahanan yaiku tembung sing nerangake watak, sipat, lan kahanane samubarang. Tuladha: adoh, cedhak, ayu, panas, sugih, kepenak, sengsara, luwe, panas, nengsemake, lan sapanunggalane. 4) Tembung Katrangan (Kata Keterangan) Tembung katrangan yaiku tembung sing nerangake tembung aran, tembung kriya, lan tembung kahanan. Tuladha: saiki, sesuk, awan, bengi, minggu ngarep, lan sapanunggalane. 5) Tembung Wilangan (Kata Bilangan) Tembung wilangan yaiku tembung sing nerangake cacahe utawa jumlahe barang lan pepangkatan.8 Kirtya Basa VIITuladha: siji, loro, telu, sepuluh, selawe, seket, satus, sewu, sasendhok, sethithik, akeh, kabeh, pirang-pirang, separo, seprapat, sakjam, ka-2, lan sapanunggalane.6) Tembung Sesulih (Kata Ganti) Tembung sesulih yaiku tembung sing dadi sesulih utawa gantine wong, kewan, barang utawa sing dianggep barang. Tuladha: aku, kowe, dheweke, iki, kuwi, kae, lan sapanunggalane.7) Tembung Ancer-Ancer (Kata Depan) Tembung ancer-ancer yaiku tembung sing dienggo nyambung tembung kriya karo panggonan. Tuladha: ing, saka, menyang, lan sapanunggalane.8) Tembung Panggandheng (Kata Sambung) Tembung panggandheng yaiku tembung sing dienggo nggandheng gagasan loro utawa luwih. Tuladha: nalika, karo, lan, banjur, mula, yen, manawa, sebab, lan sapanunggalane.9) Tembung Panyilah (Kata Sandang) Tembung panyilah yaiku tembung sing dienggo menehi sesilah utawa sandhangane tembung aran sing wis genah. Tuladha: sang, si, para, lan sapanunggalane.10) Tembung Panguwuh (Kata Seru) Tembung panguwuh yaiku tembung sing nerangake rasa pangrasa. Tuladha: ah!, adhuh!, oh!, hore!, ya ampun...!, lho!, haa!, lan sapanunggalane.2. Ukara-ukara ing ngisor iki udhalen manut jinising tembung! T uladha: Gunung Bromo misuwur ing saindenging donya. gunung bromo : tembung aran misuwur : tembung kahanan ing : tembung ancer-ancer saindenging : tembung wilangan donya : tembung arana) Budi budhal menyang gunung Bromo liwat Probolinggo.b) Gunung Bromo dikupengi segara wedhi.c) Hawa ing pagunungan kuwi adhem.Kirtya Basa VIId) Bocah-bocah seneng ndeleng kaendahan alam. e) Aku lan adhiku nyuwun oleh-oleh. 3. Sawise nyinaoni babagan jinise tembung basa Jawa, wacanen maneh teks ”Gunung Bromo”. Tindakna pakaryan ngisor iki! a) Tulisen sing kalebu jinise tembung aran 5 bae! b) Tulisen sing kalebu jinise tembung panggandheng 5 bae! c) Tulisen sing kalebu tembung kahanan 5 bae ! d) Tulisen sing kalebu tembung kriya 5 bae! c. Unggah-Ungguh Basa Basa ngoko kaperang dadi loro, yaiku: 1. Basa Ngoko Lugu Basa ngoko lugu yaiku ukara sing dumadi saka susunan tembung ngoko kabeh. T uladha: a) Para wisatawan seneng lunga menyang gunung Bromo. b) Aku numpak sepedhah. c) Winarno ngombe wedang jahe. d) Kancaku wis teka kabeh. e) Bocah-bocah padha mangan rujak legi. Basa ngoko lugu kuwi kanggone ana ing pasrawungan kang kahanane raket banget, kayata: a) Pacelathon ing antarane sapepadhane. b) Pacelathon karo wong sing drajate luwih endhek/asor. c) Pacelathon wong tuwa marang bocah. Gawea ukara nganggo basa ngoko lugu kanthi migunakake tembung- tembung ing ngisor iki! 1) tuku 2) lunga 3) akeh 4) apik 5) pinter 2. Basa Ngoko Alus utawa Andhap Basa ngoko alus yaiku basa sing migunakake tembung-tembung ngoko kacampuran tembung krama inggil. Tembung-tembung sing kudu nggunakake krama inggil yaiku tembung-tembung kang ana sambung- rapete karo wong sing dikurmati utawa diajeni. T uladha:10 Kirtya Basa VIIa) Aku ditimbali bapak arep diutus resik-resik latar. b) Bapak tindak menyang Malang nitih sepur. c) Pak Lurah ora sida rawuh ing kampungku. d) Bu Dartik mundhut gula rong kilo. e) Dhek wingi Rini didukani ibune jalaran mulihe telat. Panganggone basa ngoko alus ing pasrawungan, yaiku: a) Wong tuwa marang wong enom kang perlu diajeni. b) Wong enom marang wong luwih tuwa sing wis raket. c) Ngajeni wong sing digunem. Gawea ukara nganggo basa ngoko alus kanthi migunakake tembung- tembung ing ngisor iki! 1) tindak 2) maos 3) mundhut 4) ngaturi 5) ngendikaTugas 4: Nyimpulake Isine WacanMaca teks tanggapan dheskriptif kanthi premati kowe bakal mangerti apa isinewacan. Gatekna pituduh ing ngisor iki kanggo nyimpulake isine wacan. 1. Wacanen teks ”Gunung Bromo” kanthi premati 2. Tulisen ukara baku ing saben pada (Paragraf) 3. Roncenen ukara-ukara baku supaya dadi sapada. 4. Gawea dudutan (kesimpulan) teks ”Gunung Bromo” manut pituduh ing dhuwur!Kegiatan 2 Nulis Teks Tanggapan Dheskriptif kanthi KlompokIng pasinaon iki para siswa bakal sinau bebarengan sajroning klompok.Gawea klompok, saben klompok anggotane 4 - 5 siswaTugas 1: Nintingi Teks Tanggapan Dheskriptif 1. Teks tanggapan dheskriptif sing irah-irahane ”Tlaga Sarangan” ing ngisor iki durung urut. Coba ukara-ukara ing kolom ngisor iki tintingana, sabanjure wenehana nomer saengga bisa dadi teks tanggapan dheskriptif sing urut, kanthi migatekake struktur teks kang kedadean saka idhentifikasi, klasifikasi/dhefinisi lan dheskripsi bagean. Saben klompok macakake asile dhiskusi ing sangarepe kanca-kancane.Kirtya Basa VIITLAGA SARANGAN Nomer Ukara.......... Tlaga Sarangan dununge ing sakulone kutha Magetan, kurang luwih.......... adohe 16 km........... Ing sakiwa tengene tlaga akeh sumadya papan panginepan. Tlaga Sarangan yaiku tlaga alami sing manggon ana ing sikile Gunung.......... Lawu, Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan, Provinsi Jawa Timur........... Ing sakiwa tengene Tlaga Sarangan akeh restoran, warung, lan panganan sing diiderake dening para bakul........... Kepingin ngubengi tlaga wis dicepaki sarana transportasi kang arupa.......... jaran, prau motor, lan becak air........... Kabeh siap ngajak para pengunjung ngubengi tlaga! Magetan duwe potensi indhustri kecil sing wis misuwur........... Pengunjung ora perlu kuwatir keluwen..................... Pengunjung obyek wisata Tlaga Sarangan saben taun cacahe bisa nganti ewon............ Tlaga Sarangan uga diarani Tlaga Pasir. Tlaga Sarangan minangka obyek wisata andelane Kabupaten Magetan..................... Fasilitas liyane kayata: kios souvenir, prau, restoran, warung, telpun.......... umum, papan ibadah, lan liya-liyane............ Tlaga iki ambane kurang luwih 30 hektar, jerone 28 meter, dene suhu rata-rata antarane 18 – 25 derajat celcius........... Para pangunjung bisa ngenggar-enggar ati sasuwene liburan. Ing warung akeh pilihan menu. Panganan khas ing tlaga Sarangan yaiku sate truwelu (kelinci). Prodhuk indhustri kecil wujud kerajinan sing bisa kanggo souvenir, kayata: anyaman saka pring, kerajinan sepatu kerajinan kulit lan prodhuk panganan ana emping mlinjo, lempeng, jrangking lan carang mas.Tugas 2: Nyunting Teks Tanggapan DheskriptifNyunting teks yaiku mbenerake panulisan kang kleru lelandhesan wewaton.Carane nyunting teks: 1. Njingglengi teks lan nggoleki panulisan sing kleru, bisa jeneng, panggonan, gelar, ejaan, lan tandha panulisan. 2. Mbenerake panulisan kang kleru lelandhesan wewaton.Teks ”Pesisir Pulo Merah” ngisor iki wacanen kang titi! Ing teks tinemu tembung-tembung, ejaan lan tandha panulisan sing kleru. Panulise teks kang kleru kasebutgolekana, sabanjure benerna!12 Kirtya Basa VIIPESISIR PULO MERAH Pesisir Pulo Merah kang uga diarani Red Island kuwi minangka salah sijineobyek wisata sing kawentar ing kabupaten banyuwangi. Pesisir Pulo Merah saikidhadhi primadhona wisata ing Banyuwangi. Panggonane ana ing desaSumberagung, kecamatan pasanggaran kabupaten Banyuwangi. Pesisir Pulo Merah, yaiku jeneng sing pas kanggo ngarani pesisir singmanggon ing desa Sumberagung kasebot. Di arani pesisir Pulo Merah jalaranwedhi ing sadhawane pesisir rupane semu abang. Saka pesiser nyawangmangidhul katon pulo-pulo seng apik banget. Ing mangsa ketiga pulo-pulo mauyen kena sunare srengenge mantulake cahya warna semu abang, jan nengsemakebanget. Apa maneh sesawangan mau didheleng nalika ngancik sore, wayahsrengenge meh angslup. Obyek wisata pesisir Pulo Merah pancen nengsemake. Akeh papan singbisa kanggo seneng-seneng. Para wisatawan bisa ndheleng endahe pesisir singresik. Ing kono uga ana event taunan sing rame banget, yaiku selancar. Pengenmundhut oleh-oleh ya ana, panganan khas banyuwangi lan produk-produkunggulan liyane wis sumadiya ing kios-kios. Mula ora aneh yen pesisir Pulo Merahdadi obyek wisata primadhona ing Banyuwangi. Panulisan sing Kleru Panulisan sing Bener1. dhadhi 1. dadi2. ............................... 2. ..................................3. ............................... 3. ..................................4. ............................... 4. ..................................5. ............................... 5. ..................................6. ............................... 6. ..................................7. ............................... 7. ..................................8. ............................... 8. ..................................9. ............................... 9. ..................................10............................... 10. .................................Tugas 3 Nulis Teks Tanggapan Dheskriptif1. Jingglengana teks ”Tlaga Sarangan” kanthi premati.2. Karo klompokmu tulisen maneh teks ”Tlaga Sarangan” kanthi urutan: a. Idhentifikasi b. Klasifikasi/dhefinisic. Dheskripsi bageanStruktur Teks DheskripsiIdhentifikasi ..................................................................................... .....................................................................................Kirtya Basa VIIKlasifikasi/dhefinis i .....................................................................................Dheskripsi bagean ..................................................................................... ................................................................. .................... .....................................................................................Kegiatan 3 Nulis Teks Tanggapan Dheskriptif Kanthi Mandhiri Ing kegiatan pasinaon iki para siswa bakal sinau nulis teks tanggapandheskriptif kanthi cara mandhiri. Nalika nulis teks tanggapan dheskriptif milihatema Pariwisata.Tugas 1: Idhentifikasi Teks Tanggapan DheskriptifKanggo nyusun teks tanggapan dheskriptif tindakna langkah-langkah ing ngisoriki: 1. Goleka dhata lan informasi salah siji obyek wisata sing kokweruhi. 2. Idhentifikasinen obyek wisata sing wis kokpilih. 3. Gawea klasifikasi utawa dhefinisi sing gegayutan karo obyek wisata. 4. Deskripsekna bagean-bagean obyek wisata kanthi rinci lan gamblang.Tugas 2: Nulis Teks Tanggapan DheskriptifSawise dhata lan informasi sawijining objek wis jangkep, nulisa teks tanggapandheskriptif sing prasaja wae. Sajrone nulis teks tanggapan dheskriptif,jingglengana maneh kanthi permati struktur teks tanggapan dheskriptif kangkadadean saka: 1. Idhentifikasi 2. Klasifikasi / dhefinisi 3. Dheskripsi bagean Pepeling Kerep tinemu teks nganggo basa Jawa kang panulisane kleru. Tuladhane tembung /lara/ ditulis /loro/, /cara/ ditulis /coro/, lan sapanunggalane. Klerune panulisan mau bisa nuwuhake tegese tembung lan ukara kang beda. Mula saka iku, nalika nulis gatekna pamilihe tembung sing trep lan gunakna ejaan sing bener. Panganggone swara jejeg lan swara miring perlu oleh kawigaten mirunggan. Aja kleru panulise. Ayo dikulinakake nyambutgawe sing tliti, temen, lan kebak tanggungJawab. Cocog karo unine sesanti ”Sing tlaten bakal panen, sing temen bakal tinemu”Tugas 3 Maca Teks Tanggapan Dheskriptif14 Kirtya Basa VIIAsil tulisanmu wacanen neng ngarepe kanca-kancamu!Kirtya Basa VIIUji Kompetensi Wulangan 1A. Teks ing ngisor iki wacanen sing premati, sabanjure wangsulana pitakon-pitakon kanthi milih wangsulan sing paling bener! SENDANG BIRU Sendang Biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan Sumbermanjing. Manggone ing sakidule kutha Malang kang adohe kurang luwih 30 kilo meter. Pesisir Sendang Biru minangka obyek wisata sing endah lan bisa narik kawigaten marang sapa wae sing teka menyang Sendang Biru. Jalarane pesisire resik, wedhine katon putih, lan yen nyawang mangidul katon njenggerenge Pulo Sempu. Saka Pesisir Sendang Biru bisa nyabrang menyang Pulo Sempu. Anane Pulo Sempu ombak ing Pesisir Sendang Biru ora gedhe. Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata. Diarani Sendang Biru kuwi ana sejarahe. Ing pesisir ana sawenehing sumber kang banyune wernane biru. Tembung sumber bisa uga ateges sendhang, mula banjur diarani Pesisir Sendang Biru. Pesisir Sendang Biru ing dinane iki dikelola dening perusahaan negara aran Forestay. Ing kana fasilitas wis sumadiya, ing antarane yaiku panginepan, guess house, omah jaga, lan prau sewan. Para pangunjung yen kepengin menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum, yaiku mikrolet jurusan Gadang – Turen – Sendang Biru. (Sumber: //www.eastjava.com kanthi owah-owahan sethithik)1. Pesisir Sendang Biru kuwi salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang. Tembung wewengkon tegese .... a. bagean b. panggonan c. wilayah d. dunung2. Isine paragraf siji yaiku .... a. Pesisir Sendang Biru b. Panggonane Pesisir Sendang Biru c. Pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang16 Kirtya Basa VIId. Jarak Pesisir Sendang Biru saka Malang 3. Diarani Pesisir Sendang Biru jalaran .... a. wernane banyu segara katon biru b. pemandhangane katon biru c. ana sumber sing banyune biru d. wedhine katon biru 4. Fasilitas sing sumadiya ing Sendang Biru yaiku kaya ing ngisor iki, kajaba .... a. prau sewan b. panginepan c. travel d. omah jaga 5. Ukara sing klebu bagean idhentifikasi yaiku .... a. Ing Sendang biru sumadiya fasilitas, ing antarane yaiku panginepan, guess house, omah jaga, lan prau sewan. b. Para pangunjung yen kepengin menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum. c. Sendang Biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan Sumbermanjing. d. Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata. 6. Papan panggonan sing .... obyek wisata mesthi duwe sesawangan sing apik. Tembung sing cocog kanggo nggenepi ukara ing dhuwur yaiku .... a. ndadekake b. didadeni c. didadekake d. ndadeni 7. Sing klebu tuladhane tembung panggandheng yaiku .... a. apa, pira, kaya b. apik, resik, padhang c. karo, nalika, lan d. loro, akeh, sepuluh 8. Panulise tembung ing ukara ngisor iki bener, kajaba .... a. Adhiku duwe pitik kate cacah limo. b. Wayah sore akeh kalong mabur golek pangan. c. Ajining dhiri dumunung ana ing lathi. d. Para kadang tani sengkud tandang gawe ing sawah. 9. Panganggone basa ngoko alus sing bener, yaiku .... a. Bapak gadhah sawah pirang-pirang hektar. b. Pak Marto ora weruh yen ana tamu.Kirtya Basa VIIc. Siti tumbas sekul tigang bungkus. d. Bu Prapti dhek wingi mundhut beras limang kilo. 10. Tuladha tembung sing nganggo swara [i] miring yaiku .... a. wajik, sapi, ublik, petis b. siji, sawi, klambi, mati c. lading, kalis, arit, alis d. wiwitan, dhuwite, adhine B. Tindakna pakaryan ing ngisor iki ! 1. Tulisen sing kalebu tembung aran ing teks “Sendang Biru” paling sethithik 5 tembung! 2. Gawea ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki! a. supaya b. apik c. lima d. nyiram 3. Ukara-ukara iki owahana dadi basa ngoko alus! a. Pak Mujo lunga menyang Solo numpak sepur. b. Bu Marjuki mulih saka kantor mampir pasar. 4. Udhalen manut jinise tembung! a. Dhek wingi Banu tuku layangan loro. b. Parman ora mlebu sekolah jalaran lara. 5. Pethikan teks ngisor iki suntingen, sabanjure benerna! “Anggrek kuwi jinese werno-werno. jines catelya, dendrobium lan phalaenopsis. Kembange ana sing puteh, kuning, abang, wungu. Wujude ana seng gede ana sing cilek”18 Kirtya Basa VIIWULANGAN 2 KEPAHLAWANAN Kompetensi Dasar 1.1.1 Indikator 1.1.21.1 Menghargai dan mensyukuri Berdoa sebelum memulai dan sesudah keberadaan bahasa daerah kegiatan belajar bahasa daerah. sebagai anugerah Tuhan Yang Menggunakan bahasa daerah dalam Maha Esa untuk meningkatan berkomunikasi informal pengetahuan dan keterampilan berbahasa daerah, serta untuk 1.3.1 Menggunakan bahasa daerah sebagai melestarikan dan sarana menyajikan informasi lisan dan mengembangkan budaya daerah tulis sesuai dengan tata krama untuk didayagunakan sebagai upaya pembinaan dan 2.3.1 Kreatif dalam menceritakan profil pengembangan kebudayaan tokoh nasional /pahlawan dengan Nasional bahasa yang santun,.1.3 Menghargai dan mensyukuri 2.3.2 TanggungJawab atas kreativitasnya keberadaan bahasa daerah sebagai dalam menceritakan profil tokoh anugerah Tuhan yang Maha Esa nasional/ pahlawan. sebagai sarana menyajikan 3.2.1 Menjelaskan struktur teks profil tokoh. informasi lisan dan tulis 3.2.2 Mengidentifikasikan unsur kebahasaan2.3 Memiliki perlaku kreatif, teks profil tokoh. tanggung Jawab, dan santun 3.2 3 Menyimpulkan isi teks profil tokoh dalam mendebatkan sudut pandang tertentu tentang suatu 4.2.1 Menuliskan teks profil tokoh dengan masalah yang terjadi pada menggunakan bahasa yang sesuai masyarakatdengan menggunakan kaidah. berbagai ragam bahasa 4.2.2 Membaca teks profil tokoh yang telah3.2 Memahami struktur teks, dan ditulis. unsur kebahasaan dari teks lisan dan tulis untuk menceritakan 4.2.3 Menceritakan profil tokoh dengan pengalaman pribadi, profil tokoh , menggunakan tata krama. kegiatan, atau prastawa4.2 Menceritakan pengalaman pribadi, profil tokoh, kegiatan, atau prastawa dengan menggunakan tata kramaKirtya Basa VIIMbabar WawasanTeks geguritan ing ngisor iki wacanen! KI HAJAR DEWANTARA dening: Poerwanto Panjenengane gumuyu Yen para siswa sregep sinau Saben dina bukak buku Awan bengi ngudi ilmu Penjenengane mesem Yen para siswa gelem Golek pinter sangu bebener Wani luwe kendel kesel Panjenengane duka Yen ana siswa murang tata Nyingkir marang budaya Lirwa ing tata krama Ki Hajar pancen panutan utama Asring paring tuladha Aweh pangarsa Lan panyengkuyung karsa //agussiswoyo.net/seni-sastra-budaya Kanthi njingglengi geguritan sing irah-irahane ”Ki Hajar Dewantara” bisakogambarake kepriye kapribaden lan semangate Ki Hajar Dewantara nalika mbudidaya amrih Indonesia bisa uwal saka cengkeremane penjajah. Supaya bisa nggambarake kepriye tokoh sing ana ing geguritan, cobawangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1. Sapa sing tansah gumuyu yen pirsa murid sregep sinau? 2. Apa sing nyebabake Ki Hajar Dewantara dadi duka? 3. Miturut pamawasmu, Ki Hajar Dewantara iku tokoh babagan apa? 4. Sebutna sesanti sing diwulangake Ki Hajar Dewantara! 