Piwulang sarta pitutur luhur kang kinandhut ing sajroning crita wayang iku diarani

Dening:

Imam Riyadi

SMP Negeri 1 Kanigoro Blitar (surel: )

Abstrak

Kemajuane jaman sing tansaya ngrembaka anjalari kabeh perangane urip bebrayan ngalami owah gingsir, kalebu unggah-ungguh, subasita, watak, lan lagak lageyane para manungsa. Pangaribawa budaya informasi cedhak banget karo generasi mudha, tundhane budaya manca bisa thukul ngrembaka lan ora mokal menawa kapribaden budaya Jawa tansaya katon luntur. Wektu saiki wis akeh kedadeyan sing cengkah karo budayane dhewe kayata: akeh generasi mudha kang ora ngerti unggah-ngguh kepara ninggalake tata krama, dumadine padudon ing antarane para siswa/mahasiswa, kajujuran kaya-kaya wis ora ana regane, lan liya-liyane. Wong tuwa rumangsa kuwalahan anggone arep nggulawenthah kapribaden kang pinuji lan nggegulang pendhidhikan budi pakarti marang para putra. Kanggo ngawekani panggulawenthahing para generasi mudha kang tansaya rekasa iki perlu banget ndhudhah nilai-nilai adi luhunge basa Jawa kang wis kabukten bisa menehi daya pangaribawa lan ningkatake moral sarta pakartining generasi mudha. Nilai-nilai adi luhung basa Jawa perlu didhudhah, dionceki, lan ditancepake marang jiwane para generasi mudha. Jejere wong tuwa, guru, tokoh masyarakat lan pemimpin kudu bisa maringi patuladhan marang generasi mudha lan bisa mraktekake nilai-nilai luhur basa Jawa ing sajrone panguripan minangka sarana kangge nggegulang budi pakarti, supaya para putra dadi generasi kang nduweni kapribaden pinuji (pinunjul), kapribaden sejati kang kuwat (sentosa), luhur bebudene, asih tresna mring sesama, bisa dadi sarjana sujananing budi, sarta dadi satriya pinandhita.

Tembung Wigati

ndhudhah; nilai-nilai luhur; basa Jawa; budi pakarti; generasi mudha

 A.  Purwaka

           Jaman globalisasi anjalari panguripane manungsa tansaya maju. Kabukten, budaya-budaya modern (saka manca) aweh pangaribawa kang gedhe tumrap panguripane manungsa wiwit saka panguripan padinan ing rumah tangga nganti tekan panguripan teknologi indhustri lan komunikasi. Donyaning pendhidhikan wektu saiki wis beda banget karo modhel-modhel pendhidhikan jaman biyen. Kabeh mau nuduhake menawa masyarakat saiki wis kapikut marang daya pangaribawane budaya modhern. Kejaba kuwi manungsa padha rumangsa lan ngrasakake menawa panguripane minangka asile cipta, rasa, lan karsane budaya modhern. Sawenehing owah-owahan kang dumadi pranyata ora mung dumadi tumrap tatananing urip ing babagan sosial ekonomi wae, nanging uga wis rumasuk ing saranduning panguripane manungsa wiwit ing babagan politik, basa, lan budaya. Pasrawungan antarane manungsa kang nggunakake basa bisa njalari dumadine gesekan tumrap budaya, semono uga sasuwalike pasrawungan budaya bisa njalari dumadine gesekan tumrap penganggone basa. Kabeh mau krana pengaruhe donya global jroning jaman globalisasi.

           Ing satengahing kemajuan jaman kang tansaya ngrembaka, minangka bangsa kang duweni kapribaden aja nganti nglalekake budayane dhewe. Tumrap masyarakat Jawa kejaba wis ngrasakake kemajuane jaman kang awujud tekane budaya modhern, nanging aja nganti ninggalake  basa lan budaya Jawa kang kebak piwulang/tuntunan lan nilai-nilai luhur. Nilai-nilai luhur jroning basa Jawa mujudake kearifan lokal sing kudu dilestarekake.  Nglalekake kearifan lokal ateges mblenjani kapribadene dhewe lan dianggep ninggalake kabudayan warisane para leluhur.

Masyarakat Jawa salah sijine etnis sing rumangsa bombong lan mongkog marang basa lan budaya Jawa senajan wektu saiki akeh generasi mudha wis arang sing bisa ngecakake unggah-ungguh basa kanthi trep adhedhasar undha-usuke, lan akeh sing ora paham marang kabudayane dhewe. Malah ana sawenehing panemu, basa lan budaya Jawa dianggep budaya kuna lan feodhal kang wis ora cocog karo kahanan jaman saiki. Kamangka, jaman saiki dibutuhake banget pandom panuntun lan nilai-nilai luhur sing bisa ndadekake bangsa iki nduweni kapribaden kang sejati (pinuji) sarta duwe budi pakarti luhur. Mula perlu didhudhah kearifan lokal jroning basa lan budaya Jawa kang kebak tuntunan/piwulang lan nilai-nilai kang adi luhung.

Jroning ndeleng kahanane generasi mudha jaman saiki sing kaya-kaya wis meh kelangan kapribaden, ora ngerti unggah-ungguh, lan padha ninggalake tata krama, perlu diwulangake nilai-nilai adiluhung budaya lokal lumantar pendhidhikan formal lan nonformal. Saiki wis titi wancine diwiwiti maneh piwulang budi pakarti sarana ndhudhah nilai-nilai adiluhunge budaya lokal supaya para generasi mudha ora kerem lan katut marang budaya manca sing ora cocog karo budaya Jawa. Cendhek dhuwure nilai budaya gumantung marang jejeg lan teguhe masyarakat anggone ngecakake jroning panguripan (Djajasudarma, 2002 ing sajrone Sartini, 2009:28).