5. Piwulang apa sing bisa kapethik saka isine geguritan ing dhuwur? Ing wulangan iki arep disinaoni babagan profil tokoh nasional sing duweandhil gedhe tumrap bangsa lan negara kita kang kinasih, yaiku Indonesia. Kanthinyinau profil tokoh iki, diajab bisa nuwuhake rasa syukur, nasionalisme, lanngajeni marang lelabuhane para pahlawan.20 Kirtya Basa VIIKegiatan 1 Modhel Teks Profil Tokoh Teks profil tokoh uga diarani teks biografi. Teks kasebut klebu jinise teksnaratif. Teks profil tokoh utawa teks biografi nggambarake tokoh lan prastawaapa wae sing tau dialami dening tokoh kasebut. Kanggo nggampangakemangerteni isine teks profil tokoh utawa biografi ana bab-bab sing kududijingglengi, yaiku (1) irah-irahan/ judhul, (2) babagan sing narik kawigaten singtau dialami dening tokoh, (3) tindak-tanduk, gagasan sing bisa dituladha.Tugas 1: Nyemak Teks Profil Tokoh Raden Ajeng Kartini klebu salah sijine tokoh pergerakan nasional,lelabuhane pantes diapresiasi lan dituladhani dening para generasi mudha,mligine para wanita. Apa sing nate ditindakake Raden Ajeng Kartini bisa dadiinspirasine para wanita ing bumi nuswantara.1. Ing ngisor iki tuladha teks profil tokoh ”Raden Ajeng Kartini”, wacanen kanthi permati! RADEN AJENG KARTINI Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara, Jawa Tengah. Panjenengane isih klebu golongan kaum bangsawan, jalaran Raden Ajeng Kartini putrane bupati Jepara kang asma Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat lan ibune asma M.A Ngasirah. Raden Ajeng Kartini kuwi putra pambarep, kagungan adhi loro yaiku RadenAjeng Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini. Raden Ajeng Kartini sekolah ana ing ELS (Europese Lagere School). Ingpasinaon piyambake klebu murid sing sregep. Sasuwene sinau ing ELS uganyinaoni basa Walanda, mula Raden Ajeng Kartini bisa nguwasani basa Walandakanthi becik. Nanging emane, sawise umur 12 taun Kartini kudu ninggalakepamulangan, jalaran kudu dipingit. Raden Ajeng Kartini nelangsa banget. Arepnulak ora wani, piyambake wedi diarani ora ngerti adat. Kabeh mau dilakonikanthi susahing ati. Kanggo nglipur ati, Kartini nglumpukake buku-buku pelajaranlan buku pengetahuan umum kanggo wacan nalika dina-dinane krasa sepi. Sabendina pegaweane maca lan maca kanthi dikancani abdi kinasihe. Maca malih dadi hobi. Ora mung buku wae sing diwaca, nanging suratkabar uga diwaca. Menawa ana bab-bab sing ora dingerteni Kartini nyuwun pirsamarang Ramane. Amarga sregep maca wawasane tambah akeh. Kartini ngerti yenpara wanita Eropa kuwi wis maju, pikirane maju, lan wawasane jembar. RadenAjeng Kartini nduweni pepinginan amrih wanita Indonesia uga maju, ora mungKirtya Basa VIIdadi kanca wingking wae. Raden Ajeng Kartini nglumpukake kanca-kancanekanggo diwulang nulis lan maca. Ing sela-selane wektu kuwi Kartini asring nulislayang kanggo kanca-kancane sing ana ing negara Walanda. Panjenengane uganulis surat kagem Mr.J.H Abendanon supaya diparingi beasiswa kanggo sekolahmenyang Walanda. Raden Ajeng Kartini klakon oleh beasiswa, nanging emane ora dilakoni,jalaran ing wektu iku uga Kartini kudu manut wong tuwane dinikahake karo BupatiRembang kang sesilih Raden Adipati Joyodiningrat. Sawise krama Panjenenganekudu ndherek kakunge menyang Rembang. Ing Rembang Raden Ajeng Kartiningedegake sekolah wanita kang disengkuyung dening garwane. Tanggal 13 September 1904 Raden Ajeng Kartini mbabarake putra kakungsing diparingi jeneng Soesalit Djoyoadiningrat. Tanggal 17 September 1904 RadenAjeng Kartini seda ing yuswa 25 taun. Ndeleng semangate Raden Ajeng Kartini,taun 1912 ing Semarang didegake Sekolah Wanita dening Yayasan Kartini singdipimpin dening kulawarga Van Deventer. Banjur kasusul ing Surabaya, Madiun,Cirebon lan daerah-daerah liyane. Sasedane Raden Ajeng Kartini, Mr. J.HAbendanon nglumpukake surat-surat sing tau dikirimake RA Kartini marang kanca-kancane sing ana ing Eropa lan didadekake buku. Buku kasebut diwenehi irah-irahan ”Door Duisternis Tot Light” sing tegese ”Habis Gelap Terbitlah Terang”. Para wanita Indonesia wis padha maju, pendhidhikane akeh sing dhuwur,pegaweane bisa sajajar karo para priya. Kabeh mau ora liya amarga kena dayasemangate Raden Ajeng Kartini. Ide-ide , gegayuhan, lan semangate Raden AjengKartini didadekake inspirasi, dituladha dening para wanita Indonesia supaya dadiwong pinter, pinunjul, nanging ora ninggalake kodrat kadidene wanita. (Sumber: www.kolom.biografi.blogspot.com/16 okt 2014 Kanthi sawetara owah-owahan)Bausastra = lair miyos = jeneng asma = batur abdi = disengker dipingit = owel eman = amba jembar = duwe kagungan = rabi palakrama = duwe kaluwihan pinunjul = anak putra = mati seda22 Kirtya Basa VII2. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! a. Kapan Raden Ajeng Kartini miyos? b. Ing kutha ngendi Raden Ajeng Kartini miyos? c. Sapa asmane ramane Raden Ajeng Kartini? d. Geneya Kartini kok ora nerusake sekolahe? e. Apa sing ditindakake Raden Ajeng Kartini ing mangsa pingitan? f. Sawise maca teks ”Raden Ajeng Kartini”, patuladhan apa sing bisa kojupuk? g. Apa bedane adat pakulinan wanita jaman biyen karo jaman saiki?Tugas 2 Nyemak Struktur Teks Profil Tokoh 1. Semaken andharan ing ngisor iki! Sawise maca teks ”Raden Ajeng Kartini” bisa dideleng manawa ing teks ana bagean-bagean sing isine ngenalake tokoh, ana sing nggambarake prastawa sing dialami tokoh lan panutup sing isine cathetane panulis marang tokoh. Struktur teks profil tokoh utawa biografi kaya kaandharake ing ngisor iki: Struktur Teks Profil Tokoh Orientasi Prastawa Reorientasia. Orientasi yaiku yaiku bagean teks sing isine ngenalake tokoh, umumengandharake jeneng, papan kelairan, lan kulawargane.b. Prastawa yaiku bagean sing ngandharake kahanan, prastawa, masalahsing tau dialami nanging sing menjila lan duwe kesan mirunggan kangbisa didadekake tepa-tuladha.c. Reorientasi yaiku bagean panutup lan ngandharake pandhangan lanpamawase panulis marang tokoh sing dicritakake.2. Kanggo mangerteni struktur teks profil tokoh/biografi coba jingglenganasepisan maneh teks ”Raden Ajeng Kartini”, sabanjure pilah-pilahen manutstrukture!No Struktur Teks Profil Ukara T okoh/Biografi ...............................................................1 OrientasiKirtya Basa VII2 Prastawa ...............................................................3 Reorientasi ............................................................... ............................................................... ............................................................... ...............................................................Tugas 3: Nyemak Unsur Basa Teks Profil Tokoh 1. Jingglengana pethikan paragraf saka teks ”Raden Ajeng Kartini” ing ngisor iki! ”Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara, Jawa Tengah. Panjenengane isih klebu golongan kaum priyayi utawa kaum bangsawan, jalaran Raden Ajeng Kartini putra bupati Jepara kang asma Raden Mas Adipati Ario Sosroningrat lan ibune asma M.A Ngasirah.” Coba bedakna antarane tembung-tembung iki!tanggal, kaum, putra, isih, klebu, golongan,asma bangsawan, kaparingan Supaya bisa mbedakake tembung-tembung ing sajroning kolom kasebut perlu nyinaoni wujude tembung. Manut wujude tembung kaperang dadi loro, yaiku tembung lingga lan tembung andhahan.a. Tembung Lingga lan tembung Andhahan 1) Tembung Lingga (Kata Dasar) Tembung lingga yaiku tembung sing durung owah saka asale. Tuladha: omah, anak, putra, panas, dawa, sugih, lunga, tuku, klambi, anyar, apik, sapu, banyu, lan sapanunggalane 2) Tembung Andhahan (Kata Berimbuhan) Tembung andhahan yaiku tembung sing wis owah saka asale. Tuladha: diparingi, nulis, nyapu, gumuyu, anake, nggambarake, nambani, digawa, nyapu, ngombe, nyawang, nyolong, lan sapanunggalane. Pangrimbage/Pandhapuke Tembung Andhahan: Tembung lingga bisa owah dadi tembung andhahan kanthi cara diwenehi wuwuhan (imbuhan), dirangkep, lan dicambor. a) Wuwuhan Wuwuhan kaperang dadi telu, yaiku: (1) Ater-ater (Awalan)24 Kirtya Basa VIIAter-ater yaiku wuwuhan sing manggone ana ing sangarepe tembung.T uladha:Tembung Lingga Tembung Andhahan Pangrimbagesapu nyapu any- + sapugambar nggambar ang- + gambarthuthuk nuthuk an- +thuthukbathik mbathik am- + bathiktimba daktimba dak- + timbajupuk kojupuk ko- + jupukpilih dipilih di- + pilihgawa kagawa ka- + gawasapu kasapu ka- + sapuguru maguru ma- + guruomah saomah sa- + omah(2) Seselan ( Sisipan )Seselan yaiku wuwuhan sing manggon ing tengahe tembung.T uladha:Tembung Lingga Tembung Andhahan Pangrimbagetulis tinulis tulis + -in-guyu gumuyu guyu + -um-gawe ginawe gawe + -in-sawang sinawang sawang + -in-sunar sumunar sunar + -um-kelip kerelip kelip + -er-kelap kerelap kelap + -er-kepyur kelepyur kepyur + -el-(3) Panambang (Akhiran)Panambang yaiku wuwuhan sing manggon ana ing mburine tembung.T uladha: T embungLingga Tembung Andhahan Pangrimbagegambar nggambarake ang- + gambar + -akesiram siramen siram + -enbali balia bali + -aresik resikana resik + -anagolek nggoleki ang- + golek + -ib) Tembung Rangkep (Kata Ulang) Tembung rangkep wujude ana telu, yaiku: (1) Tembung DwilinggaKirtya Basa VIITembung dwilingga yaiku tembung lingga sing dirangkep Tuladha: bocah-bocah, putra-putra, abang-abang, gawe-gawe, seneng-seneng, rame- rame, ayu-ayu, lan sapanunggalane. (2) Tembung Dwilingga Salin Swara Tembung dwilingga salin swara yaiku tembung lingga yen dirangkep, nanging swarane owah/salin. Tuladha: bola-bali, mulah-mulih, gonta-ganti, tuka-tuku, mesam- mesem, lan sapanunggalane. (3) Tembung Dwipurwa Dwi tegese loro, purwa tegese wiwitan. Dadi tembung dwipurwa yaiku tembung sing dirangkep purwaning tembung utawa wanda sing dadi wiwitane tembung. T uladha: mangan = ma+mangan = mamangan = memangan tulung = tu + tulung = tutulung = tetulung lara = la + lara = lalara = lelara resik = re + resik = reresik (4) Tembung Dwiwasana Tembung dwi tegese loro lan wasana tegese pungkasan. Tembung dwiwasana iku tembung kang ngrangkep wasanane utawa wanda sing pungkasan wae. T uladha: cenges = cengesnges = cengenges cekak = cekakkak = cekakak celuk = celukluk = celuluk Nanging apa bener kaya mangkono? Tembung dwiwasana yen dirunut saka linggane tegese bedane adoh banget, mula tembung dwiwasana uga diarani tembung rangkep semu. Tegese, katone kaya tembung rangkep, nanging sejatine dudu. (5) Tembung Camboran (Kata Majemuk) Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih dienggo bebarengan, lan nuwuhake teges anyar. Tembung camboran diperang dadi loro, yaiku: (a) Tembung camboran wutuh. Tembung camboran wutuh yaiku tembung loro dicambor/ dicampur dadi siji lan sing dicambor wujude tembung wutuh. T uladha: omah gedheg, sapu duk, sepedhah montor, rujak uleg, sandhang pangan, lan sapanunggalane.26 Kirtya Basa VII(b) Tembung camboran wancah/tugel. Tembung camboran tugel yaiku tembung loro dicambor dadi siji, lan sing dicambor wujud wancahan utawa tugelane tembung. T uladha: paklik  bapak cilik budhe  ibu gedhe bangjo  abang ijo perko  emper toko lunglit  balung kulit2. Ing ngisor iki kasediyakake pethikan teks ”Raden Ajeng Kartini” , wacanen sing premati!”Maca malih dadi hobi. Ora mung buku wae sing diwaca, nanging suratkabar uga diwaca. Menawa ana bab-bab sing ora dingerteni Kartini nyuwunpirsa marang Ramane. Amarga sregep maca wawasane tambah akeh.Kartini ngerti yen para wanita Eropa kuwi wis maju, pikirane maju, lanwawasane jembar. Raden Ajeng Kartini nduweni pepinginan amrih wanitaIndonesia uga maju, ora mung dadi kanca wingking wae. Raden AjengKartini nglumpukake kanca-kancane kanggo diwulang nulis lan maca. Ingsela-selane wektu kuwi Kartini asring nulis layang kanggo kanca-kancanesing ana ing negara Walanda. Panjenengane uga nulis surat kagem Mr.J.HAbendanon supaya diparingi beasiswa kanggo sekolah menyang Walanda.”3. Tintingana pethikan teks ing ndhuwur, sabanjure golekana tuladhanetembung lingga lan tembung andhahane! Tuladha Tembung Lingga Tuladha Tembung Andhahan1................................................. 1................................................2................................................ 2................................................3................................................. 3................................................4................................................. 4................................................5................................................ 5................................................Tugas 4: Unggah-Ungguh Basa1. Pethikan Teks ”Raden Ajeng Kartini” iki wacanen sing premati! “Tanggal 13 September 1904 Raden Ajeng Kartini mbabarake putra kakung sing diparingi jeneng Soesalit Djoyoadiningrat. Tanggal 17 September 1904 Raden Ajeng Kartini seda ing yuswa 25 taun. NdelengKirtya Basa VIIsemangate Raden Ajeng Kartini taun 1912 ing Semarang didegake Sekolah Wanita dening Yayasan Kartini sing dipimpin dening kulawarga Van Deventer. Banjur kasusul ing Surabaya, Madiun, Cirebon lan dhaerah- dhaerah liyane. Sasedane Raden Ajeng Kartini, Mr. J.H Abendanon nglumpukake surat-surat sing tau dikirimake RA Kartini marang kanca- kancane sing ana ing Eropa lan didadekake sajining buku. Buku kasebut diwenehi judul ”Door Duisternis Tot Light” sing tegese ”Habis Gelap Terbitlah Terang”. Teks profil tokoh kuwi ngemot biografi salah sijining tokoh. Tokoh ing bebrayan agung mesthi pawongan sing duwe panggonan kang mirunggan ing satengah-tengahe bebrayan. Minangka pemimpin sing duwe daya pangaribawa. mula tindak-tanduke bisaa dadi tepa tuladha. Nalika nyritakake utawa nggambarake tokoh perlu nganggo basa ngoko alus, yaiku basa sing tetembungane ngoko kacampuran krama inggil, gunane kanggo ngajeni tokoh sing dicritakake. T uladha: ”Tanggal 13 September 1904 Raden Ajeng Kartini mbabarake putra kakung sing diparingi jeneng Soesalit Djoyoadiningrat.” 2. Golekana tuladha ukara sing nganggo basa ngoko alus sing ana ing pethikan teks ing dhuwur!Kegiatan 2 Nulis Teks Profil Tokoh kanthi Bebarengan KI HAJAR DEWANTARA Ki Hajar Dewantara miyos ing Jogyakarta tanggal 2 Mei 1889, kagunganasma asli RM Suwardi Suryaningrat. Panjenengane miyos ing lingkungankulawarga bangsawan saka trah Kraton Ngayogyakarta. Ki Hajar Dewantarakepingin bisa srawung lan cedhak karo kawula cilik, mula gelar kebangsawananeora diagem lan ganti asma dadi Ki Hajar Dewantara. Sawise ngrampungake pendhidhikan dhasar Ki Hajar Dewantara nerusakepasinaon menyang STOVIA nanging ora nganti tamat, jalaran nandhang gerah.Sabanjure panjenengane nyambut gawe dadi wartawan, yaiku ing layang kabarDe Express, Utusan Hindia, lan Kaum Muda. Liwat tulisan-tulisane mau Ki HajarDewantara ngobarake semangat antikolonialisme. Ki Hajar Dewantara uga aktif ing jagading politik, ing antarane ing organisasiBudi Utomo, Indische Partij lan Komite Bumi Putera. Nalika tulisane ”SeandainyaAku Seorang Belanda” ngemot sindhiran marang pamarentah Walanda, ndadekake28 Kirtya Basa VIIWalanda muntap. Akibate Ki Hajar Dewantara oleh ukuman dibuwang menyangnegara Walanda. Ing negara Walanda Ki Hajar Dewantara nyinaoni pendhidhikan lanpengajaran. Bareng kondur menyang Tanah Air Ki Hajar Dewantara munjerakeperjuwangane ing babagan pendhidhikan. Panjenengane ngedegake PerguruanTaman Siswa ing tanggal 3 Juli 1922. Para siswa digladhi supaya duwe rasakebangsaan nganggo sesanti ”Ing Ngarsa Sung Tuladha, Ing Madya MangunKarsa, Tut Wuri Handayani”. Ki Hajar Dewantara kagungan lelabuhan kang gedhe banget ing donyaningpendhidhikan. Taun 1959 pamarentah paring gelar ”Bapak Pendid ikan” marang KiHajar Dewantara, lan tanggal 2 Mei cundhuk karo tanggal miyose ditetepakeminangka Dina Pendidikan Nasional. Sesanti Tut Wuri Handayani nganti saiki dadilambange Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. (Sumber: Wikipedia Pahlawan Indonesia kanthi owah-owahan sawetara)Tugas 1: Njingglengi Teks Profil Tokoh 1. Kanggo mangerteni isine teks ”Ki Hajar Dewantara” wangsulana pitakon- pitakon ing ngisor iki bebarengan karo klompokmu! a. Kapan Ki Hajar Dewantara miyos? b. Sapa jeneng liyane (jenenge nalika cilik) Ki Hajar Dewantara? c. Kena apa Ki Hajar Dewantara ganti jeneng? d. Ki Hajar Dewantara tau sekolah ing ngendi? e. Apa pakaryane Ki Hajar Dewantara? f. Kena apa Ki Hajar Dewantara dibuwang menyang negara Walanda? g. Apa sesanti sing diwulangake dening Ki Hajar Dewantara? h. Gelar apa sing diparingake pamarentah marang Ki Hajar Dewantara? i. Terangna tegese sesanti Ing Ngarsa Sung Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa, Tut Wuri Handayani! j. Kejaba Ki Hajar Dewantara, sapa pahlawan liyane kang koweruhi?Tugas 2: Ngringkes Teks Profil Tokoh1. Sawise maca teks ”Ki Hajar Dewantara” sabanjure tulisen kanthi ringkesbakuning crita manut struktur teks bebarengan karo klompokmu!No Struktur teks Bakuning Crita1 Orientasi .................................................................................2 Prastawa ................................................................................ ................................................................................. ................................................................................Kirtya Basa VII3 Reorientasi ................................................................................. ................................................................................Tugas 3:Nulis Teks Profil Tokoh 1. Ing kegiatan iki bakal nyinaoni nulis teks profil tokoh/biografine tokoh. Gawea klompok, saben klompok anggotane dumadi antarane 4 nganti 5 siswa! 2. Ringkesan teks ”Ki Hajar Dewantara” ing tugas 2 tulisen maneh supaya dadi teks anyar nganggo basamu dhewe! Bab-bab sing kudu digatekake yaiku perangan teks diwiwiti saka orientasi, prastawa sing tau dialami tokoh kanthi urut lan panutup sing isine kesan marang tokoh sing dicritakake. KI HAJAR DEWANTARAParagraf 1 bagean orientasi : bagean wiwitane teks sing isine ngenalake tokohsing dicritakake.......................................................................................................................................................................................................................... .Paragraf 2-4 bagean prastawa: bagean teks sing nyritakake kahanan, prastawasing dadi inspirasi ...........................................................................................................................................................................................................................Paragraf 5(paragraf pungkasan) bagean reorintasi: bagean dudutan/kesimpulane teks sing isine kesan marang tokoh................................................................................................................................................................................................................................Kegiatan 3 Nulis Teks Profil Tokoh Kanthi MandhiriTugas 1: Ngganepi Teks Profil Tokoh 1. Ing ngisor iki ana teks profil tokoh sing durung sampurna, coba ganepana nganggo tembung- tembung sing trep! ........................................ Taufik Hidayat ... ing Bandung tanggal 10 Agustus 1981, ... bapak Aris Haris ... ibu Denok Dartilah. Dheweke klebu salah sijine ... tunggal putra Indonesia saka klub SGS Elektrik Bandung.30 Kirtya Basa VIITaufik Hidayat kuwi atlet sing ... medhali emas Olimpiadhe Athenataun 2004. Taun 2005 ... juara donya BWF, lan taun 2006 oleh Tunggalputra Asian Games, ... dheweke isih nyumbangake gelar sapirang-pirang.Pengalaman liyane ... dadi ... beregu Piala Thomas Piala Sudirman. Taun 2007 Taufik Hidayat ... karo Ami Gumelar, ... siji kang diwenehi... Natarina Alika Hidayat. Wiwit 30 Januari 2009 Taufik Hidayat mundur ... pelatnas Cipayunglan milih dadi pemain profesional ... bisnis piranti olah raga karo Yonex. Taufik Hidayat atlet Nasional sing pantes ... dening para mudha.Kabeh gegayuhan bisa ... kanthi semangat, kerja keras, lila ngurbanakesamubarang kasenengan. Sing marahi ... apa sing dening Taufik Hidayatwis ngarumake bangsa lan negaraTugas 2:Maca Teks Profil Tokoh 1. Wacakna asiling pakaryanmu ana ing tugas 1! 2. Gatekna tandha wacan sing ana ing teks! 3. Gatekna panganggone swara jejeg lan swara miring ing teks, wacanen kanthi lafal lan intonasi sing trep! 4. Wacanen kanthi ekspresi sing bisa ngyakinake marang wong sing ngrungokake!Tugas 3: Nulis Teks Profil Tokoh Lelandhesan Biografi Ringkes Tokoh Ing tugas 3 iki para siswa kudu bisa nulis dhewe teks profil tokoh. Supaya bisa nulis kanthi becik gatekna pituduh ing ngisor iki! 1. Pilihen salah sijine tokoh sing narik kawigatenmu, bisa pahlawan nasional, tokoh olah raga, tokoh lingkungan, tokoh pendhidhikan, tokoh masyarakat, lan liya liyane! 2. Kanggo ngembangake teks delengen maneh struktur teks profil tokoh kang kedadean saka bagean orientasi, prastawa lan reorientasi. 3. Nulisa teks profil tokoh kanthi lelandhesan jati dhirine tokoh sing kokpilih kanthi ringkes kanthi urutan ing ngisor iki: Biografi ringkes KatranganJenengpapan, tanggal lairasma wong tuwacacahe kulawargariwayat pasinaonriwayat pagaweanprastawa sing tau dialamikesan tokoh sing bisa dituladhaKirtya Basa VII4. Nulisa teks profil tokoh kanthi cengkorongan kaya ing ngisor iki! Irah-irahan ........................................ Orientasi ......................................................................................................... ......................................................................................................... Prastawa 1 ......................................................................................................... ......................................................................................................... Prastawa 2 ......................................................................................................... ......................................................................................................... Lan sateruse yen isih ana prastawa ......................................................................................................... ......................................................................................................... Reorentasi ......................................................................................................... ......................................................................................................... Pepeling Nulis teks profil tokoh, ana sawijine bab kang kudu digatekake, utamane nalika milih tokoh. Prastawa apa sing narik kawigaten, lelabuhane apa, kepriye tindak tanduke kang bisa dituladha. Teks profil tokoh uga diarani teks biografi amarga nggambarake tokoh lan prastawa apa bae sing tau dialami dening tokoh. Tokoh sing apik ing ngarep bisa dadi patuladhan, ing satengahe bebrayan dadi sumber inspirasi, lan manawa ing buri bisa menehi panyengkuyung, cundhuk unine sesanti ing ngarsa asung tuladha, ing madya mangun karsa, tutwuri handayani.32 Kirtya Basa VIIUji Kompetensi Wulangan 2 A. Teks ing ngisor iki wacanen sing premati, sabanjure wangsulana pitakon-pitakon kanthi milih wangsulan sing paling bener! 1. Wacanen teks ing ngisor iki sing titi! Rafida Helmi lair tanggal 31 Juli 1998 ing Sukabumi, Jawa Barat. Dheweke kenya putrine bapak Helmi lan ibu Rofi‟ah. Rafida pancen pinter lan genius. Umur lagi 14 taun wis nyandhang status mahasiswi kedokteran ing Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) Semarang. Setaun sinau ing TK banjur mlebu SD Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5 taun, jalaran mlebu ing kelas akselerasi. I ng SMP lan SMA uga mlebu kelas akselerasi, kabeh mung mbutuhake wektu 4 taun. Prestasine Rafida ngetutake mbakyune, yaiku Rina Helmi sing tau kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM. Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadharan sinau dhewe-dhewe. (Sumber: Panjebar Semangat, No.2, tgl. 12 Januari 2013) Babagan sing narik kawigaten tumrap tokoh Rafida yaiku .... a. Rafida pinter lan genius b. Ing SD mlebu kelas akselerasi c. Prestasine Rafida ngetutake mbakyune d. Umur 14 taun dadi mahasiswi kedokteran 2. Tindak-tanduk sing pantes dituladha saka tokoh ing teks yaiku .... a. prestasine b. kesadharan sinau dhewe c. isih enom dadi dokter d. mlebu kelas akselerasi 3. “ Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadharan sinau dhewe-dhewe.” Ukara ing dhuwur kalebu bagean teks ..... a. orientasi b. prastawa c. masalah d. reorientasi 4. Ki Hajar Dewantara kagungan lelabuhan kang gedhe banget ing donyaning pendhidhikan. Taun 1959 Pamarentah paring gelar Bapak Pendidikan marang Ki Hajar Dewantara, lan tanggal 2 Mei cundhuk karo tanggal miyose ditetepake minangka Dina Pendidikan Nasional.Kirtya Basa VIISesanti Tut Wuri Handayani nganti saiki dadi lambange Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan. Tembung lelabuhan tegese .... a. cita-cita b. jasa c. andhil d. modal 5. Teks ing nomer 4 kalebu bageane struktur teks profil tokoh .... a. prastawa b. orientasi c. masalah d. reorientasi 6. Tut wuri handayani, sesanti saka Ki Hajar Dewantara sing pantes dienggo nganti saiki, tegese yaiku .... a. Ing mburi tansah menehi tuladha b. Saka mburi tansah paring tetulung c. Ing mburi tansah menehi pamrayoga d. Saka mburi tansah nyengkuyung 7. Pak Isman .... nalika prastawa ”perobekan” gendera Landa Merah Putih Biru engga kari Merah Putih ing Hotel Oranye Surabaya. Tembung sing cocog kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku .... a. ndelok b. nyawang c. nyekseni d. mriksani 8. Susi Susanti wis (bali) nyumbang medhali marang bangsa lan negara. Pandhapuke tembung jeron kurung yaiku .... a. mbaleni b. bola-bali c. bali-bali d. dibaleni 9. Tuladha ukara sing nganggo basa ngoko alus yaiku ..... a. Mas Nardi sampun rawuh saking Surabaya b. Sinten ingkang Sampeyan percados dados ketua kelas? c. Kula diutus tumbas camilan dhateng warung d. Panjenengan sesuk apa sida tindak Lamongan? 10. ”Ki Hajar Dewantara miyos ing Jogjakarta tanggal 2 Mei 1889. Kagungan asma asli RM Suwardi Suryaningrat”. Ukara kasebut migunakake basa ....34 Kirtya Basa VIIa. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus B. Wangsulana sing patitis! 1. Struktur teks profil tokoh kedadean ana pira? Sebutna lan terangna! 2. Owahana supaya dadi basa ngoko alus! a. Bu Supini duwe anak loro lanang kabeh b. Bapak mulih saka kantor mampir omahe Simbah3. Apa tegese tembung sing kacithak miring ing ukara ngisor iki? a. Pangarsane praja kudu duwe watak ambeg adil paramarta. b. Aja dumeh sugih, duwe pangkat lan drajad banjur tumindak adigang, adigung, adiguna. 4. Jeneng : Eny Kartika Sekolah : SMP Diponegoro kelas 9 Prestasi : taun 2013 juara 1 siswa berprestasi, 2014 juara 3 maca geguritan tingkat kabupaten. Lelandhesan andharan ing dhuwur nulisa teks profil tokoh kanthi migatekake struktur teks profil tokoh! 5. Pethikan teks ing ngisor iki pilahen miturut jinis tembung lingga lan tembung andhahane! ”Sawise ngrampungake pendhidhikan dhasar Ki Hajar Dewantara nerusake pasinaon menyang STOVIA nanging ora nganti tamat, jalaran nandhang gerah. Sabanjure panjenengane nyambut gawe dadi wartawan, yaiku ing layang kabar De Express, Utusan Hindia, lan Kaum Muda. Liwat tulisan-tulisane mau Ki Hajar Dewantara ngobarake semangat antikolonialisme.” Kirtya Basa VIIWULANGAN 3 BUDI PEKERTIKompetensi Dasar Indikator1.1 Menghargai dan mensyukuri 1.1.1 Berdoa sebelum memulai dan sesudah kegiatan belajar bahasa daerah.keberadaan bahasa daerah sebagai 1.1.2 Menggunakan bahasa daerah dalamanugerah Tuhan Yang Maha Esa berkomunikasi dengan tata krama.untuk meningkatan pengetahuan 1.3.1 Menggunakan bahasa daerah sebagai sarana menyajikan informasi lisan dandan keterampilan berbahasa tulis sesuai dengan tata krama.daerah, serta untuk melestarikan 2.2.1 Bertanggung Jawab dalam membuat tanggapan pribadi terhadap strukturdan mengembangkan budaya teks wayang/ topѐng ḍhâlâng.daerah untuk didayagunakan 2.2.2 Santun dalam menyajikan tanggapansebagai upaya pembinaan dan pribadi terhadap str uktur tekspengembangan kebuda yaan wayang/ topѐng ḍhâlâng.Nasional 3.3.1 Menenjelaskan struktur teks wayang/1.3 Menghargai dan mensyukuri topѐng ḍhâlâng. keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan yang Maha Esa 3.3.2 Menentukan unsur kebahasaan teks sebagai sarana menyajikan informasi lisan dan tulis wayang/ topѐng ḍhâlâng. 3.3.3 Menyimpulkan pesan moral teks2.2 Memiliki perilaku percaya diri dan tanggungJawab atas karya budaya wayang/ topѐng ḍhâlâng masyarakat daerah yang pebuh 4.3.1 Menanggapi isi teks wayang/ topѐng makna ḍhâlâng secara tulis.3.3 Memahami struktur teks, unsur 4.3.2 Membaca hasil tanggapan teks kebahasaan, dan pesan moral dari teks lisan dan tulis yang berupa wayang/ topѐng ḍhâlâng fiksi (wayang/ cerkak/folklor/ 4.3.3 Merelevansikan pesan moral teks topѐng ḍhâlâng). wayang/ topѐng ḍhâlâng dengan4.3 Mengapresiasi teks fiksi kehidupan (wayang/cerkak/ folklor/topèng ḍhâlâng) sesuai konteks secara lisan dan tulis.36 Kirtya Basa VIIMbabar Wawasan JENENGKU GATHUTKACA Aku mung bisa nangis kekejer lan mancal-mancal. Bapakku Werkudara lan Ibu Dewi Arimbi kaya lagi kerubuhan gunung. Mengkono uga sing padha rawuh. Sri Bathara Kresna, Uwa Prabu Puntadewa, Paman Arjuna, Paman Nakula lan Sadewa uga melu sungkawa. Takdeleng panakawan, Uwa Semar, si Gareng, Petruk, lan Bagong sing biasane cengar-cengir uga melu sedhih. Weruh Ibu Arimbi nangis, aku melu nangis maneh, tambah banter. Ari- ariku isih gandheng karo awakku. Bapakku Werkudara wis nyoba nganggo kuku Pancanaka, ora bisa. Kembang Wijaya Kusuma kagungane Uwa Kresna ora masah. Pasopati lan Arda Dedaline Uwa Arjuna uga ora mempan. Sanjata Cakra kagungane Uwa Kresna malah ngetokake geni mletik -mletik, ning pancet ari-ariku ora bisa pedhot. Bebarengan karo Bathara Kresna kabeh padha muji donga, padha prihatin supaya enggal nemu pepadhang. Akhire rawuh Buyutku, Begawan Abiyasa. Panjenengane banjur ngutus paman Arjuna nyuwun pitulungan pusaka marang dewa. Baline ngasta sarunge pusaka Kuntawijaya. “Arjuna, golek pusaka kok mung oleh sarunge iki kepriye ta yayi?” pitakone Prabu Kresna. “Nun inggih, Kaka Prabu. Senjata Kuntawijaya klentu dipunparingaken Adipati Karna ing Awangga. Kula namung saged ngrebat warangkanipun menika,” “Hmm, ora oleh pusakane ora apa-apa. Wis Jlamprong.. coba pedhoten ari-arine ponakanmu!” Temenan bareng warangka Kuntawijaya ditamakake ing ari-ariku, krasa mak thes. Getih abang netes. Ari-ariku pedhot. Kabeh padha bungah. Aku nangis maneh tandha gumbira. Nanging aneh, warangka sing kanggo ngethok ari-ari mau ilang musna. Uwa Arjuna bingung lan kaget. Prabu Kresna mung mesem lan ngendika supaya aku dijaga lan diadohna saka Kuntawijayane Adipati Karna nganti tekan wektune. Aku ora ngerti apa maksud ngendikane. Dumadakan ana sing teka. Pawakane lemu bunder. Anehe bisa mabur. Tekane mau saka langit. ”Prekincong..prekincong waru dhoyong ditegor uwong..lere..lere..kali codhe sapa sing nduwe.. Ingsun sing prapta Werkudara. Anakmu si Tetuka bakal dakgawa, disraya para dewa.” ”Hmm.. Narada dewaku, digawa kepriye? Wong bayi isih abang, lagi pupak pusere?” ”Aku ra papa.. percayaa karo para dewa. Anakmu iki bakal bisa mikul dhuwur mendhem jero. Dewa saiki golek jago. Ana ratu buta Kala Pracona. Ora ana sing bisa nandhingi kejaba si Tetuka”Kirtya Basa VIIAku digawa mabur, dilebokake ing kawah Candradimuka, digodhog barengkaro gamane para dewa. Aku nangis nanging arep kepriye maneh. Urip ikusaderma nglakoni. Kabeh wis ana sing mranata. Kita mung kudu njagakautaman lan tumindak becik. Aku pinaringan klambi wujud kotangAntrakusuma lan ajian Suryakantha. Aku bisa mabur tanpa swiwi. JenengkuGathutkaca . Kacritakake dening Davit HarijonoBausastrakerubuhan gunung : nampa kanugrahan sing nyusahakesungkawa : sedhih.ari-ari : plasenta (bi)pasopati, arda dedali : sanjatane Arjuna paringane dewakuntawijaya : sanjatane Adipati Karna paringane Bathara Surya.warangka : wadhahe sanjatakotang antakusuma : agemane Gathutkaca paringane dewasuryakantha : sanjatane Gathutkaca paringane dewa1. Wacan ing dhuwur wacanen lan setitekne kanthi permati!2. Sawise maca, pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi patitis! a. Apa irah-irahane crita wayang ing dhuwur ? b. Apa tema saka wacan ing dhuwur ? c. Kepriye alure crita ing dhuwur ? d. Sapa bae paraga utama lan paraga tambahane? Kepriye wewatakan paragane ? e. Kepriye latar wektu lan panggonane ? f. ”Sudut pandang” sapa sing digunakake ? g. Kepriye lelewaning basa kang ana ing wacan ? h. Nilai moral/amanat apa sing bisa kajupuk saka wacan ing dhuwur? Pepeling Wacan ing dhuwur wujud crita wayang sing wis dimodhifikasi. Crita wayang kuwi salah sijine tuladhane wacan narasi. Wacan narasi bisa awujud crita wayang, crita rakyat, dongeng, wacan bocah, cerkak lan sapunanggalane. Ing saben crita utawa narasi fungsi utamane kanggo marisake nilai budi pekerti, norma-norma sosial, budaya lan adat istiadat. Pitakon-pitakon ing ngisor iki ngarah marang struktur teks, unsur basa, lan pesan moral, nilai budi pekerti kang mangun wacan crita.38 Kirtya Basa VIIKegiatan 1 Modhel Teks Crita Wayang Teks crita wayang kalebu teks narasi. Titikane teks narasi, kaya ing ngisor iki: a. Wujude wacan narasi bisa dideleng saka perangan wewangunan utawa struktur sing bisa mangun wacan lan perangan basa kang dumadi saka panganggone tembung, lan ukara. 1) Struktur wacan narasi dumadi saka orientasi, komplikasi, klimak, resolusi, reorientasi, lan koda/amanat. 2) Unsur basa, utawa wujud basane wacan narasi arupa tembunge, ukarane, lan wangune paragraf. Ing kalodhangan iki mligi ngenani tembung lan ukara sing dadi cirine wacan narasi, yaiku arupa tembung, ukara paesan utawa basa rinengga, lan unggah-ungguh basa. b. Tujuan panulisan lan pamacane wacan narasi kuwi kanggo panglipur sing bisa dijupuk pesan moral/nilai budi pekerti, lan hikmahe. c. Fungsi wacan narasi saliyane wujud medhar gagasan lan ide, uga kanggo marisake nilai budi pekerti luhur. Tugas 1: Teks Narasi ing Ngisor iki Wacanen lan Jingglengana! KARNA TANDHING Perang Baratayuda tambah dina ora mendha, ananging tansaya sengit lan nggegirisi. Layone prajurit wor suh karo kunarpane para pangeran lan raja wadyabala Kurawa lan Pandhawa. Ana sing bisa dirukti, disuceni lan disampurnakake, nanging isih luwih akeh sing ora karukti. Ambu anyir ludirane para prajurit campur bawur bangere bathang kewan tunggangan. Aneng pakuwoning wadyabala Pandhawa, putra wayah Pandhu atetawang tangis amelas arsa, anggetuni sedane para pepundhene lan putra-putrane sing dadi bantening perang Baratayuda. ” Adhimas Prabu Yudhistira, sasurute Abimanyu, Drestajumena lan para senopati liyane, sliramu kudu enggal milih salah siji saka para kadang Pandhawa dadi senopatine perang.” Prabu Kresna mecah tangising para kadang Pandhawa.OrientasiKirtya Basa VII”Kaka Prabu, kula rumaos boten saged nglajengaken perang punika, raosing ciut manah kula, sampun boten kuwawa nandhang dhuhkita tinilar pawongan ingkang kinasih, punapa malih milih para kadang Pandhawa minangka senopati lajeng mangke pralaya ing palagan, sanajan kula mangertos sedaya punika wujud darmaning satriya.” Yudhistira matur marang Kresna isih karo swara lirih cinandhet ing gurung. ” Ora Yudhistira, perang kudu terus lumaku, yen sliramu ora bisa netepake sapa sing kudu dadi senopati, aku minangka penasehat perang saka Pandhawa netepake Arjuna sing kudu dadi senopati, amarga Kurawa wis netepake Ratu Awangga Karna minangka senopati.” Kagyat Sang Arjuna, njenggirat, angusap waspa. ” Kaka Prabu, kados pundi anggen kula badhe nglampahi aben ajeng ing madyaning palagan kaliyan kadang sepuh pribadi, kula boten sagah kaka Prabu.” ” Arjuna elinga iki dudu perkara sedulur apa dudu sedulur, perang Baratayuda iki wujud perang antara bebener lan kamurkan, perang mbelani hak, lan ngayahi kewajiban, mbelani jejeging nagara, wis samesthine ora ana tidha- tidha, nglabuhi nagara nganti pecahing dhadha wutahing ludira minangka darmaning satriya sejati. Karna sanajan sedulur tuwa sing kebeneran dadi mungsuhmu, ing perang Baratayuda iki uga netepi darmaning satriya, males budi marang pawongan lan nagara sing sasuwene iki wis menehi kamulyan uripe. Karna uga duwe rasa pangrasa kaya sliramu, ananging ngemban jejibahan lan males budi luwih wigati. Coba yen nganti sliramu ora enggal maju apa ora muspra anggone para raja wadyabala Pandhawa lan putra Pandhawa sing wis ngorbanake jiwa ragane. Saiki rungokna ing sabrang palagan wadyabala Kurawa dipandhegani Adipati Karna, sora swarane ambata rubuh anantang sliramu. Wis aja was sumelang aku sumadiya dadi kusir kreta perangmu.” Pangandikane Prabu Kresna mau nunjem atine Arjuna, kaya kaslenthik jiwane. Netra cumlorot kebak panginggit-inggit, pasuryaning abang semburat mendhem kanepson.Komplikasi ” Menawi makaten mangga Kaka Prabu kula ndherek, kula sagah dados senopatining perang, para kadang Pandhawa kersanipun nyamektakaken sadaya prajurit mapag kridhanipun Adipati Karna.” Sigra Sang Senopati Arjuna nyengklak kreta perang kinusiran Sang Prabu Kresna. Ing sabrange tegal Kurusetra, Sang Adipati Karna uga wis samekta, kreta perang kinusiran Sang Prabu Salya.40 Kirtya Basa VIICekaking crita aneng satengahing palagan Tegal Kurusetra, katon satriya loro, tan bisa kabedakake, pindha jambe sinigar, pawakane, pasuryane, panganggone, sanjatane. Kekarone mudhun saka kreta. ” Kangmas Adipati Karna pun rayi ngaturaken sembah pangabekti, ugi nyuwun agunging samodra pangaksami sampun kumawantun lan cumantaka dhumateng panjenengan wonten ing palagan punika, ugi ngaturaken welingipun pun Ibu Ratu