           Adhedhasar andharan ing ndhuwur, perlu banget ndhudhah nilai-nilai adiluhunge basa Jawa kanggo generasi mudha, jalaran jroning nilai-nilai adiluhung budaya lokal (kearifan lokal) kinandhut tuntunan/piwulang budi pakarti kanggo pandoming urip ing satengahing jaman globalisasi.

 B. Nilai-nilai Luhur Jroning Basa Jawa kanggo Mulang Pakartine Generasi Mudha

Ing jaman globalisasi racake para mudha luwih nyenengi gumelare basa manca katimbang nyinau basane dhewe, sing gelem nyinau lan marsudi basa Jawa kaya bisa dipetung nganggo driji. Sejatine basa Jawa iku ngemot sakabehing kawruh kang pepak wiwit ajaran subasita, tata krama, basa, sastra, seni, nganti tumekane kawruh bab kahanan urip. Anane para nom-noman ora gelem nyinau basa Jawa jalaran ora mudheng marang pangganggone basa Jawa kang dirasa luwih angel lan njlimet. Basa Jawa asring kaanggep ketinggalan jaman.

Basa Jawa mujudake salah sijine basa dhaerah sing paling akeh digunakake dening rakyat Indonesia, nanging krana kemajuane jaman lan akeh generasi mudha sing sungkan nyinau basa Jawa, mulane penganggone basa Jawa tumrap nom-noman saiki kurang trep. Wektu saiki basa Jawa kena diarani “harta karun” sing perlu didhudhah maneh jalaran jroning basa Jawa akeh tuntunan/piwulang kabecikan. Tuntunan/piwulang kang kinandhut jroning basa Jawa kudune diwulangake marang para generasi mudha supaya nilai-nilai luhur (adi luhunge) basa Jawa bisa dingerteni, dipahami, lan dicakake jroning panguripan ing bebrayan. Kanthi mangkono piwulang kabecikan tinggalane para leluhur ora sirna lan ora kaendhih dening budaya manca sing durung mesthi cocog karo kapribadene bangsa Indonesia.

Jroning ngecakake basa Jawa diwulangake kepriye carane matur marang wong sing luwih tuwa lan carane ngomong marang sapepadhane utawa sing luwih enom. Jroning pirembugan kudu bisa ngecakake unggah-ungguh basa kanthi bener. Watak/sipat, tindak-tanduke/tingkah lakune masyarakat Jawa bisa dideleng lumantar penganggone basa Jawa adhedhasar unggah-ungguh. Unggah-ungguh basa mujudake tata pranatan penganggone basa Jawa manut tatakrama pasrawungan. Sing kudu digatekake jroning unggah-ungguh yaiku: sapa sing ngomong, sapa sing diajak ngomong, apa sing diomongake, apa tujuwane ngomong, kepriye situwasine, lan sapanunggalane. Wong sing bisa ngecakake unggah-ungguh basa kanthi bener jroning pasrawungan dianggep duweni watak lan tindak-tanduk sing becik. Penganggone basa Jawa kanthi bener bisa mahanani dumadine pasrawungan kang luwih harmonis. Kanthi mangkono basa Jawa mujudake salah sijine srana kanggo ndhapuk watak/karakter saben-saben pawongan. Bisa ngecakake basa Jawa kanthi trep ateges bisa nindakake pasrawungan kanthi bener, bisa mapanake awake dhewe, lan bisa ngajeni wong liya/sapepadhane.

Gonjang-ganjinge jaman lan morak-marike kahanan wektu saiki pranyata wis nyimpang karo piwulang/tuntunan, lan tatanan/wewaton kang kinandhut jroning budaya Jawa. Manut sadhengahing budayawan lan para dwija (ing ariwarti Joglo Semar) kahanane masyarakat ing wektu saiki salah sawiji sing nyebabake yaiku kabudayan Jawa wis nalisir saka wewaton. Saengga bab tatakrama, trapsila, udanegara, tepa sarira, sarta budi pakarti kang luhur wis dadi barang langka lan larang regane. Kaya sing diandharake KRMP Srihadi Kusuma, sawijining pengageng Yayasan Kusuma Andrawina, Keraton Kasunanan Surakarta, ngrembakaning kasus tawuran pelajar, main (judhi), minum (pesta miras), utawa laku cidra lumantar korupsi, kabeh mau merga saiki kabudayan (utamane kabudayan Jawa) wis ninggal paugeraning wewaton. Sejatine sakabehing ngelmu lan kawruh kababar lumantar basa, sastra, lan budaya Jawa kayata lumantar gendhing, beksan, wayang, tatacara, upacara, sarta sakabehing pranatan kang lumaku ing bebrayan kaya tradhisi sing dicakake ing keraton. Ajarane komplit wiwit piwulang urip padinanan, nganti kepriye piwulang memayu hayuning bawana. Ing wektu saiki basa, sastra, lan budaya Jawa  kabeh sasat dilalekake sing dikiblat/diconto malah kabudayan manca, kang durung karuwan cocog karo rasaning Jawa.

Sinau basa Jawa ora bisa dipisahake karo nyinau sastra lan budaya Jawa, mulane ing sajrone pamulangan basa Jawa wis kacakup babagan sastra lan budaya. Jroning nyinau basa Jawa perlu ndhudhah nilai-nilai luhur kang kinandhut jroning basa Jawa supaya para generasi mudha ora kelangan adeg-adeg (kapribaden, jatidiri)  satemah bisa cedhak marang budayane dhewe yaiku budaya Jawa. Para sosiolog wis ngakoni menawa kasusastran Jawa mujudake sawijine sarana kanggo nyumurupi lan mangerteni babagan tata krama, unggah-ungguh, lan gegayuhane bebrayan agung; sastra Jawa mujudake perangane kabudayan. Robson (1978:6-7) ngandharake, menawa kasusastran iku perangane kabudayan, lan kabudayan kuwi dumadi saka kapitayan, tatacara lan upacara adat, cipta rasa budi karsa, sarta sakabehane gegayuhan bebrayan sing tansah diwarisake utawa diturunake marang anak putu. Supaya para generasi mudha ora kelangan lacak, lan bisa nglairake generasi nom-noman kang nduweni sifat satriya, luhur bebudene, wasis, lan wicaksana mulane wiwit saiki nilai-nilai luhur basa Jawa perlu didhudhah lan disinaoni. Sing paling wigati ora mung apal, nanging uga mudheng lan bisa ngecakake jroning panguripan saben dinane.

Pendhidhikan basa Jawa sabisa-bisane diarahake kanggo ndhudhah nilai-nilai adi luhung budaya Jawa ing sajroning panguripan. Basa Jawa tuwuh ngrembaka minangka jatidhirining bangsa kanthi tetep ngugemi nilai-nilai kang adiluhung. Miturut Suharti (1996:151) basa Jawa duwe telung piguna yaiku piguna kabudayan, pasrawungan, lan pendhidhikan. Piguna tumrap kabudayan diarahake kanggo tujuwan nglestarekake, ngembangake, lan inventarisasi kabudayan. Piguna pasrawungan diarahake kanggo tujuwan sarana sesrawungan ing sajroning kulawarga lan masyarakat Jawa. Dene piguna pendhidhikan yaiku kanggo tujuwan kultural lan edukatif. Tujuwan edukatif diarahake supaya saben pawongan (Jawa) bisa ngecakake basa Jawa kanthi bener/trep sarta kanggo njupuk nilai-nilai budaya kanggo kaperluwan ndhapuk kapribaden minangka jatidhirine bangsa. Tujuwan kultural duweni pangajab lumantar pendhidhikan bisa didhudhah lan ditancepake nilai-nilai adi luhunge budaya Jawa kanggo nyegati, nyaring, lan milah-milih lumebune budaya manca. Kanggo ngadhepi situwasi sing sarwa ngrepotake lan mbingungake kaya wektu saiki diperlokake cak-cakane pigunane basa Jawa minangka sarana pendhidhikan. Pendhidhikan kang kinandhut jroning basa Jawa yaiku pendhidhikan budi pakarti luhur lan watak utama.

1.   Ndhudhah Nilai Luhur sing Magepokan karo Panembah Mring Gusti

           Saben manungsa sing ngrasuk sawijining agama mesthi duweni tatacara manembah sing beda-beda. Senajan tatacarane manembah beda nanging tujuwane padha yaiku kanggo nggayuh kasampurnaning urip ing tembe buri manut kapitayane dhewe-dhewe.

           Unen-unen “adoh tanpa wangenan, cedhak datan senggolan” mujudake nilai luhur sing nerangake/ ngajarake kapitayane manungsa marang Gustine, saben manungsa kudu percaya marang anane Gusti Allah. Nalika manungsa ora ngrasakake menawa Gusti Allah kuwi panggonane adoh dumunung ing langit sap pitu kang dohe ora bisa diukur (adoh tanpa wangenan), nanging Gusti Allah iku sok-sok bisa dirasakake katon cedhak banget ing njero atine manungsa ewadene manungsa ora ana sing bisa nyenggol wewujudane Gusti Allah (cedhak tanpa senggolan). Unen-unen iki perlu didhudhah, diwulangake, lan ditancepake marang jiwane para generasi mudha supaya tansah mbudidaya gelem nyedhak lan manembah marang Gusti nganti bisa ngrasakake lan gelem ngakoni kaagungan lan panguwasane Gusti Allah (Pranowo, 2003:276). Kejaba unen-unen kasebut tetembungan sing bisa didhudhah kang magepokan karo tatacarane manembah mring Gusti yaiku: (a) manunggaling kawula lan Gusti; (b) golekana tapake kontul nglayang; © golekana galihe kangkung; (d) golekana susuhe angin; lan sapanunggalane.

           Unen-unen “manunggaling kawula lan Gusti” kang teges wantahe “manunggale jagad cilik karo jagad gedhe” ngandhut piwulang saben manungsa kudune tansah mbudidaya lan ngupadi kanthi temenan sarana tirakat nggoleki lan manembah marang Gustine. Krana gelem manembah lan cecaketan marang Gustine, manungsa bisa ngrasakake kantentremaning urip. Unen-unen “golekana tapake kontul nglayang, golekana galihe kangkung, lan golekana susuhe angin” yen ditegesi wantah kaya-kaya ora klebu ing nalar, ngendi ana tapake kontul sing nglayang, apa ana kangkung sing duwe galih, lan apa ana angin sing duwe susuh? Senajan unen-unen iki ora klebu nalar, nanging yen kita percaya marang panguwasane Gusti Allah samubarang sing kaya-kaya ora kelakon nanging yen Gusti Allah wis ngersakake mesthi bisa kelakone.