Kunthi, sejatosipun dereng telat menawi panjenengan kersa makempal nunggal sawiji kalihan sedaya kadang Pandhawa.” Arjuna lumajar banjur angrungkepi padane sang Adipati Karna. ” Ora ana sing perlu dingapura adhiku Arjuna, aku lan sliramu ora ana bedane, iki mung saderma ngayahi wajib darmaning satriya tama. Ngertia aku wis janji karo Ibu Ratu Kunthi, yen ta aku tetep njaga Pandhawa lima, dadi ora ana Pandhawa enem, mula ing kene mengko sapa sing bakal pralaya, aku apa sliramu, Pandhawa tetep lima kaya janjiku marang ibu.” Pangandikane Adipati Karna karo ngangkat bahune Arjuna. Tempuk pandelenge satriya loro mau, sumoroting netra, ana asih, ana greget, ana kesumat campur-adhuk. ” Menawi makaten Kakang Adipati Karna, mangga enggal karampungaken jejibahan punika.” Arjuna atur sembah lan sumadiya nyengklak kreta perang, semono uga Adipati Karna. Ing satengahaing palagan, perang campuh, anggegirisi, swara Kurawa lan Pandhawa adu katiyasan pindha bantheng ketaton. Satriya kekarone uga ngetog kasudibyane, sanjata panah lumepas pindhane udan. Ananging Sri Kresna ngrasa yen lumepasing panahing Arjuna ora mugen katujokake kanggo musuh ananging mung lumepas sakarepe. ” Arjuna aja kalepyan, kae musuhmu, aja rangu-rangu kewajibanmu menangake andon yuda iki.” bareng lan pangandikane Sri Kresna tanpa kanyana panahe Adipati Karna mleset nyamber gelunge Arjuna. ” Kados pundi Rama Prabu panjenengan punika, mesthinipun menawi boten kasendhal lisipun dirada, Arjuna sampun pejah kenging jemparing kula.” Adipati nguman-uman Rama maratuwane, karo mudhun mbenakake rodane kreta kejeglong awit anggone nyendhal Prabu Salya kebanteren, rodane kreta kejeglong. Diuman-umani mantune Prabu Salya mendel kewala, amung ing batine ngendikan ”aku lila kowe sing mati tinimbang Arjuna.” Klimak ” Ayo Arjuna enggal dipungkasi, Pasopatimu gunakna” Prentahe Prabu Kresna marang Arjuna, tanpa kumecap panah Pasopati wis lumepas, Adipati Karna sing nembe bae mapan lan munggah ing kreta tanpa bisa enda panah Pasopati tumancep nunjem dhadha, sakala ambruk kumalasa mental saking kreta.Kirtya Basa VIIArjuna weruh Adipati Karna ketaman panahe lan mental saking kreta,enggal mlesat pindha thathit, diarah aja nganti anggane Adipati Karna tumibaing bumi ” Adhuh kakang Adipati Karna, pun rayi nyuwun pangaputen” Arjuna karoatetawang tangis mangku mustakane Adipati Karna, pasuryane Adipati Karnangatonake rasa marem. Resolusi ” Adhiku Arjuna dudu salahmu, iki pancen wis tinakdir, matura Ibu Kunthimenawa aku ngaturake sembah pangabekti lan nyuwun pangapura aku durungbisa dadi putra kang tuhu bekti, ananging aku uga wis netepi janjiku, Pandhawatetep lima, mung bae sapungkurku aku titip Ibu Kunthi marang sliramusakadang. Muga-muga kamenangan lan kawijayan tetepa kanggo kadangPandhawa.” Bubar ngendikan ana cahya putih cumlorot metu saka angganeAdipati Karna mumbul ngawiyat tumuju swarga. Reorientasi Ninggal Arjuna sing atetawang tangis sinambi mbopong kunarpane SangAdipati Karna tumuju pakuwone Pandawa. Kunarpane Adipati Karna karuktidening para kadang Pandawa kairing donga puji. Iku minangka bukti yen talipaseduluran apa maneh tunggal bapa lan ibu ora bakal bisa kapisah lan pedhotkrana urusan donya. Koda/Panutup //facebook.com/caritawayang Wacan andharan utawa wacan narasi kuwi andharan sing nduweni wujud,tujuan lan fungsi.Bausastra : campur dadi sijiwor suh : layon, jenasah, jisim, mayit.kurnapa : banten+ing = korban+ing.bantening perang : surut, ngemasi,sedaandon yuda : perang tandhingpepundhene : sesepuhtetawang tangisamelas arsa : nangis terus, nangis kelara-laraduhkita : memelas, nggawe trenyuhwaspa : susahaben ajeng : luh : adu arep42 Kirtya Basa VIIdarmaning satriya : sikap lan perilaku sing wajib diduweni para satriya kamulyan : ka+mulya+an, ater-ater ka +tembung lingga+panambang -an ngrimbag tembung dadi tembung aran: kemuliaan (BI) jejibahan : kewajiban dipandhegani : dipimpin ambata rubuh : rame banget kaya bata rubuh: bebasan nyamektakake : ny-samekta-ake; samekta:nyiapake. kinusiran : dikusiri pindha jambe sinigar: persis , padha (pepindhan) kumawantun : kuma+wantun (kr. a): kuma +wani, ater- ater kuma tegese mbangetake: banget anggone wani cumantaka: palagan : papan jembar kanggo perang lumajar : mlayu netra kr.a) : mripat kalepyan : lena lisipun : kendhali, kekang ambruk kumalasa : ambruk nggeblak anggane :awake mustaka :sirah mlesat pindha thathit: mabur mendhuwur kaya thathit(kilap) mumbul ngawiyat : mumbul mendhuwur ing awang-awang.Tugas 2: Nyemak Struktur Teks Narasi a. Orientasi : Orientasi utawa tetepungan ana ing paragraf dikenalake karo tokoh (wadyabala Kurawa lan Pandhawa, pangeran lan raja), prastawa (Perang Baratayuda), latar waktu (tambah dina), panggonan lan kahanan (ambu anyir), ing paragraf 1 nganti tekan paragraf 2.Kirtya Basa VIIb. Komplikasi: Komplikasi, ing kono titikane wiwit ana prakara yaiku konflik ing batine Yudhistira nalika kudu milih senopati, konflik amarga Arjuna ora gelem dadi senopati, ing paragraf 3 nganti tekan paragraf 6 c. Klimaks: Prakara dadi ruwet ndadekake prakara ngambra-wara. Titikan bisa dideleng saka paragraf sing njlentrehake kanepsone Arjuna, kanepsone Adipati Karna uga prentahe Prabu Kresna marang Arjuna, ing paragraf 7 nganti tekan paragraf 22. d. Resolusi: Prakara wis kudu enggal diudhari lan njupuk keputusan.Titikan sing bisa dijupuk saka paragraf ana ing keputusane Arjuna gelem dadi senopati, lan miwiti perang lumawan Adipati Karna, paragraf 23 nganti tekan paragraf 26 e. Reorientasi: Pamawas ulang ngenani perkara, bisa katitik ing paragraf kang njelasakake yen ta perange Adipati Karna lan Arjuna mligine, utawa perang Baratayuda, ora mung wujud perang pribadi/ keturunan nanging perange para satriya njejegake darmaning satriya, paragraf 27. f. Koda/Amanat: Dudutan sing bisa dijupuk saka paragraf sing njelasake nilai budi pekerti sing bisa dadi patuladhan, kaya pangruktine Pandhawa marang kunarpane Adipati Karna, awit sesambungan sedulur kuwi ora bakal pedhot krana urusan donya, ana ing paragraf 28. Pepeling Stuktur Teks Narasi Orientasi, sudut pandhang/pamawas lan pengenalan utawa tetepungan, maksude pamawas utawa tetepungan karo tokoh/paraga, latar/setting, prakara/prastawa, sing ana sajerone wacan narasi. Kompikasi, tegese wis ana perkara sing bakal dadi underan/pokok lan ndadekake aluring crita. Klimak, prakara wis tambah ngambra-ambra lan ruwet. Resolusi, prakara wis nemokake dalane kanggo ngrampungi. Reorientasi pamawas ulang yen ana. Koda/amanat, rupa panutup, bisa dudutan/kesimpulan, nilai budi pekerti sing bisa didudut saka isine crita, amanat utawa pesen.44 Kirtya Basa VIITugas 3 : Nyemak Unsur Basa Teks Narasi 1. Andharan ing ngisor iki semaken! a. Ciri Basane Teks Narasi Cirine wacan narasi mesthi nganggo tembung katrangan (wektu, panggonan, kahanan), tembung kriya, lakone runtut, migunanake basa rinengga utawa basa paesan. T uladhane: Perang Baratayuda tambah dina ora mendha (1), tambah dina, ateges wis pirang – pirang dina wektu kanggo perang. (2) perang, wujud tembung kriya sing mbutuhake aksi. Lakone runtut, tegese urut-urutane critane runtut wiwitan nganti tekan pungkasan. b. Basa rinengga (entar, saroja, garba) Basa rinengga, basa sing dipaesi, basa sing didandani supaya luwih endah, nges, lan mentes uga mandhes. Rinengga saka basa rengga sing tegese paes (hias:BI) + seselan in, tegese direngga (dihias:BI). Carane ngrengga utawa ndandani bisa kanthi cara nganggo milih dasanama sing luwih alus utawa luwih endah, tembung entar, tembung saroja, tembung garba, paribasan, bebasan lan sapanunggalne. Ing tema 3 iki sing bakal diandharake ngenani dasanama, tembung entar, tembung saroja lan tembung garba. (1) Dasanama kuwi tembung kang nduweni teges luwih saka siji. T uladhane: “ Layone prajurit wor suh karo kunarpane para pangeran lan raja wadyabala Kurawa lan Pandhawa. Ana sing bisa dirukti, disuceni lan disampurnakake, nanging isih luwih akeh sing ora karukti. Ambu anyir ludirane para prajurit campur bawur bangere bathang kewan tunggangan.” Tembung layon, kunarpa dasanamane mayit (jenasah), dirukti dasanamane diopeni, ludira dasanamane getih, rah. (2) Tembung entar, tembung kang duwe teges ora salugune, utawa teges silihan (kiasan:BI) Tuladhane : ”... Kula rumaos boten saged nglajengaken perang punika, ciut manah kula.” Tembung ciut lumrahe kanggo barang, ananging dianggo manah/ati, sing tegese atine mamang, ora yakin. Tembung ciut manah kalebu tembung entar. Tuladha liyane, dawa tangane, adol kringet, gedhe atine, lan sapanunggalane.Kirtya Basa VII(3) Tembung saroja, tembung loro meh padha tegese digunakake bebarengan, kanggo mbangetake. T uladhane: ”Layone prajurit wor suh lan kunarpane para pangeran lan raja wadyabala Kurawa lan Pandhawa” Tembung wadyabala, wadya tegese prajurit, bala tegese uga prajurit. Tuladha liyane andhap-asor, jejel-riyel, lila-legawa, lan sapanunggalane. (4) Tembung garba, yaiku rerangkene tembung kanthi nyekak ketemune aksara swara, kang fungsine kanggo nyekak guru wilangan. T uladhane: ”...Aneng pakuwoning wadyabala Pandhawa, putra wayah Pandu atetawang tangis amelas arsa, anggetuni sedane para pepundhene lan putra-putrane sing dadi bantening perang Baratayuda.” Tembung aneng asale saka ana + ing kang digarba kanthi sandhi swara.Tuladha liyane jiwangga (jiwa + angga), lagyantuk (lagi + antuk) lan sapanunggalane. c. Unggah-ungguh basa Unggah-ungguh basa manut trap-trapane tembung kang digunakake ing ukara, ana rong perangan gedhe yaiku ukara nganggo tembung krama lan tembung ngoko. Krama ana loro yaiku krama alus lan krama lugu, semono uga ngoko uga ana loro yaiku ngoko alus lan ngoko lugu. T uladhane: ”Ambu anyir ludirane para prajurit campur bawur bangere bathang kewan tunggangan”. Ukara iki tembunge ngoko kabeh mula ukarane diarani ngoko lugu. ”Putra wayah Pandu atetawang tangis amelas arsa, anggetuni sedane para pepundhene lan putra-putrane sing dadi bantening perang Baratayuda”, ukara iki tembunge campuran antara ngoko lan krama. Ukarane diarani ngoko alus. ”Kangmas Adipati Karna, pun rayi ngaturaken sembah pangabekti, ugi nyuwun agunging samodra pangaksami sampun kumawantun lan cumantaka dhumateng panjenengan wonten ing palagan punika, ugi ngaturaken welingipun pun ibu ratu Kunti, sejatosipun dereng telat menawi panjenengan kersa makempal nunggal sawiji kalihan sedaya kadang Pandhawa.” Ukara ing paragraf kuwi dumadi saka tembung krama alus.46 Kirtya Basa VIIPepeling a. Carane niteni titikane unsur basa ing crita wayang. Jingglengi tembung sing paling akeh, menjila, seje sing digunakake ing wacan. b. Basa Rinengga Basa rinengga utawa basa paesan, maksude tembung sing digunakake, dipilih sing luwih endah, mentes lan mandhes. Wujude basa rinengga, ing antarane tembung saroja, tembung entar, tembung garba, paribasan, bebasan, saloka, purwakanthi, uga dasanama. c. Unggah – ungguh basa 1) Krama alus, tembunge krama kabeh, gunane kanggo ngurmati wong sing diajak omong-omongan, yaiku a) wong sing durung kenal, b) wong enom marang wong tuwa, c) wong sing luwih dhuwur drajat lan pangkate. 2) Krama lugu, tembunge krama lugu kabeh, digunakake kanggo awake dhewe, nalika omong-omongan karo wong sing dikurmati. 3) Ngoko alus, tembunge campuran tembung krama lan ngoko, ananging yen rupa tembung kriya sing dikramakake mung tembung linggane bae. Gunane uga kanggo ngurmati wong sing diajak omong-omongan ananging rumaket. 4) Ngoko lugu, tembunge ngoko kabeh, kanggo omongan ing antarane wong sing rumaket/akrab amarga kanca sabarakan, wong sing duka/muring-muring, nggremeng/ngunandika.Tugas 4: Njingglengi Fungsi lan Tujuan Teks Narasi 1.Andharan ing ngisor iki semaken! a. Nilai budi pekerti/pesan moral Nilai budi pekerti utawa pesan moral bisa dijupuk saka isine wacan kanthi jinglengi watak lan perilakune paraga ing wacan. Tuladhane: (1) Kasetyane Karna marang Duryudana minangka wujud bales budi, maksude dadi wong aja lali marang kabecikane liyan lan diupayakake bisa males budi. (2) Kasanggupane Arjuna dadi senopati perang mbelani negarane, maksude saben warga negara kuwi wajib mbelani negarane ing kahanan apa bae, bukti saka bektine. b. Relevansi isi crita karo kahanan jaman saiki. Wacan crita wayang ing dhuwur mung salah siji saka maewu-ewu crita sing isih ngrembaka ing satengahing masyarakat Jawa. Mligi crita wayangKirtya Basa VIIkuwi wujud wewayangane (bayangan/gambaran; BI) wong urip ing alam donya. Wewayangan dudu sejarah. Slaras lan fungsi crita wayang minangka sarana kanggo nuduhake gegambarane patrap lan perilakune manungsa, sarta akibat saka patrap lan perilakune tumrap awake dhewe, wong liya, lan bebrayan agung. T uladhane: “Perange Pandhawa lan Kurawa kuwi amarga padha rebutan drajad, pangkat lan semat”, kahanan kaya ngono kuwi ing jaman saiki akeh banget tuladhane. “Ibu Kunthi sing tega ninggal putrane Karna”, ing jaman saiki malah akeh banget prastawa sing padha, ibu ninggal anak, ibu tega mbuwang anak lan sapanunggalane. Pepeling 1. Tujuan panulisan lan pamacan wacan crita wayang pinangka panglipur kang bisa dijupuk nilai budi pekerti, pesan moral lan hikmahe. 2. Fungsine wacan crita wayang saliyane kanggo panglipur uga marisake nilai budi pekerti, norma-norma, budaya dan adat istiadat.Kegiatan 2 Mangun Teks Narasi Bebarengan SUMANTRI NGENGER Ing sajabane padhepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk krasa seger banget, Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing bang wetan direwangi putrane Bambang Sumantri banjur diterusake sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi, lumantar Dewa Surya ing sanggar pamujan. Resi Suwandagni kagungan putra loro, yaiku Bambang Sumantri lan Sukrasana. Putra loro mau wineleg ing samubarang kagunan, lan guna kasekten sing padha. Bedane, Bambang Sumatri tinakdir pinangka satriya kang bagus rupane lan alus solah bawane, suwalike Bambang Sukrasana tinakdir awujud buta bajang. ” Bapa kepareng kula matur?” Sumantri miwiti wawan rembug ing antarane bapa putra, sarampunge sembah puja. ” Oleh anakku, matura, ana apa?” pangandikane Resi Suwandagni sareh, karo ngingset anggone lenggah madhep putrane.48 Kirtya Basa VII” Inggih bapa matur nuwun, makaten bapa sampun antawis dangu kula anggadhahi krenteg badhe nyuwita dhateng ratu gusti ing kraton Mahespati.” Sumantri matur ramane kanthi tatag. ” Yen pancen wis gilig tekadmu, bapa amung paring pangestu bae, dakkira ya wis cukup pawitanmu, guna kasekten, olah kanuragan, kagunan ilmu wedha sing wis dakparingake. Saiki age samektakna ajaken adhimu Sukrasana, sapa ngerti butuh bebantu,” pangandikane Resi Suwandagni karo menyat jumeneng. ” Inggih Bapa sedaya sampun samekta, ananging kula boten saged ngajak adhi Sukrasana, benjang menawi sampun katampi pany uwitan kula, adhi Sukrasana kula papagipun, kula nyuwun pangestu sapunika ugi kula bidhal” Sumantri atur sembah pangabekti sarta nyuwun pangestu. ” Iya Sumantri, yen ngono karepmu budhala, pangestuku tansah njampangi lakumu.” Karo ngelus pundhake putrane, pangandikane Resi Suwandagni krasa ana geter sanajan tan ana tumetesing waspa. Sumantri age- age budhal, metu regoling padhepokan tanpa tumoleh. Tan kocapa, ing gandhok tengah Sukrasana ngrungokake kabeh pangandikane ramane lan kakange. Ora ndadak ngenteni weruh kakange budhal Sukrasana nututi lakune Sumantri lan tansah ngulati saka kadohan. Sumantri katrima panyuwitane marang Prabu Arjuna Sasrabahu yen ta bisa minangkani pamundhute Sang Prabu, yaiku nglamarake Dewi Citrawati ing negara Magada. Sumantri nyaguhi, sawise nyuwun palilah enggal budhal menyang negara Magada. Negara Magada wis kinepung wakul binaya mangap dening raja sewu negara sing atekad nglebur negara Magada amarga Prabu Citrawijaya durung paring wangsulan ngenani panglamare marang Dewi Citrawati. Mulane tekane Sumantri tiba kebeneran, Prabu Citrawirya kersa nampa panglamare Prabu Arjuna Sasrabahu, yen Sumantri bisa ngalahake raja sewu negara kang nedya nglebur negara Magada. Sumantri nyaguhi. Sumantri sing sekti mandra guna, tan tedhas tapak palune pandhe sisane gurinda, tanpa kangelan bisa nelukake raja sewu negara. Dewi Citrawati sida kaboyong ing negara Mahespati kasowanake Prabu Arjuna Sasrabahu. ” Sinuwun Prabu Arjuna Sasrabahu, kawula sowan ing ngarsa panjenengan boten ateges sagah dados garwa paduka, awit ingkang mimpang wonten ing perang lawan raja sewu negara Bambang Sumantri, samesthinipun ingkang dados jatukrama kula inggih pun Sumantri, pramila menawi paduka taksih ngersakaken kawula dodas garwa paduka kawula anggadhahi tigang punagi. Punagi ingkang kapisan, panjenengan kedah saged tandhing yuda kalawan Sumantri, punagi ingkang nomer kalih lan tiga kula aturaken menawiKirtya Basa VIIpanjenengan sampun mimpang tandhing yuda.” Ngendikan mangkono DewiCitrawati sinambi mbalang liring marang Sumantri. ” Oh ngono iya dakturuti kersamu Dewi. Bambang Sumantri enggal-enggala samekta ayo tandhing yuda ing alun-alun,” pangandikane Prabu ArjunaSasrabahu marang Sumantri. Sumantri amung sendika dhawuh. Cekaking critaamarga padha sekti mandraguna, tandhing yuda ora ana rampunge. PrabuArjuna Sasrabahu enggal tiwikrama kanggo mungkasi bandayuda. Sumantringrumangsani, banjur nyerah kalah. Punagine Dewi Citrawati sabanjure sing nomer 2, nyuwun diiringi 40widodari putri domas lan gamelan lokananta ing adicara temu penganten, lansing nomer 3 nyuwun diboyongake taman Sriwedari saka kahyangan. PrabuArjuna Sasrabahu paring parentah marang Sumantri supaya enggal mujudakepamundhute Dewi Citrawati. Sumantri budhal, ananging ora ngerti apa sing kududitindakake. ” Kakang Sumantri aja kuwatir, aku sing bakal minangkani pamundhuteDewi Citrawati, kakang ngenteni ana kene bae sesuk mesthi bisa kaleksanankabeh.” Sumantri kaget weruh adhine Sukrasana wis ana ing ngarepe. ” Sukrasana adhiku, matur nuwun pambiyantumu, iya dakanti ana kenemuga-muga kasil.” Sesuke wis sumadiya 40 widodari dadi putri domas lan gamelanlokananta minangka pengiring temanten, semono uga taman Sriwedari wispindah saka Kahyangan Untarasegara menyang tamansarine negara Mahespati.Saka banget marem lan sukane Sang Prabu ora mung nrima panyuwitaneBambang Sumantri nanging malah kepara antuk kanugrahan sinengkakakeminangka patih, kanthi asma patih Suwanda.Bausastra : piranti : srengengeubarampene :daktunggubagaskara : sekti bangetdakantisekti mandraguna : diangkat : nesu banget banjur malih rupa nggegirisisinengkakaketiwikrama Tugas 1 : Njingglengi Teks Narasi 1. Nggawea klompok dhiskusi ora luwih saka bocah 4 minangka anggotane. 2. Kewajiban minangka anggota klompok kudu dilakoni kanthi tanggung jawab lan kerjasama sing temen.