    Ana maneh piwulang lan wewaler sing perlu didhudhah lan diwulangake marang para generasi mudha kanggo tuntunan kang bisa mahanani kandeling kapitayan kaya kang kajupuk saka “Butir-butir Budaya Jawa” kayata: (a) Pangeran Kang Maha Kuwasa (Gusti Allah, Tuhan) iku siji, anglimputi ing ngendi papan, langgeng, sing nganakake jagad iki saisine, dadi sesembahane wong saalam donya kabeh, panembahan nganggo carane dhewe-dhewe; (b) Pangeran iku nitahake sira lantaran bapa lan biyungira, mula kudu sira ngurmati marang bapa lan biyungira; © Ing donya iki ana rong warna sing diarani bebener, yakuwi bener mungguhing Pangeran lan bener saka kang lagi kuwasa; (d) Aja sira wani-wani ngaku Pangeran, senadyan kawruhira wis tumeka “Ngadeg Sarirå Tunggal” utawa bisa mengerteni “Manunggaling Kawula Gusti”; (e) Aja sira wani marang wong tuwanira, jalaran sira bakal kena bendu saka Kang Murbeng Dumadi ; (f) Aja lali saben ari (dina) eling marang Pangeranira, jalaran sejatine sira iku tansah katunggon Pangeranira; lan sapanunggalane.

Sabanjure kanggo menehi pandoming manungsa minangka tuntunane manembah marang Gusti yaiku piwulang sing diarani Hasta-Sila sing dumadi saka Tri-Sila lan Panca-Sila (Herusatoto, 2008:126-129). Tuntunan Tri-Sila iku wujude: eling, pracaya, lan mituhu. Dene Tuntunan Panca-Sila wujude: rila, narima, temen, sabar, lan budi luhur.

Katrerangan ngenani piwulang Panca-Sila bisa dijlentrehake mangkene: (a) Eling, tegese eling lan sadhar kanggo tansah ngabekti/manembah mring Gusti Kang Maha Kuwasa; (b) Pracaya, tegese pracaya marang anane suksma sejati lan utusan-Ne; © Mituhu, tegese tansah setya tuhu nindakake sakabehing prentah-E; (d) Rila, tegese rasa ati kang ekhlas nalika masrahake sakabehing kaduwekane marang Gusti; (e) Narima, tegese nyukuri sakabehing peparing saka Gusti. Apa wae peparinge Gusti ditampa kanthi senenging ati, ora melikake darbeke liyan, satemah ora duwe rasa iri marang wong liya; (f) Temen, tegese netepi janji utawa pocapane dhewe. Apa sing diucapake ing lisan lan sing diantepi ing ati ora tau diblenjani; (g) Sabar/momot, tegese sabar ngadhepi sakabehing pacoban sarta ora nglokro, nanging malah dadi wong sing kuwat imane lan jembar kawruhe; (h) Budi luhur, tegese tansah mbudidaya nindakake urip kanthi watak/sipat-sipat becik kaya sipate Gusti Kang Maha Mulya, contone tresna asih mring sesama, suci, adil, ora mbedak-mbedakake masalah drajat pangkat, sarta ora ninggalake tatakrama/tata susila; lan liya-liyane.

2.   Ndhudhah Nilai Luhur sing Magepokan Karo Pasrawungan ing Bebrayan Agung

           Pasrawungan marang sapepadha jroning bebrayan agung kudu netepi tatakrama adhedhasar unggah-ungguh kang wus ditemtokake. Jroning pasrawungan nilai adi luhunge basa Jawa sing kudu digatekake awujud piwulang budi luhur lan watak utama, yaiku piwulang sing diarahake marang pakarti/tumindak kang utama. Piwulang budi luhur sing kudu didhudhah jroning basa Jawa awujud piwulang kautaman (pitutur luhur kang kinandhut jroning paribasan, bebasan, lan saloka) sarta cak-cakane unggah-ungguh basa jroning pasrawungan.

           Supaya pasrawungan marang sapepadhane katon rumaket lan becik diperlokake anane rasa urmat kinurmatan, mad-sinamadan, ajen-ingajenan, sarta duweni rasa tresna asih mring sesama. Piwulang kang kena kanggo tuntunane pasrawungan marang sapepadha sing perlu didhudhah lan ditancepake marang jiwane para generasi mudha miturut Herusatoto (2008:130) yaiku tembung aja dumeh lan aji mumpung.

           Aja dumeh mujudake pandom/tuntunan supaya tansah mawas dhiri tumrape manungsa sing wis diparingi kabegjan lan kanugrahan saka Gusti Allah. Aja dumeh uga mujudake pepenget supaya saben manungsa tansah eling marang sapepadhane. Jroning kabagyan bisa antuk kaluwihan-kaluwihan lair batin (material spiritual), aja nganti tumindak loba lan tamak, sarta aja nganti nglalekake masyarakat ing sakiwa tengene. Sing kudu dielingi, menawa sakabehing kabegjan lair lan batin sing wis dirasakake iku asale ora mung saka awake dhewe wae nanging bisa uga merga saka dayane, bantuwane, sarta palilahe masyarakat ing sakiwa tengene. Kanthi mangkono tembung aja dumeh mujudake tuntunan tumrap generasi mudha supaya tansah mawas dhiri aja pisan-pisan nglalekake lelabuhane wong liya utawa masyarakat sakiwa tengene nalika gegayuhane wis bisa kasembadan. Tuntunan lan piwulang ngenani mawas dhiri kayata: (a) Aja dumeh kuwasa, tumindak deksura lan deksia marang sapepadha; (b) Aja dumeh pinter, tumindak keblinger; © Aja dumeh kuwat lan gagah, tumindak sarwa gegabah; (d) Aja dumeh sugih, tumindake lali karo wong ringkih; (e) Aja dumeh menang, tumindake saweang-wenang; lan liya-liyane.