50 Kirtya Basa VII


Page 2

3. Salah siji anggota klompok, kudu ana sing dadi ketua klompok. 4. Kewajibane ketua klompok kudu tanggung Jawab marang kabeh sing dadi tugase klompok dibantu karo anggota liyane. 5. Wacan “Sumantri Ngenger” ing dhuwur coba dijingglengi bebarengan saklompokmu. 6. Pitakon ing ngisor iki wangsulana salaras karo asile anggonmu dhiskusi. a. Jlentrehna struktur wacan saka crita ”Sumantri Ngenger” ing dhuwur kanthi bukti paragraf sing nyengkuyung pranyatanmu! 1) Orientasi : ................................................................................................ ................................................................................................ 2) Komplikasi : ................................................................................................ ................................................................................................ 3) Klimak : ................................................................................................ ................................................................................................ 4) Resolusi : ................................................................................................ ................................................................................................ 5) Reorientasi : ................................................................................................ ............................................................................... ................. 6) Koda/penutup : ................................................................................................ .............................................................................................. b. Jlentrehna unsur basane lan wenehana bukti saka crita ”Sumantri Ngenger” ngenani: 1) Cirine basa teks narasi: ............................................................................................. ............................................................................................. 2) Basa rinengga (entar, saroja, garba) : ............................................................................................. ............................................................................................. 3) Unggah ungguh basa (tataran bahasa) : ............................................................................................. ............................................................................................. c. Jlentrehna fungsi lan tujuan teks narasi! 1) Nilai budi pekerti/pesan moral: ............................................................................................. ........................................................................................ .....Kirtya Basa VII2) Relevansi isi crita karo kahanan jaman saiki: ............................................................................................. ............................................................................................ . Tugas 2: Njingglengi Unsur Basane Teks Narasi Garapen bebarengan! 1. Goleka tuladhane dasanama sing ana sambung rapete karo tembung katrangan waktu lan tembung kriya 5 bae! 2. Goleka tuladhane tembung garba 5 bae! 3. Goleka tuladhane tembung entar 5 bae! 4. Goleka tuladhane tembung saroja 5 bae! 5. Goleka tuladha judhule wacan crita wayang liyane 5 bae! Kegiatan 3 Mangun Wacan kanthi Mandhiri Tugas 1: Njingglengi Teks Narasi Goleka wacan crita wayang saka ngendi bae bebas, bisa golek ing internet, majalah, buku-buku crita, lan liya-liyane. Pilihen siji bae, sing penting kudu golek dhewe, banjur wacanen lan jingglengana! Tugas 2: Nintingi Teks Narasi Sawise maca lan njingglengi wacan sing wis kopilih, jlentrehna nganggo ukaramu dhewe ora kenek nurun kancane lan buktekna saka wacan mau ngenani: a. Struktur wacan 1) Orientasi : ................................................................................ ................................................................................................ 2) Komplikasi : .............................................................................. ............................................................................... .................. 3) Klimak : .................................................................................... ................................................................................................. 4) Resolusi : .................................................................................. ................................................................................................. 5) Reorientasi : .............................................................................. .................................................................................................52 Kirtya Basa VII6) Koda/panutup : ......................................................................... ................................................................................................. b. Jlentrehna lan tulisen buktine unsur basa sing ana ing crita ngenani: 1) Ciri basane teks narasi: ............................................................................................. ............................................................................................. 2) Basa rinengga (entar, saroja, garba) : ............................................................................................. ............................................................................................. 3) Unggah ungguh basa (tataran bahasa) : ............................................................................................. ............................................................................................. c. Jlentrehna fungsi lan tujuane, tulisen buktine ing teks narasi! 1) Nilai budi pekerti/pesan moral: ................................................................. ............................ ............................................................................................. 2) Relevansi isi crita karo kahanan jaman saiki: ............................................................................................. .............................................................................................Kirtya Basa VIIUji Kompetensi Wulangan 3 I. Pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis, kanthi milih siji wangsulan kang paling bener! 1. ” ... Ing sajabane padepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk krasa seger banget, Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan, mapak sumoroting sang bagaskara ing bang wetan direwangi putrane Bambang Sumantri banjur diterusake sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi, lumantar Dewa Surya ing sanggar pamujan. Resi Suwandagni kagungan putra loro, yaiku Bambang Sumantri lan Sukrasana. Putra loro mau wineleg ing samubarang kagunan, lan guna kasekten sing padha. Bedane, Bambang Sumatri tinadir pinangka satriya kang bagus rupane lan alus solah bawane, suwalike Bambang Sukrasana tinakdir awujud buta bajang. ” Paragraf ing dhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu peranganane.... a. orientasi b. klimaks c. komplikasi d. resolusi 2. ” Oleh anakku, matura, ana apa? pangandikane Resi Suwandagni sareh, karo ngingset anggone lenggah madhep putrane. ” Inggih bapa matur nuwun, makaten bapa sampun antawis dangu kula anggadhahi krenteg badhe nyuwita dhateng ratu gusti ing kraton Mahespati.” Sumantri matur ramane kanthi tatag. Paragraf ing ndhuwur miturut struktur teks kalebu perangane.... a. orientasi b. klimaks c. komplikasi d. resolusi 3. ” Inggih Bapa sedaya sampun samekta, ananging kula boten saged ngajak adhi Sukrasana, benjang menawi sampun katampi panyuwitan kula, adhi Sukrasana kula papagipun. Kula nyuwun pangestu sapunika ugi kula bidhal.” Sumantri atur sembah pangabekti sarta nyuwun pangestu. Paragraf ing dhuwur migunakake basa.... a. ngoko lugu b. krama lugu c. ngoko alus54 Kirtya Basa VIId. krama alus 4. ” Iya Sumantri, yen ngono karepmu budhala, pangestuku tansah njampangi lakumu.” Karo ngelus pundhake putrane, pangandikane Resi Suwandagni krasa ana geter sanajan tan ana tumetesing waspa. Paragraf ing ndhuwur migunakake basa.... a. ngoko lugu b. krama lugu c. ngoko alus d. krama alus 5. Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing bang wetan. Tembung sang bagaskara ing ukara ndhuwur, ateges.... a. srengenge b. bumi c. lintang d. rembulan 6. Ngendikan mangkono Dewi Citrawati sinambi mbalang liring marang Sumantri.Tembung mbalang liring ing ukara dhuwur, kalebu jinise tembung.... a. entar b. garba c. saroja d. dasanama 7. Cekaking crita amarga padha sekti mandraguna, tandhing yuda ora ana rampunge. Tembung sing katulis nganggo aksara miring ing ukara ndhuwur, kalebu jinise tembung.... a. entar b. garba c. saroja d. dasanama 8. Ing crita ”Sumantri Ngenger” ing dhuwur, sing dadi paraga utamane yaiku.... a. Bambang Sumantri b. Dewi Citrawati c. Arjuna Sasrabahu d. SukrasanaKirtya Basa VII9. Prabu Arjuna Sasrabahu iku minangka raja ing .... a. Padhepokan Sekar Arga b. Kraton Majapahit c. Pedhepokan Sriwedari d. Kraton Maespati 10. Bambang Sumantri nalika diwisuda sinengkake dadi patih, asmane dadi.... a. Patih Sumantri b. Patih Sukrasana c. Patih Suwanda d. Patih Sekar Arga II. Wangsulana pitakonan ngisor iki kanthi patitis! 1. Coba aranana sapa wae paragane teks crita ”Sumantri Ngenger”! 2. Kepriye watak wantune para paraga mau? Terangna ! 3. Tembung-tembung basa rinengga apa kang ana ing teks ”Sumantri Ngenger”? 4. Apa tegese tembung-tembung sing wis koktemokake mau? 5. Wenehana tuladhane ukara basa krama alus sing ana ing teks crita ”Sumantri Ngenger”!56 Kirtya Basa VIIWULANGAN IVLELAGON TEMBANG KREASI ANYARKompetensi Dasar Indikator1.1 Menghargai dan mensyukuri 1.1.1 Berdoa sebelum memulai dan sesudah keberadaan bahasa daerah 1.1.2 kegiatan belajar bahasa daerah. sebagai anugerah Tuhan Yang Menggunakan bahasa daerah dalam Maha Esa untuk meningkatan berkomunikasi dengan tata krampengetahuan dan keterampilanberbahasa daerah, serta untukmelestarikan danmengembangkan budayadaerah untuk didayagunakansebagai upaya pembinaan danpengembangan kebudayaanNasional1.3 Menghargai danmensyukuri 1.3.1 Menggunakan bahasa daerah sebagai keberadaan bahasa daerah sarana menyajikan informasi lisan dan sebagai anugerah T uhan yang tulis sesuai dengan tata krama Maha Esa sebagai sarana menyajikaninformasi lisan dan 2.2.1 Percaya diri dan bertanggung Jawab tulis dalam membuat tanggapan pribadi terhadap pesan moral lagu kreasi baru..2.2. Memiliki perilaku percaya diri dan tanggung Jawab dalam 2.2.2 Percaya diri dan santun dalam melagukan membuat tanggapan pribadi lagu kreasi. atas karya budaya masyarakat 3.5.1 Mengidentifikasi jenis-jenis tembangdaerah yang penuh makna dan kreasitata krama 3.5.2 Mengidentifikasi struktur dari setiap teks3.5 Memahami struktur teks, unsur tembang kreasi. kebahasaan, dan pesan moral lagu tembang macapat dan 3.5.3 Mengklasifikasi unsur kebahasaan dari kreasi secara lisan dan tulis setiap teks tembang kreasi.4.5 Melagukan dan mengungkapkan 3.5.4 Menyimpulkan pesan moral lagu kreasi. 4.5.1 Membaca notasi (titi laras) teks tembang pesan tembang macapat kreasi. danlagu kreasi 4.5.2 Melantunkan masing-masing tembang kreasi sesuai titi larasnya Mbabar Wawasan Ing kegiatan iki kowe diajak ngumbara, ngeling-eling babagan lelagonkreasi anyar. Sadurunge mahami teks lelagon kreasi anyar, semaken cakepantembang ing ngisor iki, tembangna, banjur wangsulana pitakon kang wussumadiya!Kirtya Basa VIIKUNCUNG(Anggitane Ranto Edi Gudel/Dipopulerake dening Didi Kempot)cilikanku rambutku dicukur kuncungkathokku saka karung gandumklambiku warisane mbah kakungsarapanku sambel korek sega jagungkosokan watu neng kali nyemplung ing kedhungjaman dhisik durung usum sabun …,(pabrike rung dibangun)andhukku mung cukup andhuk sarungdolananku montor cilik saka lempungbis holopis kuntul barisrekasane saiki wisbis holopis kuntul barisgegere gek mbok ndang uwistanggal limalas padhang njingglang bulane bunder (seser)aku dikudang suk yen gedhe dadi dhoktertanggal limalas padhang njingglang bulane bunder (seser)bareng wis gedhe aku disuntik bu dhokterha na ca ra kaiki crita jaman semanada ta sa wa laiki crita saka wong tuwa1. Wangsulana pitakon ing ngisor iki ! a. Sapa sing nembangake lelagon kreasi ing dhuwur? b. Lelagon kasebut sapa sing ngripta? c. Kedadean apa sing digambarake ing lelagon iku ? d. Ana ngendi panggonan dumadine crita sing digambarake lelagon kasebut? e. Tembang kreasi liyane sing kongerteni apa wae? Sebutna 5 wae! f. Miturut jinise, tembang kreasi ana pira? Sebutna ! g. Tembang dolanan apa sing koelingi? Coba sebutna 5 wae!58 Kirtya Basa VIICakepan tembang ing dhuwur ora liya lelagon campursari kang dianggitRanto Edi Gudel lan dipopulerake dening Didi Kempot kang asma asline DidiPrasetyo. Dheweke penyanyi langgam campursari klairan kutha Solo, 31Desember 1966, mung protholan kelas II SMA. Sawise ora sekolah saben dinagaweyane mbarang ngamen, munggah-mudhun bis saka kutha siji tumuju kuthaliyane, nganti akhire keplantrang tekan Jakarta. Iya saka anggone mbarangngamen sadawane dalan iku banjur lair lagu-lagune kang kondhang kawentar,kayata Stasiun Balapan, Terminal T irtonadi, Tulung, Cucak Rowo, We-Cen-Yu,Yang Penting Hepi, lan Moblong Moblong. Langgam campursari mujudake salah sijine tembang utawa lelagon kreasi.Tembang iki nganti saiki isih ngrembaka lan disenengi meh kabeh lapisanmasyarakat. Ora mung masyarakat Jawa sing seneng, nanging waratasaindenging Indonesia, malah kawentar nganti manca negara. Ngrembakanelelagon kreasi iki diprakarsani para seniman sepuh, kayata Andjar Any, Gesang,lan Ki Narto Sabdo. Generasi penerus sabanjure diembani dening Manthos, DidiKempot, lan para seniman mudha liyane. Sawetara lelagon kreasi kang banget populer ing kalangan masyarakatJawa, umpamane: Gambang Suling (anggitane Ki Narto Sabdo), Yen Ing TawangAna Lintang (anggitane Andjar Any), Caping Gunung (anggitane Gesang, 1973),Jenang Gula (anggitane Andjar Any), Jangkrik Genggong (anggitane Andjar Any),Pamitan (anggitane Gesang), lan Aja Lamis (anggitane Gesang). Tembang utawa lelagon kreasi ora mung wujud langgam campursari,nanging uga isih ana tembang dolanan.Tembang dolanan iku jinis tembang kreasigagrag anyar sing ora nganggo paugeran guru gatra, guru lagu, lan guruwilangan. Tembang dolanan lumrahe ditembangake dening bocah-bocah cilik,utamane ing padesan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancane lan bisadibarengi wiramaning gendhing. Lumantar tembang dolanan, bocah-bocahditepungake bab sato kewan, sato iwen, thethukulan, tetanduran, bebrayan,lingkungan alam, lan sapanunggalane. Tembang dolanan uga kena kanggo ngundhakake pendhidhikan budipekerti. Tembang iki akeh ngemot pitutur luhur kang bisa kanggo patuladhan uriping alam donya. Wulangan budi pekerti lumantar tembang luwih gampangdisenengi bocah tinimbang sarana ceramah, jalaran bocah malah ora patinggatekake. Sapa sing isih kelingan cakepan tembang dolanan kaya ing ngisor iki?E, DHAYOHE TEKAE, dhayohe teka, e, gelarna klasaKirtya Basa VIIE, klasane bedhah, e, tambalen jadahE, jadahe mambu, e, pakakna asuE, asune mati, e, cemplungna kaliE, kaline banjir, e, kelekna pinggirE, pinggire jero, e, tinggalen kono Tembang dolanan iki biyen dienggo dolanane bocah-bocah cilik nalikanerembulan ndhadhari. Isih akeh maneh cakepan tembang dolanan liyane kang bisakita goleki.Kegiatan 1 Modhel Teks Tembang KreasiGatekna teks tembang kreasi ing ngisor iki ! PRAON ( PRAU LAYAR ) Pelog Pathet Nem ( Ki Nartosabdo ). . 5 5 5 5 5 5 1‟ 5 5 Yo kan ca neng gi sik gem bi ra. . 56 5 3 2 5 3 5 3 2 1 A le rap le rap ba nyu ne se ga ra. . 5 5 5 5 5 5 1‟ 5 5 Ang gli yak num pak pra u la yar. .5 6 5 3 2 5 3 5 3 2 1 Ing di na ming gu keh pa ri wi sa ta.. 7 1‟ 2‟ 3„ 5 6 1‟ 1‟ A lon pra u ne wis ne ngah,. 1‟ 2‟ 1‟ 2‟ 1‟ 2‟ . 5 5 2‟ 2‟ 2‟ Byah byuh byah ba nyu bi ne lah. 3‟ 2‟ 3‟ 2‟ 3‟ 2‟ 1‟ 1‟ 1‟ 2‟ 2‟ 1‟ O ra je mu je mu ka ro me sem nggu yu. 1‟ 2‟ 7 1‟ 2‟ 7 1‟ 2‟ 7 1‟ Ngi lang a ke ra sa lung krah le su. 1‟ 1‟ 1‟ 5 6 .4 5 6 4 5 A dhik nja wil Mas, je bul wis so re. . 56 53 2 5 35 3 2 1 pa tan sah nga we a we Witing ke la60 Kirtya Basa VII. 2 3 1 2 3 1 23 1 2 Pra yo ga ne be cik ba li wa e5 6 . 6 5 6 1‟ 2‟ 3‟ 1‟ 5 5 5 5De ne se suk e suk tu man dang nyambut ga weWangsulana pitakon ngisor iki! 1. Apa irah-irahane tembang lelagon kreasi ing dhuwur? 2. Tembang kasebut anggitane sapa? 3. Apa temane tembang kasebut? 4. Tembang ing dhuwur nyritakake bab apa? 5. Apa isine tembang kasebut! 6. Apa paedahe nindakake pariwisata?Tindakna pakaryan iki bebarengan karo kancamu! 1. Kanthi bimbingan gurumu, wacanen titi larase tembang kreasi ”Prau Layar” ing dhuwur kanthi trep! 2. Sawise wasis maca titi larase, sabanjure tembangna cakepane salaras karo titi larase!Tugas 1: Struktur Teks Tembang Kreasi Anyar Ora ana struktur gumathok kang dadi pathokane tembang kreasi. Teks tembang kreasi anyar strukture bebas, nanging amarga wujude tembang nduweni titi laras lan cakepan. 