           Aji mumpung mujudake tuntunan tumrap para generasi mudha kanggo ngendhaleni dhiri pribadi saka sipat serakah lan angkara murka nalika antuk kanugrahan utawa nalikane diparingi sawijine jabatan (panguwasa). Miturut ajarane wong Jawa, urip iki kena diarani cakramanggilingan, tegese tansah muter kaya rodha. Cakra iku sawijine sanjata duweke Prabu Kresna titisane Bathara Wisnu raja Dwarawati, wujude panah sing pucuke awujud rodha, yen panah dilepasake saka busure mula sanjata cakra kuwi bakal lumesat kanthi cakrane rodha muter ngener marang panggonan kang tinuju. Utawa luwih gamblange, yen diibarate kayadene rodhane kreta sing lagi mlaku. Nalika puterane rodha manggon ing ndhuwur diibarate nasibe manungsa antuk kamulyan (upamane nampa panguwasa). Mumpung dadi panguwasa, mumpung duweni wewenang lan kalodhangan kanggo ngatur samubarang apa wae, aja nganti kalodhangan iku digunakake kanggo kepentingane dhewe lan aja nglirwakake kuwajiban. Tuntunan/piwulang ngenani tembung aji mumpung sing kudu disingkiri kayata: (a) Mumpung kuwat lan gagah, banjur tanpa arah-arah; (b) Mumpung pinter, banjur sembrana lan nerak wewaler; © Mumpung kuwasa, banjur tumindak sapa sira sapa ingsun; (d) Mumpung sugih, banjur nyenyamah karo wong ringkih; (e) Mumpung menang, banjur nyawiyah hake liyan; lan liya-liyane. Tetembungan iki bisa diwulangake lan ditancepake marang jiwaning para generasi mudha aja nganti tumindak aji mumpung.

           Kejaba tetembung ingan ndhuwur uga isih ana unen-unen kang kena kanggo tuntunan sing magepokan karo pasrawungan ing bebrayan agung, kayata: (a) Aja adigang, adigung, adiguna; (b) Aja kumingsun; © Ciri wanci lelai ginawa mati; (d) Ngono ya ngono nanging aja ngono; (e) Tanggap ing sasmita, ngerti ing semu; (f) Ber budi bawaleksana; (g) Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan; (h) Tuna satak bathi sanak; (i) Nguthik-uthik macan dhedhe; lan sapanunggalane.

3.   Ndhudhah Nilai Luhur kanggo Pandam Pandoming Urip

           Manungsa urip kudu ngerti angger-angger lan duweni paugeran, tatanan, sarta pandam pandoming urip. Pandoming urip mujudake lelandhesan kanggo menehi tuntunane ngagesang kang migunani banget tumrap dhiri pribadi, masyarakat, lan negara. Istilah pandoming urip miturut Ciptoprawiro (1992) diarani falsafah kejawen. Pandoming urip manungsa siji karo liyane ora padha, mulane beda-bedaning pandoming urip iku kadhangkala bisa nuwuhake padudon/pasulayan jroning urip bebrayan. Senajan saben-saben wong duweni pandoming urip kang beda, nanging anggone ngecakake ing bebrayan aja nganti kleru, tur olehe mahami/mangerteni saben-saben pandoming urip kudu bener.

           Anane kedadean bom bunuh dhiri lan kasus terorisme kang kerep dumadi ing wektu saiki merga isih akeh wong sing kleru anggone mahami lan ngecakake pandoming urip jroning bebrayan. Wong sing kleru anggone mahami marang pandoming urip – merga olehe ngerteni mung saperangan (ora sawutuhe) – wekasane nuwuhake salah paham, kalamun dicakake jroning panguripan bisa nuwuhake bebaya lan kapitunan tumrap wong liya (upamane kasus terorisme lan bom bunuh dhiri). Senajan para pimpinane teroris wis akeh sing kecekel ewadene kasus terorisme isih terus ana merga ajarane wis kadhung mancep ing para kawulane lan isih terus sumebar. Krana pandoming urip sing diugemi dening para teroris kleru kudune sing ditumpes ora mung para pimpinane wae nanging pandam pandoming urip sing kleru kuwi kudu diowahi lan dibenerake.

           Para generasi mudha kudune diwenehi piwulang saka nilai-nilai luhur basa Jawa kanggo pandoming urip. Nilai-nilai adi luhunge basa Jawa kuwi kudu didhudhah lan ditancepake marang jiwane para generasi mudha murih kena kanggo pandam pandoming urip. Miturut Hildred Geertz (1961:146) pandoming urip masyarakat Jawa sing paling nemtokake tatacarane srawung iku ana loro. Sepisan, jroning pasrawungan masyarakat Jawa tansah njaga tindak-tanduk lan pakartine, kepriye carane supaya ora ndadekake padudon/pasulayan. Kapindho, masyarakat Jawa jroning pasrawungan, pirembugan, lan tumindak tansah nuduhake watak urmat marang wong liya. Pandoming urip miturut Geertz  iki dening Magnis-Suseno (1985:38) diarani prinsip karukunan lan prinsip urmat.

           Nilai-nilai adiluhung basa Jawa sing perlu ditancepake jroning jiwane generasi mudha ngenani prinsip karukunan kang ana jroning piwulang basa Jawa (Butir-butir Budaya Jawa) yaiku: (a) Sing sapa seneng ngrusak katentremaning liyan bakal dibendu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe; (b) Wong linuwíh iku kudu bisa ngepek ati lan ngepenakake atine liyan. Yen kumpul karo mitra kudu bisa ngetrapake tembung kang manis kang pedhes, sepet,bisa gawe senenging ati. Yen kumpul pandhita kudu bisa ngomongake tembung kang becik. Yen ana sangareping mungsuh kudu bisa ngatonake kuwasa pangaribawa kaluwihane; © Síng seneng gawe nelangsane liyan iku ing tembe bakal kena piwales saka panggawene dhewe; lan sapanunggalane

           Nilai-nilai adiluhung basa Jawa sing perlu ditancepake jroning jiwane generasi mudha ngenani prinsip urmat kang ana jroning piwulang basa Jawa (Butir-butir Budaya Jawa) yaiku: (a) Wong kang ora weruh tatakrama udanagara (unggah-ungguh), iku padha karo ora bisa ngrasakake rasa nem warna: legi, kecut, asin, pedhes, sepet, lan pait; ( b) Lamun sira dadi wadyabala pamonging nagara, aja sira dhemen kuwasa dhewe. Jalaran yen sira wis ora kasinungan panguwasa maneh, ing tembe bakal ndadekake ora kajening awakira ing tengahing bebrayan. Ngelingana yen sejatine isih ana wong kang bisa ngalahake sira ing babakan apa bae; © Sing sapa lali marang wong tuwane presasat lali marang Pangerane, Ngabektiya marang wong tuwa; lan sapanunggalane.

           Sejatine isih akeh tetembungan jroning basa Jawa sing bisa didhudhah lan ditancepake ing jiwane para generasi mudha kanggo pandam pandoming urip bebrayan kayata: (a) Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani; (b) Rumangsa handarbeni, melu hangrungkebi, mulat sarira hangrasawani; © Alon-alon waton klakon; (d) Nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake; (e) Sepi ing pamrih rame ing gawe; (f) Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah;  (g) Rawe-rawe rantas, malang-malang putung; (h) Sura dira jayaningrat, pangruwating diyu, lebur dening pangastuti;  (i) Yen sira dibeciki liyan tulisen ing watu supaya ora ilang lan tansah kelingan, yen sira gawe kabecikan marang liyan tulisen ing lemah, supaya enggal ilang lan ora kelingan; lan liya-liyane.

 4.   Ndhudhah Nilai Luhur kanggo Ajak-ajak Nyingkiri Tumindak Ala

Manungsa urip ing alam donya dianjurake tansah nindakake kabecikan lan ngedohi/ninggalake tumindak ngiwa (ala). Ana unen-unen becik ketitik ala ketara, senajan amal kabecikan iku wujude mung sagedhene woh sawi sing ateges mung cilik banget, ananging tetep bakal diwales dening Gusti Kang Akarya Jagad. Kosok baline, tumindak ala senajan cilik kaya ngapa tetep bakal entuk piwales. Ana maneh unen-unene para sesepuh sing asring diwulangake marang putra wayah, yaiku sapa salah bakal seleh, senajan sing tumindak salah iku ratu gung binathara utawa manggalayuda negara paribasane, sing dhuwur pangkat saha drajade, mesthi ing tembe bakal seleh utawa kaweleh, kabukak kabeh tumindake.

Sadurunge seleh marga kaweleh, prayogane nindakake kabecikan lan ngedohi sipat-sipat ala bisaa mlaku bebarengan (selaras). Aja pisan-pisan nyantuni bocah yatim utawa mbangun sekolah saka dhuwit korupsi. Aja sodakoh saka dhuwit haram. Paribasane, ngumbah klambi reged kudu nganggo banyu resik. Menawa ngumbah klambi reged nganggo banyu reged, klambi ora bakal resik ananging malah tansaya reged.

Wektu saiki akeh wong Jawa sing wis ora peduli maneh marang paugeran becik ketitik ala ketara. Akeh para pangemban pangembating praja satriyaning nagara sing kudune dadi pamomonging kawula dasih pranyata ora bisa dadi tepa tuladha, malah tumindak culika. Nindakake korupsi, sogok, dumdum dhuwit kanggo tuku swara, ngenthit dhuwit proyek lan maneka warna tumindak culika liyane. Para kawula ora wigah-wigih nindakake laku ala nerak tuntunane agama lan negara, padha tawuran lan paten-patenan mung krana bab sepele, tumindak colong jupuk, ngrampok, lan liya-liyane.

Ana pitutur luhur kang ngelingake marang bebrayan Jawa, supaya tansah nyingkiri tumindak ala sarta sipat umuk ana ing pasrawungan panguripan saben dinane. Sipat andhap asor, lembah manah kosok balen karo watak adigang, adigung lan adiguna. Adigang, gegambarane watak kidang kang ngumukake dumeh playune banter, lincah, lan cepet. Adigung, gegambarane sipat gajah kang ngendelake yen awake gedhe, rosa, lan mesthi menang tinimbang kewan liyane. Adiguna, gegambaran sipate ula kang ngumukake dumeh duwe wisa kang mandi, ganas lan bisa gawe pepati. Minangka bebrayan Jawa wis samesthine yen tansah munjerake watak andhap asor lan lembah manah. Lamun duwe kaluwihan aja dianggo nyilakake wong liya. Nalikane duwe panguwasa, aja nganti gawe kuciwane rakyat utawa andhahane. Kanthi nduweni sifat andhap asor lan lembah manah, minangka pimpinan bisa kanggo panutan tumrap masarakat ana madyaning pasrawungan. Minangka wong sing duwe panguwasa, wewenang, kekuwatan, kalungguhan, nyadhari menawa kabeh mau mung amanat kang kudu ditindakake kanthi becik. Kalungguhan kang saya dhuwur, kaluwihan ilmu kang saya jembar, panguwasa kang saya gedhe, aja nganti ndadekake sifat umuk ana sangarepe wong akeh. Jalaran kabeh mau sipate mung gadhuhan saka Kang Maha Kuwasa, mula yen sawayah-wayah dijaluk maneh statuse bakal bali kaya wingi uni maneh. Duwenana ngelmune pari, saya tuwa saya ndhingkluk lan saya isi, tegese saya tuwa umure, saya dhuwur ilmune, saya gedhe panguwasane, wong mau kudu andhap asor, lembah manah, sawijining gegambaran sikep kang dilandhesi lan keyakinan menawa isih akeh kekurangane.