1) Titi Laras Titi laras yen ana ing istilah seni musik saemper karo tangga nada. Asale saka tembung titi kang ateges angka, tulis, notasi, utawa lambang lan laras tegese susunan nada. Dadi titi laras iku notasi tulis, huruf, angka utawa lambang kang nuduhake laras tartamtu. Titi laras, utawa cukup diucapake laras, kaperang dadi loro, yaiku: a) Laras slendro ‟Slendro‟‟ iku salah sijine laras ing gamelan. Saliyane slendro, ana uga pelog. Ana 5 swara, dumadi saka swara 1 2 3 5 6 (diwaca : ji ro lu ma nem). Laras slendro ora ana swara 4 (papat) karo 7 (pitu). b) Laras pelog Beda karo laras slendro kang mung dumadi saka 5 swara, laras pelog nduweni 7 swara. Dumadi saka 1 2 3 4 5 6 7 ( diwaca ji ro lu pat ma nem pi).Kirtya Basa VII2) Cakepan yaiku naskah, teks, utawa syaire tembang kreasi. Cakepan tembang iki sejatine ora beda karo wangun geguritan kang banjur dilagokake. Saliyane titi laras lan cakepan, struktur teks tembang kreasi kang awujud langgam (campursari) ora bisa dipisahake karo struktur lagu populer liyane. Ing kono tinemu bagean-bagean, kaya ta intro, verse (pada), chorus (reffain), lan ending. Perangan-perangan iki ora kudu ana ing tembang dolanan. Intro, yaiku laras wiwitan kang murwakani sawijining tembang. Perangan iki nduweni fungsi kanggo menehi kalodhangan wiraswara (penyanyi) kanggo nyiapake dhiri sadurunge tembang dilagokake. Intro biasane awujud instrumen musik tanpa cakepan. Verse yaiku perangan pada pambuka. Ana kalane uga diarani pada basa- basi amarga ora nduweni isi kang wigati. Nanging perangan iki penting, jalaran kanggo mlebu marang isine tembang. Tembang sing apik nduweni perangan verse sing kuwat tumrap melodi lan harmoni, ora kalah karo perangan reffain. Chorus (reffain) iku perangan kang dadi intine tembang. Ing perangan iki pangripta medharake pesan moral tumrap pamiarsane, mula perangan iki biasane dibolan-baleni. Perangan chorus iki minangka roh utawa klimaks- sawijine tembang kreasi. Ending, utawa diarani pada panutup iki perangan cakepan tembang kang kanggo mungkasi sawijine tembang supaya krasa nges, ora mandheg ndadak. Wujude bisa perangan reffrain kang dibolan-baleni, bisa uga pungkasaning lagu kang dibolan-baleni, utawa instrumen khusus kang sengaja digawe kanggo mungkasi lagu. Pepeling Ora kabeh tembang kreasi dumadi saka : intro, verse (pada), chorus (reffain), lan ending. Akeh cakepan langgam utawa tembang dolanan kang kabeh perangane dipentingake. Dadi angel dibedakake endi perangan verse, reffain lan endhing. Tugas 2: Nintingi Unsur Basa Teks Tembang Kreasi Gatekna cakepan tembang iki !62 Kirtya Basa VIIANOMAN OBONG • Cip: Ranto Edi Gudel Ceritane... Wayang Jawi... ing Praja Ngalengka Diraja... Rahwana Raja arane... gawe geger nyolong Shinta... Anoman cancut tumandhang... Ngalengka wis dadi awu... kobong... kobong... kobong gedhe,,, jeroning praja.. Ceritane Wayang Ramayana Ing negara Ngalengka Diraja Ratu buta Rahwana Raja Gawe geger nyolong Dewi Shinta Anoman Si Kethek Putih Sowan taman Sinta dijak mulih Konangan Indrajit lan patih Ning Anoman ora wedi getih eh lhadalah, Ngalengka diobong (diobong-diobong) Togog Bilung wa a o padha pating domblong Omah gedhe padha dadi areng Dasamuka dadi gereng-gereng iya wae yaiya iya wae... 4x Cakepan tembang kreasi ing dhuwur migunakake pilihan tembung kang mirunggan, runtut swara, sastra, lan basane, saengga krasa enak lan kepenak yen dirungu. Pangrakite tetembungan kang kaya mangkono diarani basa rinengga kang awujud purwakanthi. Purwakanthi istilah linguistike aran aliterasi iku unen-unen utawa ukara kang runtut swara, sastra, utawa basane. Purwakanthi kang runtut swarane diarani purwakanthi guru swara, yen runtut sastrane diarani purwakanthi guru sastra, dene yen runtut basane diarani purwakanthi guru basa utawa lumaksita. Dadi purwakanthi bisa digolongake dadi telu, yakuwi purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra lan purwakanthi lumaksita. Cakepan tembang ing dhuwur cetha migunakake purwakanthi guru swara (asonansi). Bisa dideleng saka runtute swara –/e/ ing gatra 1 lan 2, banjur swara /an-an/ ing gatra 3 nganti 5, lan swara /a/ ing gatra 6 lan 7, lan sateruse ana pungkasane swara kang endah dirungu. Tuladha liyane purwakanthi guru swara kaya ing ngisor iki: 1. Aja dumeh menang, banjur tumindak sawenang-wenang. 2. Ana awan, ana pangan 3. Ana dina, ana upaKirtya Basa VII4. Ati karep, bandha cupet 5. Bareng wis makmur, lali marang sedulur 6. Becik ketitik, ala ketara 7. Tiwas sayah, ora paedah Beda maneh karo cakepan tembang dolanan sing siji iki : GOTRI Gotri ala gotri nagasari – ri Riwul awal-awul jenang grendul –dul Dolan awan-awan ndelok manten – ten Titenana mbesuk gedhe dadi apa – pa Podheng mbako enak mbako sedheng – dheng Dhengklek eklak-eklek dadi kethek. Ana ing cakepan tembang dolanan ing dhuwur purwakanthi guru basane cetha banget. Wanda pungkasan ri dienggo ing tembung riwul, wanda pungkasan dul diambali maneh ing tembung dulan, lan sapanunggalane. Tuladha purwakanthi guru basa utawa purwakanthi lumaksita liyane kaya ing ngisor iki : 1. Asung bekti, bektine kawula marang Gusti 2. Bayem arda, ardane ngrasuk busana 3. Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik 4. Nandang lara, laraning wong lara lapa 5. Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa 6. Raja putra, putra daleme Ngastina Purwakanthi guru sastra (aliterasi) iku tetembungan kang runtut sastrane. Sastra tegese tulis. Ing babagan purwakanthi iki dilambangake karo konsonan. Dadi purwakanthi guru sastra titikane runtut susunan konsonane ing tetembungan utawa ukara sing digunakake. Tuladhane kaya ing ngisor iki: 1. Tata titi titig tatag, tanggung tertib 2. Taberi nastiti lan ngati-ati, mesthi bakal dadi 3. Wong jejodhoan kudu ngelingi : babat, bibit, bobot, bebet 4. Ruruh, rereh, ririh ing wewarihipun, mrih reseping para miyarsi 5. Tarti tata-tata, ate metu turut ratan, diutus tuku tahu tempe dhuwite kertas telung atus 6. Tindak-tanduk lan tutur kang kalantur, tamtu katula-tula katali, bakal kacatur, katutuh, kapatuh, pan dadi awon.64 Kirtya Basa VIIKanggo latihan, coba tetembungan ing ngisor iki aranana kalebu purwakanthi apa? 1. Sluman slumun slamet, salamun nyemplung kali plung, slulup slelep- slelep oleh slepi isi klobot, njumbul bul klambine teles bles. 2. Saking tresna, tresnane mung samudana. 3. Ireng-ireng ketok untune, bareng seneng ketok guyune. 4. Ora cepet, ora ngliwet. 5. Thenguk-thenguk, nemu kethuk. 6. Kala kula kelas kalih, kula kilak kalo kalih kuli-kuli kula, kalo kula keli, kali kilen kula, kalo kula kampul-kampul, kula kelap-kelip kala-kala keling- keling. 7. Urip iki ora angel, angele sok ginawe dhewe, dheweke tan ngrasa bisa, bisane mung nyadhong dhawuh, dhawuhe Sang Bupati, tibane mung guyonan. a. Unggah-Ungguh Basa 1. Basa Ngoko Alus Basa ngoko alus uga diarani basa ngoko andhap. Basa iki sanajan ngoko nanging hurmat marang wong sing digunem utawa sing diajak guneman. a) Ciri-cirine basa ngoko alus kaya ing ngisor iki : 1) Tetembungane ngoko kacampuran krama inggil tumrape wong kang diajak guneman (Orang kedua) lan wong kang digunem (Orang ketiga) saperlu kanggo ngajeni/ngurmati. Kosok baline tumrap awake dhewe nganggo tembung ngoko utawa tembung krama andhap. Dene kang digawe krama, yaiku: (a) Tembung sesulih purusa (kata ganti orang) panjenengan (tumrap wong kang luwih tuwa), sliramu (tumrap wong kang luwih enom), panjenengane utawa slirane. (b) Tembung kriya (kata kerja) Tembung kriya kang digawe krama inggil iku tembung kriya tumrape wong kang diajak guneman (orang kedua) lan wong kang digunem (orang ketiga). Tembung kriya tumrape wong kang guneman (orang pertama) cukup nganggo tembung ngoko utawa tembung krama andhap. (c) Ater-ater lan panambang tumrap tembung krama inggil utawa krama andhap tetep ngoko. b) Basa ngoko alus/andhap digunakake kanggo omong- omongan/guneman: 1) Wong tuwa marang wong enom kang perlu diajeni. Tuladha: Nak Eko, sliramu kondur saka kantor jam pira?Kirtya Basa VII2) Wong enom marang wong luwih tuwa umure, amarga kudu ngajeni. Tuladha: Mbakyu, matur nuwun wis maringi jambu aku. 3) Ngajeni marang wong sing digunem (orang ketiga) Tuladha: Min, bu guru mau ndhawuhi nggarap tugas ing kaca pira? Katrangan: Kanggo luwih mangerteni kepriye bedane antarane basa ngoko lugu lan ngoko alus, coba gatekna tuladha ing ngisor iki! (1) Ri, kowe duwe kamus basa Jawa apa ora? (2) Bapak wis kondur saka kantor. Ukara (1) kabeh tetembungane ngoko (yaiku tembung kowe, duwe, kamus, basa, Jawa, lan ora). Ukara (1) mau diarani ukara kang nggunakake basa ngoko (ngoko lugu). Ukara (2) iku tetembungane ngoko (yaiku wis, saka, lan kantor), nanging kacampuran tembung krama inggil, yaiku tembung kondur. Tembung kondur iku basa ngokone bali/mulih. Tembung bali/mulih ora digunakake ing ukara iku amarga kanggo ngajeni wong sing digunem (orang ketiga), yaiku bapak. Yen tembung kondur kaganti nganggo tembung bali/mulih, kurang trep karo undha-usuk utawa unggah-ungguh basa. Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki! a. Mbakyu, kowe mau mara dhewe apa sakulawarga? b. Aku diwenehi dhuwit dening Pakdhe. c. Dhik Joko, kowe saiki mulang ana ngendi? Ukara a, b, lan c iku tetembungane nggunakake basa ngoko kabeh. Mula, ukara-ukara iku mau diarani ukara kang nggunakake basa ngoko lugu. Ananging ukara mau kurang trep amarga ora manut unggah-ungguh (kaya katrangan sing wis dijelaske ing dhuwur). Mula, ukara-ukara mau prayogane digawe ngoko alus. a. Mbakyu, panjenengan mau tindak dhewe apa sakulawarga? b. Aku diparingi dhuwit dening Pakdhe. c. Dhik Joko, panjenengan saiki ngasta ana ngendi? Kanggo njajagi pamahamanmu, ukara-ukara ing ngisor iki owahana dadi basa ngoko alus! 1. Simbah lagi adus nganggo banyu anget amarga lagi lara. 2. Mas, apa kowe ora sida lunga saiki?66 Kirtya Basa VII3. Sus, kowe mau kok disrengeni Pak Guru mergane apa? 4. Aku uwis ngombe jamu. Ibu durung sida ngombe jamu amarga durung mangan. 5. Bapak anggone tangi kepadhangen amarga mau bengi nonton wayang 2. Basa Krama alus Basa krama alus iku basa kang ngajeni banget. Kadhang ana sing ngarani basa krama inggil. Kamangka istilah kasebut sejatine keliru. Krama inggil iku sing ana mung tumrap tembung, yaiku tembung krama inggil. Tembung krama inggil iku tembung kang digunakake kanggo nginggilake utawa ngajeni wong sing diajak guneman, utawa wong sing digunem. Kosok baline tembung krama andhap, yaiku tembung kang digunakake kanggo ngandhapake awake dhewe. Wujude krama alus dumadi saka tembung-tembung krama kacampuran tembung krama inggil utawa tembung krama andhap, basane luwih alus lan ngajeni banget. Kaya dene basa ngoko andhap, sing nganggo tembung krama inggil yaiku tembung sesulih purusa, tembung kriya (panindake) lan barang kaluwihane. Yen tumrap awake dhewe ora kena nganggo tembung krama inggil (ora kena ngramakake awake dhewe), kepara yen ana kudu nganggo tembung krama andhap. Tembung krama inggil sing digunakake iku tujuane kanggo ngurmati wong sing diajak guneman. Kosok baline tembung krama andhap iku kanggo ngandhapake awake dhewe. Basa krama alus bisa digunakake kanggo guneman marang sapa wae sing pancen kudu dihurmati. Tuladha: a. Manawi Ibu badhe dhahar, mangga kula ladosi! b. Bapak badhe tindak dhateng Jakarta. c. Punapa Rini sampun panjenengan pundhutaken obat? Ukara ing ngisor iki owahana dadi basa krama alus! 1. Pak Guru tindak menyang Surabaya amarga arep penataran. 2. Aku ora ngerti apa sing dingendikakake Pak Junaedi. 3. Saben dina pak Agus nitih motor bareng karo garwane. 4. Pak Warsito nate ngendika manawa panjenengane ora bakal kondur yen durung rampung pakaryane. 5. Panjenengan mau diutus apa karo Pakdhe?Kirtya Basa VIIPepeling Tumprape wong Jawa duwe pakulinan menawa ngajak utawadiajak guneman, awake dhewe diasorak, dene sing diajak guneman luwihdiajeni. Aja pisan-pisan ngramakake awake dhewe. Bab kang kayamangkono iku kudu digatekake awit menawa ana wong sing krungu lanngerti marang unggah-ungguh basa, bisa-bisa awake dhewe diarani orangerti tata krama utawa ora ngerti unggah-ungguh.Basa Salah Basa BenerKula sampun dhahar. Kula sampun nedha.Aku tindak dhisik, ya. Aku lunga dhisik, ya.Kula sampun siram. Kula sampun adus.Saenipun bapak wangsul kemawon Saenipun bapak kondur kemawon.Basa ngoko alus lan basa krama alus iku basa sing universal. bisadigunakake guneman dening sapa bae lan marang sapa bae, amarga wissamesthine marang sapepadhane iku tansah ajen-ingajenan.Tugas 3: Nintingi Pesan Moral Tembang Kreasi Gatekna cakepan tembang ing ngisor iki : LUMBUNG DESA Lumbung desa pra tani padha makarya –ayo dhi Njupuk pari nata lesung nyandhak alu – ayo yu Padha nutu yen wis rampung nuli adang – ayo kang Dha tumandang yen wus mateng nuli madhang Cakepan tembang dolanan ing dhuwur migunakake ukara prasaja, nanging ngandhut piwulang kang mentes. Ing antarane ngajari supaya wong urip iku kudu sregep makarya (nyambut gawe). Mesthine kanggo nyukupi kebutuhan kulawarga lan bebrayan. Kudu guyup, rukun, lan gotong royong kang pancen dadi ciri lan pakulinan tumrap masyarakat lan bebrayan Jawa. Isih akeh pitutur luhur kang bisa didhudhah saka tembang dolanan lan tembang kreasi liyane. Saben cakepan bisa dionceki mungguh tuladha pakarti lan pitutur kang migunani tumrap panguripan. Ora mung budi pakarti, nanging uga ilmu pengetahuan werna-werna kang disajekake kanthi entheng lan nyenengake. Cocog karo jenenge tembang dolanan, isine bisa kanggo suka parisuka.68 Kirtya Basa VIIKegiatan 2 Nembang Lelagon Kreasi Bebarengan Tugas 1: Nembang lelagon kreasi Kanthi bimbingan guru, coba lagokna langgam ”Mbok Ya Mesem” anggitane Ki Narto Sabdo ing ngisor iki! Carane gatekna pituduh iki: Nggawea klompok, saben klompok dumadi saka 5 nganti 6 anggotane. Temtokna sapa sing dadi ketua klompoke. Tugase ketua klompok, mimpin anggota klompok anggone ngayahi kewajibane kanthi jujur, tanggung Jawab, lan santun. Tugase klompok, gladhen tetembangan wiwit maca titi laras nganti cakepan kang wis sumadiya. Sakwise wasis banjur tembangna bebarengan, saperangan maca titi laras, saperangan maneh maca cakepane kanthi bebarengan. Asile gladhen direkam wujud audiovisual minangka portofolio. MBOK YA MESEM Laras Slendro 9|| 1’ 1’ 1‘ 1’ 2’ 5 1’ | 2’ 3’ 1’ 6 5 6 1’ |E e e mbok ya me-sem mre-ngut pe- dah-e a-pa1’ 1’ 1’ 1’ 2’ 5 1’ | 2’ 3’ 1’ 5 6 1’ 2’ |E e e mbok ya nggu yu susah pe dah e a pa. 3’ 1’ . 65 5 |. 3 53 231 | Pan ja- luk ku dhik te tep a ing jan ji.6 1’ . 6 5| . 3 5 3 2 3 1 | A ja e wa a ja tan sah cu-wa.1 6 1 2 3 1 3 |3 . 1 3 5 5 | Na dyan a ku u ga tan se- lak ing jan ji1’ . 1’ 2’ 5 | . 3 5 3 2 3 1 |E me sem a tan sah tak en ten i33 3 3 3 6 | 1’ 1’ 1’ 1’ 2’ 5 |Yo ba reng a ngu di lu hur ing ka gu-nan3 3 5 3 3 5| . 3 2 1 2 3 1 ||Wa ton e tu me men mes thi ka sem- ba- danKirtya Basa VIITugas 2: Nembang Lelagon Kreasi Liyane Sakwise bisa nembangake langgam ing dhuwur, saiki terusna kanthi nembangake cakepan tembang dolanan lan tembang kreasi ing ngisor iki! 1. GETHUK Sore-sore padhang bulan Ayo kanca padha dolanan Rene-rene bebarengan Rame-rame, e dha gegojegan Kae-kae rembulane Yen disawang kok ngawe-awe Kaya-kaya ngelingake Kanca-kanca ja turu sore-sore Reff: Gethuk asale saka tela Mata ngantuk iku tambane apa Gethuk asale saka tela Yen ra mathuk atine rada gela Ja ngono mas aja-aja ngono Kadung janji mas aku mengko gela 2. PARIWISATA Anjajah desa milang kori Kalamangsane pariwisata Wruh endahe alam nuswantara Keh kang adiluhung Alas lan gunung-gunung 3. GUGUR GUNUNG Ayo kanca ayo kanca ngayahi karyaning praja Kono-kene kono-kene gugur gunung tandang gawe Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane Lila lan legawa kanggo mulyaning negara Siji loro telu papat, maju papat-papat Diulang-ulungake mesthine enggal rampunge Holopis kuntul baris holopis kuntul baris Holopis kuntul baris holopis kuntul baris70 Kirtya Basa VIITugas 3: Nintingi Unsur Basa Lelagon KreasiGolekana tuladha purwakanthi kang ana ing tembang dolanan ing dhuwur!Purwakanthi ............................................................................................................................Guru Swara ..........Purwakanthi ............................................................................................................................Guru Sastra ..........Purwakanthi Lumaksita ............................................................................................................................ .......... ............................................................................................................................ .......... ............................................................................................................................ .......... ............................................................................................................................ ..........Kegiatan 3 Mangun Teks kanthi MandhiriTugas 1: Nggolek Teks Tembang Kreasi 1. Goleka tuladha tembang dolanan 2 bae, banjur salinen! 2. Goleka tuladha tembang campursari 2 bae, banjur salinen! 3. Jelasna pesan moral / pitutur kang ana ing tembang anggonmu golek tuladha mau!Tugas 2: Nembangake Tembang Kreasi Tembangna salah siji cakepan tembang sing wis koksalin!Kirtya Basa VIIUji Kompetensi Wulangan 4I. Pilihen wangsulan kang bener kanthi nyontreng abjad jawabane! YEN ING TAWANG ANA LINTANG (Pangripta: Anjar Any) Yen ing tawang ana lintang, cah ayu Aku ngenteni tekamu Marang mega ing angkasa, nimas Sun takokne pawartamu Janji-janji aku eling, cah ayu Sumedhot rasane ati Lintang-lintang ngiwi-ngiwi, nimas Tresnaku sundhul wiyati Reff: Dhek semana janjimu disekseni Mega kartika kairing rasa tresna asih Yen ing tawang ana lintang cah ayu Rungokna tangising ati Binarung swarane ratri, nimas Ngenteni mbulan ndhadhari 1. Cakepan tembang kreasi ing dhuwur awujud .... Kirtya Basa VII a. tembang dolanan b. langgam c. tembang macapat d. panembrama 2. Tembang ing dhuwur diripta dening .... a. Anjar Any b. Ki Narto Sabdo c. Didi Kempot d. Manthous723. Tembang ing dhuwur migunakake purwakanthi guru swara. Perangan kang nuduhake purwakanthi guru swara, yaiku .... a. Yen ing tawang ana lintang b. Janji-janji aku eling, cah ayu c. Dhek semana janjimu disekseni d. Rungokna tangising ati 4. Temane cakepan tembang ing dhuwur yaiku .... a. pendhidhikan b. kaendahan c. perjuwangan d. katresnan 5. Dhek semana janjimu disekseni Mega kartika kairing rasa tresna asih Tembung ‟kartika‟ ing pethikan cakepan dhuwur tegese .... a. rembulan b. lintang c. awang-awang d. panggonan 6. Purwakanthi, miturut wujude dibedakake dadi 3. Pamilahe kaya ing ngisor iki, kajaba .... a. purwakanthi guru lagu b. purwakanthi guru swara c. purwakanthi guru sastra d. purwakanthi lumaksita 7. Bu guru : Sapa jenengmu ? Murid : ........................ Ukara sing bener kanggo mangsuli pitakone Bu Guru yaiku ........ a. Nami kula Budi Santosa b. Jenengku Budi Santosa c. Asma kula Budi Santosa d. Jeneng kula Budi Santosa 8. Aku dikongkon Mas Bayu tuku kacang karo roti mari. Ukara basa ngoko lugu kasebut yen diowahi dadi basa krama alus : a. Kula dikengken Mas Bayu tumbas kacang kaliyan roti. b. Kula dipunutus mas Bayu tumbas kacang kaliyan roti. c. Kula diutus mas Bayu mundhut kacang kaliyan roti. d. Kula lan mas Bayu dipunutus mundhutaken roti. 9. Dhik Widhi dipun timbali Bapak badhe dipunutus ngaturaken serat dhateng Pak Winardi. Ukara ing dhuwur yen diowahi dadi basa ngoko alus: a. Dhik Widhi diceluk Bapak arep dikongkon ngeterake surat marang Pak WinardiKirtya Basa VIIb. Dhik Widhi dipun celuk Bapak badhe dipun kengken ngeteraken serat dhumateng Pak Winardi. c. Dhik Widhi ditimbali Bapak arep diutus ngeterake layang marang Pak Winardi d. Dhik Widhi dipuntimbali Bapak badhe dipunutus ngeteraken serat dhumateng Pak Winardi.10. Timun monte – tela landa – ndemok asu – sugih utang – tanggal siji – jimantolo – lan sateruse. Rakitaning tetembungan kaya kasebut diarani .... a. purwakanthi guru swara b. purwakanthi guru sastra c. purwakanthi guru lagu d. purwakanthi lumaksitaII. Pakaryan ing ngisor iki tindakna miturut prentahe!SEPURANSinten nunggang sepur bayare setaliWong niki sepur dhur terus teng KedhiriSapa trima nggonceng konangan kondhekturSampeyan didhendha napa boten kojur1. Jelasna pitutur luhur kang kinandhut ing tembang kasebut!2. Purwakanthi apa bae kang tinemu ing cakepan tembang kasebut?3. Tembang ing dhuwur dumadi saka pirang gatra?4. Miturut cakepan ing dhuwur, yen nunggang sepur kudu kepriye?5. Bu Guru : Ing semester iki kowe melu ekstra apa:Wangsulane murit sing bener yaiku:Murid : ..................................................74 Kirtya Basa VIIGladhen Ulangan Akhir Semester GanjilWacanen kanthi premati! PESISIR PUL0 MERAH, PRIMADHONA WISATA ANYAR ING BANYUWA NGI Pesisir Pulo Merah, mujudake objek wisata anyar katon ing KabupatenBanyuwangi. Objek wisata iki pernahe manggon ing Kecamatan Pasanggaran.Diarani pesisir Pulo Merah amarga pesisir iki ngayunake pulo cilik kang teksturlemahe werna abang ngelam-elami kang manggon ing lambene pesisir pulo mau.Pulo mau bisa ditekani kanthi mlaku dharat nalika segarane lagi surut. Ing pulomau uga ana bangunan pura kang digunakake para sedulur panggilut agamaHindu kanggo nindakake upacara makiyis. Nalika tahu 1990 kawasan Pulo Merah nate rusak banget diterjangTsunami. Lagi nalika jaman pamarintahan Kabupaten Banyuwangi diasta BapakAbdullah Azwar Anas Pulo Merah entuk kawigaten kang mirunggan. Pesisire kangendah ngelam-elami ati narik kawigatene Bapak Bupati kanggo dikembangakedadi objek wisata andhalan. Akses dalan tumuju pesisir mau didandani. Singmaune mung wujud dalan makadam kang ciut, dijembarake lan diaspal alus.Pantaine uga dijaga supaya tetep resik, ditata apik, lan dijangkepi sarana-prasaranane. Dhek akhir taun 2012 kepungkur, Pemkab. Banyuwangi wus ngenalakepesisir Pulo Merah marang wisatawan internasional lumantar nggelar ajang lombabalap sepedhah ”Banyuwangi Tour de Ijen”. Iya wiwit prastawa iku banjurkawasan pesisir Pulo Merah dikenal ora mung wisatawan nuswantara, nangingnganti tekan manca negara. Ora kleru yen banjur Pesisir Pulo Merah dadiprimadhona wisata anyar. Kanthi dibukake objek wisata anyar Pesisir Pulo Merah ndayani gumregahepanguripan masyarakat ing sakiwa-tengene pesisir. Akeh warga masyarakat kangbanjur bukak usaha, kayata warung mangan, maneka-warna olahan asil segara,jajanan khas pesisir, asil kerajinan lan cendera mata, panginapan, nganti tekanpanggonan parkir. Ateges kanthi ora langsung kabukak lapangan kerja anyar.Masyarakat melu mundhak ekonomi panguripane. Asile olah tetanen, asilenelayan, lan asile para pangrajin bisa payu, lan kabeh masyarakat melungrasakake manfaat tumrap objek wisata anyar Pesisir Pulo Merah.I. Pilihen salah siji wangsulan kang bener menehi tandha ping (x) ing sangarepe jawaban!1. Objek wisata Pesisir Pulo Merang manggon ing dhaerah .... a. Kecamatan Pesanggaran BanyuwangiKirtya Basa VIIb. Kecamatan Grajagan Banyuwangi c. Kecamatan Banyuglugur Situbondo d. Kecamatan Puger Jember2. Diarani Pulo Merah amarga .... a. Tekstur lemahe werna abang b. Tanduran sing urip ing pulo mau godhonge werna abang c. Banyu segara ing sakiwa tengene pulo wernane abang d. Digunakake kanggo upacara makiyis dening panganut Hindu3. Pada ka-1 ing wacan dhuwur miturut struktur teks dheskriptif diarani perangan.... a. klasifikasi b. dhefinisi c. dheskripsi bagian d. simpulan4. Dene perangan dheskripsi bagian ing wacan dhuwur dituduhake pada .... a. kapisan b. kapindho c. katelu d. kapapat5. Objek wisata Pesisir Pulo Merah wiwit kawentar sawise dikenalake lumantar ajang lomba balap sepedhah ”Banyuwangi Tour de Ijen”. Kegiatan mau dianakake tahun .... a. 1990 b. 2010 c. 2012 d. 20146. Pembangunan objek wisata Pulo Merah ditindakake nalika pemerintahan .... a. Bupati Azwar Anas b. Ratna Ani Lestari c. Samsul Hadi d. HT Purnomo Sidik7. Ing ngisor iki efek positif dibukake objek wisata Pulo Merah tumrap masyarakat sakiwa tengene, kajaba .... a. Masyarakat bisa mbukak warung ing sakiwa tengene objek wisata. b. Masyarakat bisa masarake asil kerajinane kanggo souvenir para wisatawan. c. Masyarakat bisa mbangun omahe saka asil ngedol pekarangane marang investor asing d. Masyarakat pangasilan saben dinane bisa mundhak, lan luwih sejahtera.76 Kirtya Basa VIIWacanen kanthi permati! Mendhung Ing Ayodya ”…Rikala Dewi Kekayi dipunpundhut garwa dening Prabu Dasarata, DewiKekayi duwe panjaluk menawa mbesuk kudu putrane sing dadi ratu ana ingAyodya. Nalika Barata wis diwasa, Dewi Kekayi nagih janji. Rama putra PrabuDasarata sing mbarep katundhung lunga saka Ayodya lan nindakake urip ing alas. Langit ing kraton Ayodya pindha katutup mendhung, Dewi Sukasalya ibuneRama sanadyan sungkawa, ana uga rasa mongkog ing batin, dene kang putraRama Wijaya netepi darmaning satriya, nglilakake dhampar keprabon kanthilegawaning ati, minangka tandha bektine marang kang rama. Mangkono ugaLaksmana putrane Dewi Sumitrawati, kang setya marang Raden Rama Wijayaminangka sedulur sepuh….”8. Garwane Prabu Dasarata sing paling tuwa paring asma …. a. Dewi Kekayi b. Dewi Sukasalya c. Dewi Sumitrawati d. Dewi Sinta9. Ibune Barata asmane .... a. Dewi Kekayi b. Dewi Sukasalya c. Dewi Sumitrawati d. Dewi Sinta10. Ibune Laksmana asmane .... a. Dewi Kekayi b. Dewi Sukasalya c. Dewi Sumitrawati d. Dewi Sinta11. Sing dadi ratu ing Ayodya Barata dudu Rama, amarga …. a. Barata minangka putrane Prabu Dasarata sing paling tuwa. b. Ramawijaya minangka putra sing pambarep kudu dibuwang urip ing tengah alas. c. Prabu Dasarata ditagih janji Dewi Kekayi sadurunge dipundhut garwa manawa putra keturunane sing bakal dadi ratu ing Ayodya. d. Ramawijaya wus nindakake kesalahan, saengga kudu diukum buwang urip ing tengah alas.Kirtya Basa VII12. Dewi Sukasalya ibune Rama mongkog batine, amarga .... a. Rama Wijaya kudu urip ing tengah alas b. Rawa Wijaya didherekake keng rayi Leksmana c. Rama Wijaya kanthi lila legawa masrahake dhampar keprabon minangka bukti bektine marang ingkang rama. d. Barata kasil ngusir Rama Wijaya saka kraton lan urip ing tengah alas.13. Basa ngoko kang kacampuran tembung krama inggil utawa tembung krama andhap diarani .... a. basa ngoko lugu b. basa ngoko alus c. basa krama lugu d. basa krama alus14. Bu Guru : Lho Ran, Bapakmu ki nyambut gawe apa ta? Rani : .............................. Jawaban sing trep tumrap Rani miturut unggah-ungguhe yaiku.... a. Bapakku nyambut gawe ing kejaksaan b. Bapakku kerja neng kejaksaan c. Bapak kula ngasta wonten kejaksaan d. Bapakku ora nyambut gawe15. ”Mbak Risti, aku mau dikongkon Ibu menehne layang iki marang bu Minah,” critane Lindha marang Risti, mbakyune. Ucapane Lindha marang mbakyune mau kurang pas, amarga nganggo basa ngoko lugu. Mesthine kudu nganggo basa ngoko andhap/alus. Basa ngoko aluse dadi .... a. Mbak Risti, kula wau dipun kengken Ibu nyukakaken layang niki dhateng bu Minah. b. Mbak Risti, kula kalawau dipunutus Ibu ngaturaken serat niki dhateng bu Minah. c. Mbak Risti, aku mau diutus Ibu ngaturake layang iki marang Bu Minah. d. Mbak Risti,layang iki wenehna bu Minah.16. Pak Warsito nate ngendika manawa panjenengane ora bakal kondur yen durung rampung pakaryane. Yen diowahi dadi basa krama alus .... a. Pak Warsito natos ngendika manawi panjenenganipun boten badhe kondur manawi dereng rampung padamelanipun. b. Pak Warsito natos sanjang manawi piyambakipun boten badhe wangsul manawi dereng rampung padamelanipun. c. Pak Warsito natos ngendika manawi piyambake boten badhe wangsul manawi dereng rampung padamelanipun. d. Pak Warsito nate ngendika manawi panjenengan dalem boten badhe kundur manawi dereng rampung padamelanipun.78 Kirtya Basa VII17. Wiwitan tembang kreasi kang awujud instrumen musik tanpa cakepan diarani .... a. intro b. verse c. reffain d. ending18. Intine tembang kang lumrahe anggone nembangake dibolan-baleni lan dadi sarana medharake pesan moral diarani .... a. intro b. verse c. reffain d. ending19. Rakitan tetembungan kang runtut swarane diarani .... a. purwakanthi guru swara b. purwakanthi guru sastra c. purwakanthi guru lagu d. purwakanthi lumaksita20. Rakitane tetembungan kang runtut sastrane diarani .... a. purwakanthi guru swara b. purwakanthi guru sastra c. purwakanthi guru lagu d. purwakanthi lumaksita21. Rakitane tetembungan kang runtut basa / tembunge diarani .... a. purwakanthi guru swara b. purwakanthi guru sastra c. purwakanthi guru lagu d. purwakanthi lumaksita22. Ing ngisor iki tuladha purwakanthi guru swara, yaiku .... a. Ireng-ireng ketok untune, bareng seneng ketok guyune b. Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik c. Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling keli ing kalen kilen kula d. Pak Karta tuku kertu dhuwite kertas, nunggang kreta pating kertep liwat Kreteg Kertasana23. Timun – munte – tela – landa – ndemok asu – sugih utang – tanggal siji – jimantolo – lopas lapis – pista raja – jaka bagus – gusti kula – lombok abang – bangku dhuwur – wura-wari – rina wengi – ngilo kaca – cara landa. Tetembungan kasebut diarani .... a. purwakanthi guru swara b. purwakanthi guru sastra c. purwakanthi guru lagu d. purwakanthi lumaksitaKirtya Basa VIIKanggo nggarap soal no. 24 – 25, gatekna cakepan tembang dolanan ing ngisor iki! PADHA NYAWIJI Ayo padha nyawiji Tuwa mudha jaler estri Sayuk eka kapti Bareng dha tumandang nyukupi Sandhang pangan kita sami Nanging aja ana kang korupsi Yen padha korupsi Negarane rugi kang sayekti 24. Pitutur luhur kang kinandhut ing cakepan tembang dolanan ing dhuwur kaya ing ngisor iki, kajaba.... a. Tuntunan supaya tansah njaga kerukunan lan persatuan. b. Tuntunan supaya padha gotong royong nyambut gawe bebarengan c. Tuntunan supaya padha korupsi d. Yen padha korupsi sayekti negarane bakal nandhang rugi.25. Cakepan tembang ing dhuwur nggunakake basa rinengga .... a. purwakanthi guru swara b. purwakanthi guru sastra c. purwakanthi lumaksita d. purwakanthi carita26. ”Layone prajurit wor suh lan kunarpane para pangeran lan raja wadyabala Kurawa lan Pandhawa”. Tembung layon lan kunarpa tegese padha karo mayit. Tembung kang padha tegese kaya tetembungan ing dhuwur diarani .... a. tembung saroja b. dasanama c. tembung entar d. tembung garba Kanggo mangsuli soal no. 27 nganti 30 jingglengana pethikan crita ”Srikandhi, Senopatine Pandhawa” ngisor iki! Perang Baratayuda wis ngancik dina kang kaping lima. Wadyabala Pandhawa lan Kurawa wis sapirang-pirang kang dadi kurban, klebu Prabu Salya lan Raden Drestajumena. Kanggo nerusake perang, Prabu Duryudana disengkuyung para rayine kayata Dursasana, Durmagati, Dursilawati lan liya-liyane, misuda Resi Bisma minangka senopati. Kahanan mau ndadekake gorehe para Pandhawa,80 Kirtya Basa VIIamarga saliyane Resi Bisma kuwi sekti mandra guna, uga pepundhene para Pandhawa. Mula saka iku, Pandhawa banjur nyuwun iguh-pratikel marang Prabu Kresna kanggo ngadhepi Senopatine Kurawa.27. Pethikan ing dhuwur ngenalake kahanan wiwitane perang Baratayuda, lan para tokohe. Miturut struktur teks narasi crita pewayangan, perangan kaya pethikan kasebut diarani .... a. orientasi b. klimaks c. komplikasi d. reorientasi28. Wadyabala Pandhawa lan Kurawa wis sapirang-pirang kang dadi kurban, klebu Prabu Salya lan Raden Drestajumena. Tembung wadyabala iku tembung loro kang padha tegese, dianggo bebarengan lan ngemu surasa mbangetake. Tembung kaya ing dhuwur diarani .... a. tembung saroja b. dasanama c. tembung entar d. tembung garba29. Pandhawa banjur nyuwun iguh-pratikel marang Prabu Kresna kanggo ngadhepi Senopatine Kurawa.Tembung iguh-pratikel ing ukara dhuwur tegese .... a. kekuwatan b. pamrayoga c. keyakinan d. pepenginan30. Kang dijaluki iguh pratikel Pandhawa kanggo ngadhepi senopatine Kurawa yaiku .... a. Adipati Karno b. Prabu Baladewa c. Prabu Kresna d. Prabu Salya.Kirtya Basa VIIWULANGAN V LINGKUNGAN KOMPETENSI DASAR INDIKATOR1.1 Menghargai dan mensyukuri 1.1.1 Berdoa sebelum memulai dan keberadaan bahasa daerah sesudah kegiatan belajar bahasa sebagai anugerah Tuhan Yang daerah. Maha Esa untuk meningkatan pengetahuan dan keterampilan 1.1.2 Menggunakan bahasa daerah dalam berkomunikasi dengan tata krama berbahasa daerah, serta untuk melestarikan dan 1.2.1 Menggunakan bahasa daerah mengembangkan budaya daerah untuk didayagunakan sebagai sarana mema hami sebagai upaya pembinaan dan pengembangan kebudayaan informasi tulis Nasional1.2 Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan yang Maha Esa sebagai sarana memahami informasi lisan dan tulis.2.2 Memiliki perilaku percaya diri 2.2.1 Percaya diri dan bertanggungJawab dan tanggung Jawab dalam dalam membuat tanggapan pribadi membuat tanggapan pribadi terhadap pesan moral puisi atas karya budaya masyarakat daerah yang penuh makna dan 2.2.2 Santun dalam menyajikan/ tata krama. mempresen tasikan tanggapan3.4 Memahami struktur teks, unsur pribadi terhadap pesan moral puisi kebahasaan, dan pesan moral puisi secara lisan dan tulis 3.4.1 Menjelaskan struktur teks puisi4.4 Mengapresiasi secara lisan dan 3.4.2 Menjelaskan unsur kebahasaan teks tulis.teks puisi puisi 3.4.3 Menjelaskan pesan moral teks puisi 4.4.1 Menulis teks puisi sesuai tema. 4.4.2 Membaca indah teks puisi. 4.4.3 Menanggapi isi teks puisiyang dibaca temannya. 4.4.2 Menceritakan relevansi pesan moral puisidalamkehidupansehari-hari.Mbabar Wawasan NRESNANI LINGKUNGAN Lingkungan alam kang endah lan asri kanugrahaning Gusti Allah. Gusti AllahKang Maha Agung wis nyiptakake alam saisine kang endah kanggo manungsa.Gunung-gunung kang endah, alas-alas kang rungkud wit-witane, banyu kali kang82 Kirtya Basa VIIbening, asil tetuwuhan kang maneka warna, kabeh mau kanggo kapreluanemanungsa. Mulane kita kudu bisa njaga keseimbangan alam supaya bisa teteplestari. Lingkungan alam kang saimbang lan lestari wigati banget tumrap uripemanungsa. Awit manawa manungsa ora njaga kalestarene lingkungan alam, bakaldumadi bencana alam kang bisa gawe kapitunane manungsa dhewe. Bencana alam, kayata banjir lan lemah longsor, minangka akibat sakakarusakan alam kang disebabake saka tangane manungsa kang tamak, ngrusaklan nguras alas kanggo kapreluwane tanpa duga-kira. Alas-alas dijarah, dikethokiwit-witane, dibabat entek kanggo lahan tetanen. Wit-witan ing alas digundhulidiganti tanaman industri. Gunung-gunung dikedhuki, dijupuki asil tambange. Ikumau minangka tuladha tumindake manungsa kang ngrusak lingkungan alam. Kahanan gunung lan alas kang rusak mbebayani banget tumrapkeslametane manungsa. Gunung lan alas kang gundhul, ing mangsa udan ora bisanahan ilining banyu lan bisa mahanani banjir lan lemah longsor. Mulane kita kudubisa njaga kalestarene alam kang minangka kanugrahaning Gusti Kang AkaryaJagad. Wondene yen kita lali ora gelem njaga kalestarene alam, Gusti KangAkarya Jagad bakal duka, banjur kadadean prahara kaya kang wis tau kitarasakake. Umpamane: anane banjir, lindhu, tsunami, gunung mbledhos, lan liya-liyane. Warga masyarakat sing becik kudu bisa njaga karesikan lan kesehatanlingkungan. Awit karesikan lan kesehatan lingkungan iku wigati banget tumrapuripe manungsa. Lingkungan kang resik ndadekake manungsa urip sehat lan a dohsaka lelara. Lingkungan ing sakiwatengen kita kudu dijaga lan dilestarekakesupaya katon asri. Aja mbuwang larahan (sampah) saenggon-enggon, mligine inggot, parit-parit, utawa kali. Awit larahan-larahan mau yen wis numpuk ndadekakegot utawa parit buntu. Wekasane tibane mangsa rendheng, nalika udan deres gotutawa parit bisa buntu kang bisa mahanani banjir. Mbuwang larahan ing kali ugaora becik. Awit bisa nyebabake kali dadi cethek (pendangkalan), kang bisamahanani bencana banjir. Yen wis dumadi bencana banjir, sapa sing rugi? Orawurung ya wong akeh kang nanggung akibate. Mulane kita kudu bisa njagakaresikan lingkungan kita. Kajaba saka iku para warga sing mapan ing tlatah hulu kali uga kudu bisanjaga kalestarene lingkungan alas. Aja ngethoki wit-witan ing alas sembarangan!Awit manawa alas-alas kasebut wit-witane padha gundhul, wekasane tibane ingmangsa rendheng nalika udan deres ora bisa nahan ilining banyu. Ing perengegunung, manawa wit-witane dikethoki lan gundhul, mbebayani banget. Tibaningmangsa udan bakal dumadi bencana banjir gedhe lan lemah longsor. Kamangkatarkadhang akeh pomahan kang mapan ing sangisore pereng gunung. Yendumadi lemah longsor bisa ndrawasi. Omah-omah kasebut bisa keblegan lemahlongsor saka ndhuwure. Ing Indonesia saben taun mesthi ana pawarta kangKirtya Basa VIIngabarake ngenani bencana banjir lan lemah longsor. Wis akeh kapitunan, kurbanbandha lan nyawa kang disebabake saka bencana alam kasebut. Mulane kita kudubisa njaga karesikan lan kalestarene lingkungan alam, supaya ora ngrugekaketumrap uripe manungsa. Lingkungan alam kang lestari lan saimbang ndadekakeurip kita ayem-tentrem ora ana bencana alam kang ngancam jiwa kita. Sadurunge kowe dhiskusi ngengingi ‟geguritan‟, ayo padha nggateknagambar ing ngisor iki ! Gambar 1. Tim Ekspedisi Kali Surabaya dibiyantu para nelayan lagi ngresiki kali lan njaring iwak kanggo kaperluwan panliten. Gugur gunung utawa gotong royong sing katon ing gambar 1. asring kita sekseni ing bebrayan agung. 1. Wacan ing ndhuwur iku wacanen kanthi premati ! 2. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi patitis ! a. Alam saisine kang diciptakake dening Gusti Kang Akarya Jagad iku kanggo sapa ? b. Apa wae sing kudu dilakoni manungsa supaya alam iki tetep lestari ? c. Sapa sing kudu njaga supaya alam saisine iki tetep lestari ? d. Sapa sing ndadekake alam saisine iki bisa rusak ? e. Sikap apa wae sing bisa kokjupuk lan koktuladhani saka wacan ing dhuwur ? Ing piwulangan bab V iki nduweni ancas utawa tujuan supaya para siswa bisa mangerteni ciri, struktur , lan unsur basa sajrone teks geguritan, sarta bisaa para siswa mengko maca endah teks geguritan lan nulis geguritan kanthi tema ‟Lingkungan‟. Ancase supaya siswa kulina nelakake rasa syukur marang Gusti kang Murbeng Dumadi.84 Kirtya Basa VIIKegiatan 1: Modhel Teks Geguritan Ing kegiatan 1 iki para siswa bakal nyinau teks geguritan kanthi tema ”Lingkungan”. Supaya luwih wasis, para siswa kudu nggarap tugas 1,2,lan 3. Gatekna tuladha teks geguritan iki, banjur wacanen kanthi ekspresi kang becik!MERAPI (Putu Aryana)Merapi. ..,Saka kadohan katon gagahMega putih ndedel ing awiyatTilas dalan lahar katon cethaKena sunare Sang Hyang Bagaskara Merapi... , Saumpama kowe bisa crita Kabeh kadadean ing tanah Jawa Wiwit jaman Mataram kuna Nganti madege Kraton NgayogyakartaMerapi. ..,Sliramu anyekseni kridhaning bangsaWiwit nalika ngusir penjajah WalandaJaman kamardikan jaman SukarnoNganti jaman SuhartoJaman Habibie tumekaning Megawati lan SusiloMerapi dadi saksiTugas 1:Nyemak Teks Geguritan Gb 2. Kupu ing tamanCoba gatekna tuladhane geguritan ing ngisor iki! TAMAN Dening : J.F.X. Hoery Ing taman Ing taman anakku Tawon lan kupu rebutan madu Kinjeng lan kombang rebutan kembang Angin esuk ngerog ebun ing pucuking kudhup Kekedhering kinjeng lan kupu Aja nganti mbokincup Sawangen wae Endahe. Ing tamanKirtya Basa VIIIng taman anakku Kupu lan kinjeng isih kapiadreng Tawon lan kombang ngenam panandhang Madu lan kembang ninggal kudhup esuk Mega-mega putih gegojegan mapag angin sore Aja mbokguyu dheweke Sawangen Ing biruning langit Kae papane kawruh lungit Lan ing kana uga aku titip Geguritan kang dakrakit. Padangan-Bojonegoro, 1986, Jayabaya, No. 28 tgl. 9 Maret 1986 lungit = (Ind. rumit, namun indah) Coba, wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki kanthi patitis ! 1. Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur? 2. Sapa sing nganggit geguritan ing dhuwur? 3. Ing taman iku ana apa wae? 4. Ing wayah esuk, apa sing dilakoni dening kewan-kewan mau? 5. Apa sebabe kewan-kewan mau ora oleh diincup? 6. Nalika wayah sore, apa sing dilakoni dening kewan-kewan mau? 7. Sapa sing mapag angin sore? 8. Ing ngendi papane kawruh lungit iku? 9. Panggurit titip guritan sing wis dirakit ing ngendi? 