Kejaba pitutur sing wis diterangake ing ndhuwur unen-unen ing basa Jawa sing perlu didhudhah lan ditancepake marang jiwane para generasi mudha yaiku: (a) Aja sira wani marang wong tuwanira, jalaran sira bakal kena bendu saka Kang Murbeng Dumadi; (b) Síng seneng gawe nelangsane liyan iku ing tembe bakal kena piwales saka panggawene dhewe; © Aja seneng gawe rusaking liyan, jalaran sira bakal kena siku dhendhaning Guru Sejatinira; (d) Aja sira nyacad piyandeling liyan, jalaran durung mesthi yen piyandelira iku sing bener dhewe; (e) Aja sira degsura, ngaku luwih pinter tinimbang sejene; (f) Aja ngumbar hawa napsu lan aja melik darbeking liyan, mundhak sengsara uripe; (g) Aja panasten lan aja seneng gawe gendra, jalaran gawe gendra iku sipating dhemit; (h) Aja seneng mamerake bandha lan ngegungake pangkat, sebab bandha bisa lunga, drajad/pangkat bisa oncat; lan liya-liyane.

 D.   Carane Nancepake Nilai Budi Luhur Basa Jawa Marang Generasi Mudha

Sakabehing piwulang/pitutur jroning basa Jawa kaya sing wis diandharake ing ndhuwur lamun bener-bener bisa dipahami lan dingerteni dening para generasi mudha banjur dicakake ing panguripan kira-kira para generasi mudha watake becik, gampang dituturi, uripe guyub rukun, lan duweni rasa urmat marang sapepadhane luwih-luwih marang wong sing luwih tuwa. Kanggo nancepake nilai-nilai luhur basa Jawa kuwi pancen ora gampang jalaran generasi mudha jaman saiki kena daya pangaribawa kang gedhe saka kemajuane budaya manca kang tansaya ngrembaka.

Basa Jawa kang kebak piwulang lan pitutur luhur kuwi sabisa-bisane terus didhudhah lan dingrembakakake sarta ditancepake ing jiwane para generasi mudha minangka generasi penerus lumantar dalan apa wae sing bisa ditampa lan dipahami. Miturut Murtiyoso (2006:155) dalan sing bisa digunakake kanggo nancepake piwulang budi pakarti luhur basa Jawa marang generasi mudha bisa lumantar kulawarga, sekolahan, kesenian, paguyuban Jawa, birokrasi, lan medhiya massa.

Kulawarga mujudake panggonan pendhidhikan sepisanan lan sing utama kanggone anak. Sadurunge bocah nampa pendhidhikan ing sekolahan lan ing masyarakat kudune wis nampa pendhidhikan saka kulawargane (rama ibu lan kabeh anggota keluwargane). Lumantar rama ibu bocah bisa ngerti tata krama, sopan santun, suba sita, lan ngerti unggah-ungguh basa. Jejering wong tuwa saora-orane kudu paham marang nilai-nilai luhur basa Jawa kang kebak piwulang/tuntunan banjur diwulangake marang para putra. Senajan wong tuwa repot nyambut gawe kanggo nuyukupi kabutuhan saben dinane, saora-orane kudu bisa nglodhangake wektu kanggo menehi tuntunan marang para putrane aja nganti ninggalake nilai adi luhunge basa lan budaya Jawa. Jejering wong tuwa kudu bisa menehi patuladhan jroning panguripan saben dinane.

Sing duwe tanggung jawab nggegulang sarta nancepake nilai-nilai luhur basa Jawa tumrap para siswa ing sekolahan yaiku guru. Lumantar pamulangan basa Jawa guru kudu bisa nemokake piwulang/untunan kabecikan kang awujud basa Jawa sabanjure diwulangake marang para siswa (bisa awujud pakulinan sarta patuladhan). Murid ora mung diwulang ing babagan kawruh basa wae nanging sing luwih penting dikulinakake tumindak becik adhedhasar tuntunan kang kinandhut jroning pitutur-pitutur luhur jroning piwulang basa Jawa.

Kesenian pranyata uga mujudake sarana kang becik kanggo nggegulang lan ndhudhah nilai-nilai luhur basa Jawa lumantar para senimane. Para seniman Jawa, khususe seniman ing seni pagelaran tradhisional (wayang, ludruk, kethoprak, lan karawaitan) duwe jejibahan sing abot kanggo nglestarekake lan ngrembakakake basa Jawa. Basa Jawa sing digunakake dening para seniman kejaba digunakake kanggo sarana komunikasi (pirembugan) uga minangka sarana kanggo nglairake ekspresi senine. Krana kesenian Jawa kuwi tujuwane kejaba kanggo aweh panglipur uga kangge menehi piwulang, mula saora-orane para seniman iku bisa ndhudhah nilai-nilai luhur basa Jawa jroning kesenian kasebut kang sabanjure dilairake lumantar karya seni marang para penonton.

Paguyuban Jawa uga mujudake sarana kanggo ndhudhah nilai luhur basa Jawa. Lumrahe kegiyatan sing ditindakake yaiku ngleluri lan nglestarekake basa, sastra, lan budaya Jawa. Paguyuban Jawa sing nganti saiki isih urip yaiku: Permadhani, paguyuban pambiwara, paguyuban sanggar sastra lan budaya, lan sapanunggalane. Paguyuban-paguyuban basa Jawa iku kudune tansah melu-melu ndhudhah nilai-nilai adi luhunge basa Jawa banjur diwulangake marang para generasi mudha.