10. Kanggo nambah kawruhmu bab geguritan, gancarna geguritan mau!PepelingTembung „geguritan‟ asale saka tembung gurit kang ateges gubah, karang,sadur. Yen ing kamus umum Bahasa Indonesia diterangake ‟geguritan‟ ikuasale saka tembung gurit kang ateges sajak utawa syair (Poerwadarminta,1986 : 161).Miturut Hadiwijaya (1967 : 129), Geguritan yaiku : golongane sastra kangedi (puisi) cengkok anyar, wedharing rasa edi, kalair basa kang laras runtutkaro edining rasa, nanging ora usah kecancang ing pathokan-pathokan,wilangan, dhong-dhing kang tetep tinamtu, beda banget karo sipate tembangmacapat lan sapanunggale.Wondene miturut Subalidinata (1999), geguritan yaiku : iketane basa kangmemper syair, mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar.Dudutan: geguritan yaiku jenise puisi Jawa gagrag anyar sing panulise orakaiket dening paugeran-paugeran kaya ing tembang macapat (yaiku ananeguru gatra, guru wilangan, lan guru lagu), nanging tetep ngugemikaendahan.84 Kirtya Basa VIISawise koksemak tuladha teks ing dhuwur, bisa diandharake kayamangkene : teks ”Taman” lan ”Merapi” iku nuduhake jinise teks geguritangagrag anyar.Tugas 2 : Nyemak Struktur Teks Geguritan Puisi Jawa gagrag anyar (sabanjure aran geguritan), panulise bebas. Tegeseora kaiket dening aturan tartamtu. Ewa semono isih tetep ngugemi ananing rasakaendahan. Endahe geguritan dumunung ana ing pilihan tembung pantes,mentes, lan mantesi. Geguritan ora padha karo tembang macapat kang isihkaiket guru lagu, guru wilangan lan guru gatra.Coba gatekna andharan ngisor iki kanggo nggamblangake pamikirmu babgeguritan!Struktur teks geguritan Struktur teks tembang macapat1. Tanpa kaiket ing guru lagu, guru Kaiket ing guru gatra, guruwilangan, lan guru gatra wilangan, lan guru lagu.2. Cakrike bebas, bisa wujud pada, Cakrike miturut kaidah jinise tembangbisa uga wujud carita.Tugas 3 : Nyemak Unsur Basa Teks Geguritan 1. Unsur basane teks geguritan : a. Ciri basa teks geguritan “Taman”: Tansah ngugemi kaendahaning rasa kang dumunung ing : 1) Pilihane tembung kang endah, mentes lan mantesi, upamane: ”tawon lan kupu rebutan madu”. Sing ateges tawon lan kupu genti-genten menclok ing kembang ngisep madu, lan sapanunggalane. 2) Migunakake tembung Kawi, upamane: ”kae papane kawruh lungit”. Tembung lungit iku tembung kawi, ateges linuwih, rumit, lan endah. 3) Rinakit kanthi tipografi kang cundhuk karo isi, pesan moral, lan gagasan kang diwedharake. 4) Nggunakake wirama lan basa rinengga. b. Basa rinengga Basa rinengga kang tinemu ing geguritan, utawa ing tembang macapat akeh-akehe wujud tembung saroja, upamane: tembung lega-lila, edi-peni, lan sapanunggalane. Uga tinemu pepindhan, upamane: .”angin esuk ngerog ebun ing pucuking kudhup”, ”mega- mega putih gegojegan mapag angin sore”. Angin esuk lan mega putih dimiripake utawa diemperake kaya manungsa sing bisa ngerog ebun, gegojegan mapag angin sore. Lan ”ing biruning langit kae papaneKirtya Basa VII 85kawruh lungit ...” Langit biru dimiripake sawijing papan panggonan, lan sapanunggalane.c. Unggah-ungguh basa (tataran basa) : Basa kang dienggo ing geguritan biasane cukup nganggo tembung ngoko.PepelingCarane niteni titikane unsur kebahasaane geguritan yaiku : basaneendah, mentes, lan mantesi sarta migunakake tembung Kawi (JawaKuna). Sok-sok tinemu tembung dasanama, tembung entar,purwakanthi, pepindhan,tembung saroja,lan sapanunggalane. 2. Pesan moral lan relevansine isi geguritan: a. Nilai budi pekerti/pesan moral: Geguritan gagrag anyar ”Taman” ngandhut nilai moral kudu njaga kaendahaning taman utawa alam. b. Relevansi isi geguritan karo kahanan jaman saiki: Geguritan gagrag anyar ”Taman” isine isih akeh tinemu nganti saiki, upamane ing Kutha Surabaya sansaya akeh taman kang dibangun kanggo nglestarekake lingkungan.Kegiatan 2 Nyusun Teks Geguritan Kanthi BebarenganTugas 1 : Nyemak GeguritanSIMPANG LIMA Dening : Rama Sudi YatmanaDakkira aku iki ora ngimpiMlaku-mlaku ing pinggiring swarga adiAngin wengiNgliwati sela-selaning mesjid baiturakhmanSrebet sumilir dolanan klambiIng dhadha krasa lega Gb.4 Simpang LimaMongkog melu duwe gedhong olahragaSimpang limaSamar mubyar rinengga cahyaMuwuhi asrining swasanaRembulane prawan mesemKaanane ayem tentremPak gupenur panggalihe marem, rakyate nora kucemBecak satitaheApa kae, kang ngaya nyengkut kueKedher-kedher mesining motor86 Kirtya Basa VIIKumeplasing hondha yamahaAku ngertiKabeh kuwiNanging ora tumanem ing atiEling yen urip ikiNgumbara sawataraNeng gisiking samodra rayaMula, jiwa ragakuAja kakehan punikaAmung jumbuhnaKaro gelaring alam ing sanyataneIya kana iya keneTanpa wangenanTanpa pungkasanTanpa tembe Sawijining sore, 1975 (Geguritan Alam Sawegung, 2010:68)Bausastrasrebet = sribit = obahing angin ngumbara = lunga saparan-parangisik = pesisir mongkog = seneng bangetjumbuh = cocog, pas, nyawiji rinengga = direnggani, dipaesigelar = jereng, tata lair nyengkut = ngayawangenan = wates kedher = obah alus bola-balitembe = wiwitan, purwa kumeplas = banterTugas 2: Nintingi Struktur Teks lan Unsur Basa Sajrone Geguritan 1. Nggawea klompok dhiskusi ora luwih saka bocah 5 (lanang lan wadon) minangka anggotane! 2. Salah siji anggota dadi ketua klompok sing nduweni tugas ngoordinir lumakune dhiskusi, siji maneh dadi sekretaris sing nyatheti asile dhiskusi. 3. Ketua, sekretaris, apadene anggota dhiskusi kudu bisa nglakoni dhiskusi kanthi rasa temen, tanggung Jawab, percaya diri, disiplin, santun, lan kerjasama kang bener. 4. Teks ”Simpang Lima” kasebut coba njingglengana bebarengan saklompokmu kanthi premati. 5. Pitakon ing ngisor iki wangsulana salaras karo asile anggonmu dhiskusi! a) Jlentrehna struktur teks saka geguritan ”Simpang Lima” ing dhuwur kanthi bukti sing nyengkuyung pranyatanmu! b) Jlentrehna unsur basa sing ana ing geguritan ngenani : 1) ciri basa teks geguritan: bukti ana ing teks geguritan ”Simpang Lima” ..............................................................................................Kirtya Basa VII 872) basa rinengga: bukti ana ing teks geguritan ”Simpang Lima” .............................................................................................. 3) unggah-ungguh basa (tataran basa) : bukti ana ing teks geguritan ”Simpang Lima” .............................................................................................. c) Jlentrehna nilai budi pekerti lan relevansi isi teks geguritan! 1) Nilai budi pekerti/pesan moral: bukti ana ing teks geguritan ”Simpang Lima” .............................................................................................. 2) Relevansi isi teks karo kahanan jaman saiki: bukti ana ing teks geguritan ”Simpang Lima” ..............................................................................................Tugas 3: Nulis Teks GeguritanSemaken gambar ing ngisor iki, banjur salah siji gawenen geguritan! d Gambar 1. Reboisasi Mangrove Gambar 2. Sawah kang ijo royo-royo.88 Kirtya Basa VIIGambar 3. Kebon Binatang SurabayaPepeling• Sejatine ora ana cara kang kusus kanggo nulis guritan.• Kanggo nggampangake ajar nulis guritan dakandharake langkah – langkah kaya kang kacetha ing ngisor iki. 1. Nemtokake tema apa kang bakal katulis ing guritan. Kanthi anane tema kang wis katemtokake kita bakal nduweni pathokan lan pikiran ora dadi ngambra – ambra. 2. Ngumpulake tetembungan kang ana sesambungane karo tema kang ditemtokake. Upamane tema kang kita temtokake ngenani bab panyuwune murid marang guru. 3. Ngrakit frase adhedhasar tetembungan kang wus dikumpulake. 4. Adhedhasar langkah 1,2 lan 3 ing ndhuwur kita bisa ngrakit guritan.Tugas 4: Nyritakake Isine Teks Geguritan Coba wacanen kanthi tliti geguritan ing ngisor iki, banjur wangsulanapitakon-pitakone kanthi rembugan karo kancamu saklompok! INDONESIAKU Dening: Septika Ratna S. Jamrud khatulistiwa julukanku Rowa ... samudra raya tanpa winates Wiwit Sabang tumekan Merauke Tharik-tharik pulo-pulone ... endah ing netra Ijo royo-royo dadi sesawangan ngelam-ngelami ati Sugih mblegedhu tumekan saiki Urip bebarengan, guyub rukun mbangun karaharjaning urip Iku mung ana ing impen Impen kang sarwa endah tan bisa dadi kasunyatan Saiki sing ana mung lebu lan lendhut Cinepeng anane pepenginan mulyakake awakira Ora preduli mring rakyat kesrakatKirtya Basa VII 89Ora preduli mring tatanan kautaman Ora preduli mring uripe liyan Sing ana mung urip mulya Mulya sadhuwure lara-lapane papa sudra Najan mangkono iki negeriku Negeri kelairanku Negeri nganti tumeka patiku Negeri nenek moyangku Negeri kang dakdama-dama Ing manah lan saben lakuku Indonesiaku .... (Panjebar Semangat No. 35-31 Agustus2013, kaca 40) 1. Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur? 2. Sapa sing nganggit geguritan ing dhuwur? 3. Apa temane guritan mau? 4. Pesan moral apa kang kinandhut ing guritan? 5. Basa rinengga apa kang kinandhut ing guritan? 6. Manut panggurit, kepriye bumi Indonesia iku? Critakna nganggo basamu dhewe!Nyritakake geguritan iku bisa lumantar parafrase. Parafrase yaiku ngowahi teksgeguritan dadi teks gancaran. Carane: 1.Negesi tetembungan kang katulis ing geguritan. Yen nemu tembung kawi bisa nggunakake bausastra (kamus). 2.Ngowahi ukara basa pinathok dadi ukara gancaran 3.Nggathukake gatra siji karo gatra liyane kanthi wujud ukara Pepeling: Supaya bisa mangerteni isine geguritan, ana bab-bab sing kudu digatekake: 1. Negesi tetembungan sing angel ing geguritan iku, yen kangelan negesi tembung-tembung kawi, bisa digoleki ing bausastra/ kamus. 2. Mahami maknane tulisan ing saben-saben gatra / larik lan nulis ing sawijing ukara. 3. Nggathukake maknane ing antarane gatra siji lan sijine sing wis katulis ing ukara. 4. Nggoleki dudutan saka pokok pikiran sing kinandhut ing geguritan mau. 5. Nulis ukara sing dadi gagasan bakuning geguritan. 6. Saka gagasan baku mau bisa disimpulake gagasan baku sing paling wigati kang mujudake pesan moral utawa amanah sing kinandhut ing geguritan mau.90 Kirtya Basa VIIKegiatan 3 Mangun Teks kanthi MandhiriTugas 1: Maca Endah Teks GeguritanBUMIKU Dening: Ibu SunamiBumi iki aku sing nduweniSapa Bapa Adam lan Ibu HawaOra tuku ora nyewaDak sedhot hawane dak sesep sari banyuneRumasuk ing balung nembus sungsumMili saranduning badan tumekan jantung Bumi iki aku sing nduweni Warisan saka bapa biyung Wujud kali lan gunung Dak pundhi dak sengkuyung ing dhadha lan mustaka Dadia jimat sangune agesang Run tumurun anak putuKowe sapa lan saka ngendi pinangkamuKok wani gawe dredah ngaru biruSak dumuk bathuk, sak nyari bumiDak labuhi, nganti kowe ngertiYen bumi warisan iki kowe ora nduweni Kowe sapa lan arep apa Kok wani ngesatake kali, nggundhuli alas jati Mung arep njupuk sari tanpa ngopeniBumi iki aku sing nduweniRun temurun anak putuLan mung aku lan anak putu sing kudu njaga lan ngopeni (Panjebar Semangat No. 25-22 Juni 2013, kaca: 40)Wacanen nganggo lafal, intonasi, andhegan lan ekspresi kang becik tur bener!Kanca liyane nyemak pamacane kanthi mbiji kaya ing ngisor iki:Jeneng :Kelas/No.absen : Nilai Aspek 1 23 4 JumlahLafalIntonasiAndheganEkspresiKirtya Basa VII 91Tugas 2: Nanggapi Teks Geguritan1. Coba wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! a. Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur? b. Sapa sing nganggit geguritan ing dhuwur? c. Bumi iki duweke sapa? d. Ing gatra kapisan lan kaloro, nerangake bab apa? e. Ing gatra katelu lan kapapat, nerangake bab apa? f. Apa sing kudu dilakoni ing bumi iki? g. Sapa sing kudu nglakoni ? h. Gambarna apa sing kokweruhi ing geguritan mau!2. Sawise kokwangsuli, critakna maneh isine geguritan ing dhuwur nganggo basamu dhewe !3. Terangna pesan moral / amanah kang tinemu ing geguritan mau!4. Jlentrehna struktur teks geguritan ”Bumiku” ing dhuwur kanthi bukti ukara- ukara sing nyengkuyung pranyatanmu!5. Jlentrehna unsur basa sing ana ing teks ngenani: a. Ciri basa teks geguritan: bukti ana ing teks .............................................................................. b. Basa rinengga (entar, saroja, garba) : bukti ana ing teks ............................................................................. c. Unggah ungguh basa (tataran bahasa) : Bukti ana ing teks ............................................................................ 6. Jlentrehna nilai budi pekerti lan relevansi isi teks geguritan “Bumiku”! a. Nilai budi pekerti/pesan moral: bukti ana ing teks............................................................................. b. Relevansi isi crita karo kahanan jaman saiki: bukti ana ing teks..............................................................................92 Kirtya Basa VIIUji Kompetensi Wulangan 5I. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi milih siji wangsulan sing bener! 1. Asil karya sastra Jawa kang kaiket ing aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani .... a. tembang macapat b. tembang dolanan c. geguritan d. gancaran 2. Asil karya sastra Jawa kang ora kaiket ing aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu lan awujud puisi, diarani .... a. tembang macapat b. tembang dolanan c. geguritan d. gancaran 3. Wong sing ngasilake karya sastra wujud geguritan, diarani .... a. panggurit b. niyaga c. komposer d. penyanyi 4. Ing basa Indonesia, geguritan gagrag anyar diarani .... a. puisi b. prosa c. karya ilmiah d. semboyan 5. Gatekna pethikan geguritan ing ngisor iki! Wanci sekolah miwiti pasinaon Kathah siswa kang sami pitakon Sabtu enjing kagem lingkungan kemawon Kerja bakti tanpa dikongkon .................................................. Purwakanthi kang tinemu ing geguritan yaiku .... a. purwakanthi guru swara b. purwakanthi guru sastra c. purwakanthi lumaksita d. purwakanthi guru basa 6. Basa sing asring digunakake ing geguritan iku basa .... a. krama inggil b. kedhaton c. ngoko d. bagongan 7. Supaya bisa mangerteni isine geguritan, luwih dhisik kudu mangerteni.... a. tegese tembungKirtya Basa VII 93b. carane maca c. tegese ukara d. golek ide 8. Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudu .... a. mangerteni macane b. mangerteni tulisane c. mangerteni wujude d. mangerteni isine 9. Supaya bisa nulis geguritan kang apik tur enak diwaca, kudu .... a. tembunge endah, mentes b. tembunge apik, mentes c. tembunge entar d. tembunge ilmiyah 10. Geguritan kang diemot Panjebar Semangat kanthi irah-irahan ”Indonesiaku” kaanggit dening …. a. Septika Ratna S. b. HM.Moersito c. Rama Sudi Yatmana d. Ibu Sunami II. Wacanen geguritan iki kanthi patitis! KAHANAN WAYAH ESUK Awan kanthi bulak Kahanane peteng dhedhet Kabeh pada keblowok turu kepati Tanpa raga tanpa swara Ora watara suwe Wengise wengi sing kumlebat Karosane ilang tanpa tilas Kasentor ublik katon gagah Sapungkure iku Ngundang etan gedhe, ngancik wayah esuk Kawiyak sunaring srengenge Surya ngrembaka maneh Kabeh pada tangi Kabeh pada bungah Kabeh kewan sumringah Kembang-kembang semburat maneh Muhammad Khoirunnas 5 Maret 2012 22.3094 Kirtya Basa VIIWangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis !1. Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?2. Sapa sing nganggit geguritan ing dhuwur?3. Geguritan ing dhuwur iku nerangake bab apa?4. Basa rinengga apa bae kang tinemu ing guritan?5. Gambarna apa sing kokweruhi ing geguritan mau!6. Sawise kokwangsuli, critakna maneh isine geguritan ing dhuwur nganggo basamu dhewe !7. Tulisen pesan moral / amanah kang tinemu ing geguritan mau!Kirtya Basa VII 95WULANGAN 6 PENDHIDHIKANKOMPETENSI DASAR INDIKATOR1.1 Menghar gai dan mensyukuri 1.1.3 Berdoa sebelum memulai dan sesudahkeberadaan bahasa daerah kegiatan belajar bahasa daerah. 1.1.4 Menggunakan bahasa daerah dalamsebagai anugerah Tuhan Yang berkomunikasi dengan tata kramMaha Esa untuk meningkatanpengetahuan dan keterampilanberbahasa daerah, serta untukmelestarikan danmengembangkan budaya daerahuntuk didayagunakan sebagaiupaya pembi naan danpengembangan kebudayaanNasional1.3 Menghar gai danmensyukuri 1.3.1Menggunakan bahasa daerah sebagai keberadaan bahasa daerah sarana menyajikan informasi lisan dan sebagai anugerah Tuhan yang tulis sesuai dengan tata krama Maha Esa sebagai sarana menyajikaninformasi lisan dan tulis2.2. Memiliki perilaku percaya diri dan 2.2.1 Percaya diri dan ber tanggungJawabtanggung Jawa b dalam dalam membuat tanggapan pribadimembuat tanggapan pribadi terhadap pesan moral tembangatas kar ya budaya masyarakat macapat.daerah yang penuh makna dan 2.2.2 Percaya diri dan santun dalamtata krama melagukan tembang macapat3.5 Memahami struktur teks, unsur 3.5.1 Mengidentifikasikan struktur teks kebahasaan, dan pesan moral tembang macapat dan lagu tembang macapat. kreasi secara lisan dan tulis 3.5.2 Mengklasifikasikan unsur kebahasaan tembang macapat. 3.5.3 Menyimpulkan pesan moral tembang4.5 Melagukan dan mengungkapkan macapat. 4.5.1 Membaca notasi tembang macapat. pesan tembang macapat danlagu 4.5.2 Melagukan tembang macapat kreasi 4.5.3. Mengungkapkanpesan yang terdapatdalamtembangmacapat. 4.5.4 Mengarang tembang macapat sesuai dengan kaidah.96 Kirtya Basa VIIMbabar Wawasan1. Setitekna gambar ing ngisor iki!Sanggar Dwija Laras SMPN 6 Kediri nalika pentas ing plataran pemkot KediriSemaken tembang ing ngisor iki! PUCUNGNgelmu iku kalakone kanthi lakulekase lawan kas,Tegese kas nyantosaniSetya budya pangekese durangkara Angkara gung neng angga anggung gumulung Gegolonganira Tri loka lekere kongsi Yen den umbar ambabar dadi rubedaBausastra triloka = jagad tetelulaku = sesirik, tirakat lekere = kupengelekase = patrape kongsi = ngantilawan = karo den = dibudya = nalar rubeda = alangankekes = miris lamun = yendur = ala2. Wangsulana pitakon ing ngisor iki a. Sapa sing kacetha ing gambar dhuwur? b. Dheweke lagi nyangapa? c. Sapa sing nate nonton pementasan wayang kulit? d. Apa ing pementasan kasebut uga migunakake tembang macapat? e. Tembang macapat jinis apa wae sing nate kokrungu?Kirtya Basa VII 97Kegiatan I Modhel Teks Tembang MacapatTugas 1: Nyemak Struktur Teks Tembang Macapat ASMARADANA (Pl.6)1 2 35 5 5 5 5A - ja tu - ru so - re ka - ki56 i i2 i i5 56a - na de - wa ngang - lang ja - gad3 2 1 5 3 23 1 2Nyang - king bo –kor ken - ca - na - ne2 3 5 5 5 5 2 35I - si - ne do - nga te - tu - lak2 22 2 2 323 1San - dhang ka - la - wan pa - ngan6 1 2 2 2 2 23 12Ya - i - ku ba - ge - an - i - pun1 11 11 2 32 1Wong me - lek sa - bar na - ri - maa. Pangertene Tembang Macapat. Macapat yaiku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Diarani tradhisional amarga kaiket dening guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Saben pada (bait) macapat nduweni baris ukara sing diarani gatra, lan saben gatra nduweni sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu. Macapat tegese maca papat-papat, yaiku carane maca andhegane saben patang wanda (suku kata).b. Paugerane Tembang Macapat Tembangmacapat kalebu karya sastra kang nduweni daya kekuwatan lan kaendahan. Tembang macapat iku minangka salah siji wujud tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Diarani tembang tradhisional, amarga kaiket ing aturan/paugeran tartamtu. Paugeran-paugeran jroning tembang macapat, yaiku: 1) Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris ing saben pada. 2) Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra. 3) Guru lagu yaiku tebaning swara ing pungkasaning gatra.Tembang macapat jinise ana 11. Saben jinis tembang macapat duwepaugeran dhewe-dhewe. Kanggo luwih cethane ngenani jinise tembang,

98 Kirtya Basa VII


Video yang berhubungan

Postingan terbaru

LIHAT SEMUA