Sing diarani birokrasi (jroning pangerten iki) yaiku sakabehane aparat pemerintah (sipil apadene militer) sing duweni tugas mbiyantu lumakune paprentahan nampa gaji saka pamarentah adhedhasar tugas lan kuwajibane. Wong sing nindakake birokrasi diarani birokrat. Jejering birokrat sing nindakake kuwajiban ing paprentahan saora-orane bisa paham lan ngerti nilai-nilai luhur kang kinandhut jroning basa Jawa. Kanthi mangkono bisa digunakake sarana kanggo nancepake piwulang luhur kasebut marang generasi mudha. Apa sing ditindakake birokrat jroning nancepake pitutur luhur basa Jawa marang generasi mudha bisa lumantar patuladhan tumindak becik jroning urip ing bebrayan, bisa uga lumantar wewenange sarana menehi sesorah (penyuluhan) marang para generasi mudha.

Sejatine medhia massa mujudake sarana sing paling ampuh kanggo nancepake nilai-nilai basa Jawa marang para generasi mudha. Emane, medhia sing ana (cetak, radhio, lan televise)  kang  abasa Jawa lumrahe sing nyenengi mung para generasi tuwa. Nom-noman akeh sing ora tlaten lan ora dhemen marang medhia sing nggunakake basa Jawa. Senajan para nom-noman akeh sing sungkan sesambungan karo medhia basa Jawa nanging kudune medhia abasa Jawa kudu tansah mbudidaya kepriye carane supaya para generasi mudha bisa seneng marang apa sing diandharake lumantar medhia mau. Kanthi mangkono nilai-nilai luhur basa Jawa jroning medhia massa iku disenengi banjur dipahami dening para generasi mudha.

 D.   Panutup

1.    Dudutan

Jroning basa Jawa kinandhut nilai-nilai adi luhung kang kebak piwulang lan tuntunan  urip ing bebrayan agung. Nilai-nilai luhur jroning basa Jawa perlu didhudhah, dionceki, lan ditancepake ing jiwane para generasi mudha minangka sarana kanggo mulangake budi pakarti. Nilai-nilai adi luhung sing perlu didhudhah yaiku: (1) nilai luhur sing magepokan karo panembahe mring Gusti Kang Maha Kuwasa; (2) nilai luhur sing magepokan karo pasrawungan ing bebrayan agung; (3) nilai luhur kanggo pandam pandoming urip; lan (4) nilai luhur kanggo ajak-ajak nyingkiri tumindak ala. Nilai adi luhung sing wis didhudhah perlu dipahamake marang generasi mudha supaya nduweni watak becik, kapribaden pinuji, kapribaden sejati kang kuwat (sentosa), luhur bebudene, asih tresna mring sesama, sarta bisa dadi satriya pinandhita. Sranane kanggo nancepake piwulang budi pakarti luhur basa Jawa marang generasi mudha bisa lumantar kulawarga, sekolahan, kesenian, paguyuban Jawa, birokrasi, lan medhia massa.

2.    Usul lan Saran

Krana kemajuane jaman sing gedhe perbawane marang panguripane manungsa kang njalari nilai adi luhunge basa Jawa tansaya ora dikenal dening generasi mudha, mula:

(a)   Perlu digrengsengake kegiyatan kang magepokan karo basa Jawa lumantar dalan pendhidhikan kanggo ndhudhah nilai adi luhunge basa Jawa kasebut.

(b)   Kebijakan pamarentah ngenani kuwajiban mulangake Basa Jawa ing SD, SMP, lan SMA kudu terus dijejegake (jalaran ing Jawa Timur kebijakan iki durung dicakake).

©   Kurikulum piwulangan Basa Jawa (kususe ing Jawa Timur) kudu enggal-enggal disampurnakake lan bener-bener kena kanggo ndhudhah nilai-nilai adi luhunge basa Jawa.

 DAFTAR PUSTAKA

 Ciptoprawiro, Abdullah. 1992. Filsafat Jawa. Jakarta: Balai Pustaka

Geertz Hildred. 1961. The Javanese Family. A Study of Kinship and Socialization. The Free Press of Glencoe.

Harian Joglo Semar.  Kabudayan Jawa Morak-marik Kudu Dibenerake Punjere. Sabtu, 17 September 2011.

Herusatoto, Budiono. 2008. Simbolisme Jawa. Yogyakarta: Penerbit Ombak.

Magnis-Suseno, Franz. 2008. Etika Jawa. Sebuah Analisa Falsafi tentang Kebijaksanaan Hidup Jawa. Jakarta: PT. Gramedia.

Murtiyoso, Bambang. 2006. Pemberdayaan Bahasa dan Sastra Jawa: Sebagai Media Pengkayaan Budaya. Kumpulan Makalah Komisi Pemberdayaan. Semarang: KBJ IV.

Pranowo. 2003. Ungkapan Bahasa Jawa sebagai Pendukung Pemebentukan Kebudayaan Nasional.” Linguistik Indonesia, 2:269-286.

Robson. 1978. “Pengkajian Sastra-sastra Tradisional” dalam Bahasa dan Sastra Tahun IV Nomor 6. Jakarta: P dan K.

Sartini, Ni Wayan. 2009. Menggali Nilai Kearifan Lokal Budaya Jawa Lewat Ungkapan. Jurnal Ilmiah Bahasa dan Sastra Universitas Sumatera Utara, Volume V Nomor 1 April 2009.

Soeharto. 1987. Butir-butir Budaya Jawa. Hanggayuh Kasampurnaning Hurip Berbudi Bawaleksana Ngudi Sejatining Becik. Jakarta: Yayasan Purna Bhakti Pertiwi.

Suharti. 1996. Penerapan Unggah-ungguh Berbahasa Jawa di Sekolah: Upaya Pembinaan Perilaku Bangsa Yang Tangguh. Kumpulan Makalah Komisi Pendidikan Formal. Semarang: KBJ IV.

Video yang berhubungan

Postingan terbaru

LIHAT SEMUA